You are on page 1of 7

Antara FUCK, JANCUK, JANCOK dan DOLLY

Antara FUCK, JANCUK, JANCOK dan DOLLY

(kesalapahaman yang terdoktrin)

Sadurunge moco bukaen motomu ojo mek nggawe perasaan!

Dadi Ayo saiki monggo belajar ilmiah, ojo mek iso ndoktrin lek jancuk iku elek thok!

Opo iku jancuk?

Pasti akeh seng jawab iki :

Jancuk iku kotor

Jancuk iku misuh

Jancuk iku gak nggenah, elek, kemproh, najis, taek, telek, sakkarepmu.

Terus opo iku FUCK?

Pasti jawabane yo gak adoh teko seng nang ndukur!

Saiki sopo seng ngerti asal-muasale jancuk karo fuck muncul?

95% pasti gak weruh, mek dikandani wong tuwek lek yo wes elek ngunu ae

5% weruh sawise googling, apene takok wong tuwek malah dituturi

mboh sopo seng mulai ngomong jancuk, sampe saiki durung ono seng iso njelasno. Ono seng ngomong iku basa arab, basa belanda, basa cino, tapi seng paling cidek iku jancuk dipadakno artine karo ngencuk (bersetubuh) TAPITAPI ojo komentar sek! kata jancuk iki tambah taon tambah mrene kenek perluasan makna kata. Kata jancuk saiki iso mlebu nang macem-macem ekspresi. Lek jare sudjiwotedjo spektrum jancuk iku luas, ojo diartino mek kata kotor.

Contoh :

- Jancuk, dompetku ilang cuk!

- Jancuk, aku ketrimo nang snmptn rek!

- Hei jancuk, yoopo kabarmu cuk?

- Jancuk, pacarku selingkuh!

- Jancuk jancuk jancuk.

pas seneng ngomong jancuk, pas susah ngomong jancuk, pas lapo ae yo jancuk!

Seng bener iku JANCOK opo JANCUK seh?

Ono seng ngeyel JANCOK ae luwih lego timbang JANCUK, tapi iku mek perasaan ae laan gak ilmiah. Lek ndelok teko kata dasare seng dipadakno karo kata ngencuk, dadi seng bener yo JANCUK, TAPI berhubung logate wong jowo opo maneh logat wong suroboyo iku nyebut huruf U iso dadi O, yo ojo salahno lek berubah dadi JANCOK, iku mek kenek pelafalan dan logat ae kok, pengen nulis JANCUK monggo, nulis JANCOK yo monggo gak usah eker-ekeran

Trus saiki opo bedane karo FUCK?

saiki aku takon opo artine FUCK? ngencuk? padahal asline fuck iku gak ono hubungane karo artine ngencuk. fuck iku biyen teko singkatan Fornication Under Consent of The King (Hubungan intim telah mendapatkan ijin dari raja).

bingung kok singkatane ngunu?

ngene critane, pas jaman biyen nang inggris iku kabeh aturan diatur raja, sampe nang urusan nggawe anak/ngencuk! nah gawe seng pengen ngencuk opo nggawe anak iku kudu ijin nang raja, seng oleh ijin bakal oleh tanda tulisan FUCK seng dideleh nang ngarepe lawang omahe wong seng apene ngencuk iku!

saiki

kedadeane FUCK karo jancuk iki podo ae asline, FUCK akhire ngalami perluasan kata seng asale singkatan teko raja inggris, akhire artine iso dadi ngencuk, tapi pas jaman saiki kata fuck iki ngalami perluasan kata maneh, lek gawe wong inggris iku kata seng meloki expresi pisan podo koyo jancuk.

tapi lek ngomong jancuk karo fuck iku duso lho!

sopo seng ngomong duso?

pasti dudu teko awakmu dewe toh?

pasti dudu teko pikiranmu dewe toh?

LEK JAREKU lho yo, jancuk iku gak duso!

Engko awakmu iso mlebu neroko lho lek misuh jancuk ae saben dino!

