Discover millions of ebooks, audiobooks, and so much more with a free trial

Only $11.99/month after trial. Cancel anytime.

Godhong Suruh Temu Rose (Javanesse Short Stories)
Godhong Suruh Temu Rose (Javanesse Short Stories)
Godhong Suruh Temu Rose (Javanesse Short Stories)
Ebook127 pages1 hour

Godhong Suruh Temu Rose (Javanesse Short Stories)

Rating: 4 out of 5 stars

4/5

()

Read preview

About this ebook

Kumpulan Cerkak Godhong Suruh Temu Rose iki saperangan akeh nate kapacak ing Harian Jogja tahun 2008. Iki kang ndadekake penerbit Garudhawaca duwe melik nerbitake. Sebab cerkak-cerkak kang kapacak ing kalawarti (koran) iku umume luwih menthes, cekak aos. Lan maneh, cerkak-cerkak iki luwih akeh ngrembug bab-bab kahanan padinan kang ora ngayawara, saengga luwih kepenak diwaca lan kena kanggo hiburan apa dene kanggo salah sawijining kaca nyawang urip lan kahanane para maos.

LanguageJavanese
PublisherGarudhawaca
Release dateJul 17, 2012
ISBN9781476224121
Godhong Suruh Temu Rose (Javanesse Short Stories)

Reviews for Godhong Suruh Temu Rose (Javanesse Short Stories)

Rating: 3.8 out of 5 stars
4/5

5 ratings0 reviews

What did you think?

Tap to rate

Review must be at least 10 words

    Book preview

    Godhong Suruh Temu Rose (Javanesse Short Stories) - Sugito HS

    Kumpulan Cerkak Godhong Suruh Temu Rose iki saperangan akeh nate kapacak ing Harian Jogja tahun 2008. Iki kang ndadekake penerbit Garudhawaca duwe melik nerbitake. Sebab cerkak-cerkak kang kapacak ing kalawarti (koran) iku umume luwih menthes, cekak aos. Lan maneh, cerkak-cerkak iki luwih akeh ngrembug bab-bab kahanan padinan kang ora ngayawara, saengga luwih kepenak diwaca lan kena kanggo hiburan apa dene kanggo salah sawijining kaca nyawang urip lan kahanane para maos.

    Kanggo nglengkapi cerkak-cerkake Sugito, penerbit uga nylesepake telung cerkak saka karyane M Ahmad Jalidu kang uga nate kapacak ing Harian Jogja.

    Muga-muga kumpulan cerkak iki bisa nambahi regenge kapustakan sastra jawa lan kabudayan jawa.

    November 2011.

    Garudhawaca

    Daftar Isi

    Pambuka

    Simbah Ora Sabar

    Getir

    Abang-Ireng

    Geger Karangkadhempel

    Tuku Sega Imbuh Tresna

    Padha

    Godhong Suruh Temu Rose

    Mung Rong Gelas Es Jus Tomat

    Memper Suporter Bal-balan

    Isin

    Pasa ing Paran

    Tukang Becak lan Koruptor

    Dewi

    Laron

    Dhayoh

    Mituhu

    Degan Ijo

    Ngarepake Matangpuluh Dina

    Bantal

    Profil Penulis

    Simbah Ora Sabar

    Wis jam sanga kliwat sepuluh menit. Bis sing taktumpaki mlebu terminal Ngawi. Jane keju, sumuk, lan kecut pengin ngrokok, nanging emeng yen kudu metu, senajan sopir lan saperangan penumpang padha mudhun golek hawa. Wiwit munggah saka terminal Giwangan udakara telung jam kepungkur, pikiranku klambrangan nganggit wangsulan sing kudu takaturake nalika mengko, tekan plataran omah, pinapag pandangone simbah kakung.

    Ewa semono, nganti bise nggereng aweh sasmita enggal mbacutake laku, banjur nggleser ngidul ngener terminal Maospati, papan ampiran telung puluh menit maneh, aku durung nemu ukara sing terang kanggo cecawis mangsuli pitakon ajeg sing mesthi gawe atiku ndhredheg.

    Satemene dudu pitakonan sing angel kok. Aku isih kelingan, yen ora kleru, telung taun kepungkur, tanggal 7 Januari taun 2005, wancine jam sewelas awan, pitakonan kuwi sepisanan nggorehake atiku. Simbah ngadeg ing ngarep lawang, kathokan cekak warna ireng, ngliga, ngakep udud, mesem, lan godheg sedhela, banjur semu rikat mapag aku ing plataran.

    Kapan kowe rabi?

    Mung kuwi pitakone nalika semana. Sepele ta? Nanging embuh, kenang apa aku kudu kemringet sadurunge mangsuli, glagepan nalika matur, lan adhem-panas sawise wangsulan?

