You are on page 1of 3

Anoman Duta

Anoman malumpat sampun


Praptng witing nagasari
Mulat mangandhap ketingal
Wanodyayu kuru aking
Gelung lukar wor lan kisma
ingkang iga-iga kksi
Lakon Anoman duta, methik saka Serat Rama
(Ramayana). Tembang kinanthi sapada iki nggambarak
adegan ing taman sari, kaputr negara Ngalengkadiraja.
Kanthi tliti Anoman maspadakak kahanan taman
sari. Durung ana pawongan sing ngawuningani. lya
amarga kajuligan Ian kasektn si wanara sta, kethk
putih, Anoman Anjani putra.

"Cetha iki kusumaningayu Dwi Sinta. Lha sing ana


kana ka, pawongan Ngalengka. Punggawa sing kajibah
njaga Ian leladi marang Dwi Sinta" panggraitan
Wanarasta. Nuli maju nyedhaki karo atur sembah
sungkem.
Ing sakawit Dwi Sinta kaget Ian rada kuwatir. Awit
Prabu Dasamuka iku pinter mmba-mmba, salin rupa
kaya sing dikarepak. Nanging Anoman matur blaka suta
apa anan tur kanthi trapsila ian runtut. Mula Dwi Sinta
pracaya, ora ragu-ragu manh.
Anjani putra ngaturak sedyaning duta. Nuli
nyaosak singsim kagungan Prabu Ramawijaya.
Sawis dititi priksa Ian bener anan, nuli diagem. Dwi
Sinta uga banjur nglorot singsim. Supaya diaturak
marang Prabu Ramawijaya. Kanthi mangkono Prabu
Ramabargawa bakal priksa lan pracaya, yn Anoman wis
kasil dadi dutaning nata.
Anoman uga matur manawa ora suw manh Prabu
Rama bakal rawuh mapak dhw Dwi Sinta. Awit Sang
Prabu Ramabargawa wus masangrah ana ing Gunung
Malyawan. Sarana bebarengan karo bala wanara,
Ngalingka bakal digebug perang.
Nalika wektu kuwi Anoman konangan Dwi
Sarpakenaka, rain Prabu Dasamuka. Sing pancn
kajibah njaga Dwi Sinta. Anoman arep dicekel lan
dirangket. Nanging Sarpakenaka ora bisa nyekel
Anoman. Taman sari dadi rusak bosah-bash.

Wasana Anoman ngalah. Saperlu kepengin meruhi


kahanan sajeron Ngalengka. Ethok-thok melas
Anoman kandha.
"Dwi satriya Ngalengka, rasan aku isin. Dadi
dutaning nata tan kasil. Mula aku patnana ba. Awit,
lamun dipidana ing pakunjaran, aku bakal mbedal. Yn ta
ketaman sakling wisa utawa sanjata ora bakal tumama.
Aku bakal mati sirna manawa wulu putihku iki ilang tan
ana sing kari. Mula aku obongen ba. Nanging
sadurung, aku araken menyang saantero negara,
karebn warga ngalengka padha meruhi prjngan
munyuk putih. Lan pariwarakna saindenging Ngalengka,
kapan kethk putih iki kabasmi ing satengah-tengah ing
alun-alun. Lumayan kena kanggo tontonan warga
sanegara"
Dwi Sarpakenaka, rayin Prabu Rahwanaraja,
prajurit wanita pinunjul ing Ngalengka, kapilut ing apus
krama dening Anjaniputra.

Sumber: Pinter Basa 3

You might also like