Iki pisan, seng ngomong koyo ngene berarti ngalah-ngalahi seng kuoso ae, surgo neroko dudu menungso seng nentukno, gak mesti yoan wong seng gak misuh iku pasti mlebu surgo.

saiki opo seng nggarai jancuk iku dadi duso?

opo gara-gara seng dipadano karo ngencuk?

LEK JAREKU jancuk gk ono hubungane karo agama, tapi jancuk iku mek masalah ETIKA karo mindset pikiranmu!

Saiki aku tau weruh ono celukan gawe dulur wedok nang daerah njobo suroboyo iku nggawe celukan CUK, trus opo yo iso langsung dianggep duso? Ojo berpikiran sempit tah rek! Mek gara-gara di doktrin wong tuwek-tuwek lek jancuk iku rusuhan, lek jancuk iku kotor langsung manut ae gak digoleki kenek opo kok iso koyo ngunu

Catetan penting!

Seng jelas awakmu kudu ngerti panggon pas ngomong jancuk, ono sopo nang kono, koncomu opo wong tuwomu. soale gak kabeh wong iso nrimo lek ono wong seng lambene misah-misuh ae. opo maneh lek dudu arek suroboyo.

awakmu ngomong jancuk karo sopo? pas ono sopo? lek nang wong seng luweh tuwek seng gak ngerteni paling-paling mek ditapuk lambemu, nah lek misuhi wong seng ngerti paling yo dibales pisuhan yoan! tapi cobaen nang arek seng sapantaran awakmu, opo maneh koncomu dewe, paling yo dijarno ae, paling malah pisuh-pisuhan. malah ngguyu-ngguyu bareng. Saiki cobaen pisan pisuhono wong teko luar pulau opo luar negri paling yo dee tolah-toleh gak weruh artine.

aku njelasno arti jancuk kabeh koyo ngene dudu nggarai awakmu kudu misuh-misuh saben dino, saben jam, aku mek pengen ngutarakno pendapat

pas posoan = stop misuh?

sepurane aku dudu wong seng MUNAFIK pisan, gara-gara poso terus aku mandeg misuh, trus pas wes mari posoan misuh maneh! iku berarti aku munafik!

njogo omongan iku pancen kudu dilakokno kapan ae gak mek posoan, tapi gak usah dadi wong seng munafik.

Seng diarani wong munafik iku termasuk seng rai pabrikan pasar turi tapi pas misuh ngomong Fuck dudu jancuk! Ce luwih keren opo sangar ngunu tah? -_-

Tambahan ae iki!

Aku sampe saiki kudu ngguyu ae lek ono seng risih nulis opo nyebut DOLLY. Ono seng nulis DOLLY ae kudu ono tanda bintang koyo ngene, d*lly ; do**y. Lek fuck dadi f*ck sek iso dingerteni, lha seng dolly iku lalapo seh risih ngunu? Padahal dolly iku ngunu asal-muasale teko jeneng pendirine, yoiku Tante DOLLY van der mart. Trus opo iyo lek nyebut dolly iku duso? Tabu? Hash gak usah pikiran sempit rek!

Mugo-mugo opo seng tatulis iki iso diwoco karo kabeh wong. Aku nulis dowo-dowo koyo ngene asline yo mek pengen ngelurusno ae ce gak salah paham, ce gak eker-ekeran, iki ngunu jareku, gak peduli cangkeme wong liyo. soale aku sadar pas nulis iki pasti ono ae wong seng PRO karo KONTRA tapi iku pancen pendapat wong beda-beda, tapi lek gak trimo yo iku urusanmu karo keluargamu! :)

asline lho rek sumber informasi seng tatulis iki ngunu ono kuuabeh nang internet, mek koen ae seng gak gelem nggoleki karo lebih sreg twitteran ae timbang golek ilmu nang internet. #kalem

sepurane lek basaku campur-campur, soale aku mek pengen tulisanku gampang di ngerteni

nedho nrimo dulur :)

You might also like