    Takcathet lan tak-etung wis ping nem simbah ndangu ing wanci, ing papan, lan ukara sing padha: jam sewelas awan, ing plataran omah, Kapan kowe rabi?. Mung tanggal, wulan, lan taune sing beda.

    Ora aneh kok. Wiwit sangang taun kepungkur, sawise lulus SMP, aku nglembara golek dhuwit menyang Jogja. Tekan seprene aku kulina mulih tilik desa setaun pindho. Kulina budhal saka Jogja wanci esuk, tekan Magetan awan. Dadi, ora nggumunake yen mau takkandhakake menawa suwene telung taun iki simbah nate ketemu karo aku ping nem, wanci awan, ing ngarepan.

    Siji sing beda. Desember 2007 wingi, nalika mulih, aku ora mung didangu, nanging kepara malah diwejang entek-entekan.

    Mulya-mulyane wong urip neng alam donya kuwi, nek wis ndungkap mangsane banjur urip jejodhon, tresna-tinresnan. Ing kono wong lanang bakal diarani lanang tenan, dene sing wadon dadi satemene wadon. Bebarengan negesi sejatining bebrayan.

    Ana bungah kinenyam bareng, ana susah sinangga bareng. Lara siji lara kabeh. Mukti siji mukti kabeh. Nek kowe duwe kurang, bojomu sing njangkepi. Nek kowe nyimpang dalan, bojomu sing ngluruske. Nek kowe tumindak luput, bojomu sing mbenerke. Semono uga kosok-balene.

    Nyambut gawe saasil-asile, sedina mung sewu rupiah upamane, dipantha-pantha supaya bisa cukup kanggo nutupi butuhe wong saomah. Hla. Neng kono kuwi hlo, Ngger, ampuhe wong omah-omah.

    Beda karo nek isih ijen, isih legan. Senajan duwe asil sedina satus-ewu, anane mung entek tapis tanpa tilas, kepara malah kurang. Sing kokpikir mung butuhmu, waregmu, lan senengmu dhewe. Mula, ya ora ana tumanjane. Ning, nek wis ngopeni bojo kuwi seje.

    Bojomu besuk kuwi bakale sapa? Rak anake wong, ta? Rak ya wedok, ta? Karepmu oleh sing ayu, ta?

    Lire, mangun bebrayan tumrape wong lanang kuwi ngopeni anake wong. Mangka kuwi bocah wedok. Butuh pupur, butuh benges, butuh apa-apa, supaya katon ayu. Ora njuwarehi, tansah ndhemenake, njur tangga-teparo dha melik. Rak ngono?

    Kuwi katone gampang, ning angel hlo. Sing takjaluk kuwi, upamane kowe gage oleh sisihan, senajan asilmu sithik, rak njur ndang pecah nalarmu. Kuwi mesthi. Hla piye? Wong njur dipeksa dening kahanan kok. Embuh piye carane, kowe rak njur mbudidaya amrih pawonmu kumebul. Nek wis ngono kuwi, tegese kowe wis diwasa sing satemene, Ngger, ngono ngendikane simbah nalika kuwi.

    Jam sepuluh kurang telulas menit. Wis tekan terminal Maospati. Aku mudhun saka bis lan gage munggah ing bis cilik jurusan Magetan.

    Munggah saka lawang ngarep, tak-ulati wis ora ana papan lungguh. Wis kebak penumpang. Malah isih ana wong papat sing nasibe padha aku, ngadeg ing antarane kursi sisih kiwa lan tengen. Oh, kleru. Wong telu dhing. Sing siji jebul kondhekture.

    Benera durung karep rabi, ning apa ya calon sasijia durung ana? Ngendikane simbah nalika semana, dumeling maneh, kepara saya cetha. Senajan wong lanang kuwi wenang milih, ning aja njur trima marem pilah-pilih. Luput bejane, mundhak kleru pilih. Wong wedok kuwi kaya kelir. Tansah katon resik, putih, cetha jaba-jerone. Ning, kelir kuwi neng ngendi-endi ana. Neng Jogja kowe weruh kelir, rumangsamu kuwi sing paling apik. Neng Magetan weruh kelir liyane, rumangsamu kuwi sing luwih apik. Neng beda papan ngreti kelir anyar, panemumu geseh maneh. Simbah mbateg wae anggone ngumbah, nguceg-uceg nalarku.

    Karcis, Mas! Ajeng mudhun pundi? Dumadakan swarane kondhektur bis sing dhuwur lencir, ning ireng iki, medhot lamat-lamat wejangane simbah sing ngebaki kupingku.

    Mandhap terminal Magetan, Mas. Pinten?

    Patang-ewu, wangsulane kondektur bis karo ngulungake ewon siji sawise nampa limang-ewonku.

    Ana sing mudhun. Wong lima bareng, ing prapatan Sukomoro. Lega. Tanpa sranta, aku mapanake awak ing kursi sakiwane sopir sing mentas wae dilungguhi salah siji

    Enjoying the preview?
    Page 1 of 1