You are on page 1of 2

PENTINGIPUN SOPAN SANTUN ING GRIYA LAN ING SEKOLAH

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Poro rawuh ingkang kulo hormati,


Langkung rumiyen monggo sedaya kula lan panjenengan atur syukur dumateng
ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sahingga ing
wekdal punika kita saget kempal ing panggenan punika kanthi sehat walafiat. Mugi-
mugi kekempalan kita ing dinten punika wonten gina lan manfaatipun.

Shalawat lan salam mugiya tetep kaaturaken dumateng nabi kita Muhammad
SAW, ingkang sampun maringi pitedah lan bimbingan dumateng kita sedaya.

Poro rawuh ingkang kula hormati.


Umumipun ing jaman globalisasi punika katah pengarung lingkungan ingkang kiat
sanget tumraping pendidikan, tuwin perkembangan teknologi canggih ing jaman sak
punika, kados-kados sopan santun kanggenipun lare-lare meh badhe ical.

Ing ngriki kula badhe nyariosaken bab pentingipun sopan santun ing griya lan ing
sekolah. Sopan santun punika perlu sanget kangge kita sedaya. Wonten ing kalangan
keluarga, sekolah lan masyarakat. Sopan santun punika salah setunggalipun bagian
saking ajaran kita umat islam khususipun lan tiyang jawi umumipun.

Pramila sopan santun ing kalangan keluarga penting sanget. Amargi wonten ing
saklebetipun keluarga punika wonten bapak, ibu lan putra-putranipun ingkang kedah
ngertos unggah-ungguh, tepa selira, tata krama lan jagi kesopanan.

Umpamanipun putra-putra lan ibu kedah jagi kesopanan dumateng bapak,


semanten ugi bapak inggih kedah jagi kesopanan dumateng ibu lan putra-putranipun
kolowau lan sageto dados contonipun anggota kluarga sedoyo. Dene ingkang putra
kedah saged jagi kesopanan dumateng anggota keluarga ingkang langkung sepuh lan
mbangun miturut dumateng dhawuhipun bapak lan ibu. Langkung-langkung ing
babakan wicantenan tingkah laku lan tumindak sedayanipun kedah dipun jagi.

Para rawuh ingkang kula hormati,


Sak lajengipun bab sopan santun ing sekolah. Ing sak lebetipun sekolah punika
wonten masyarakatipun ingkang dipunwastani warga sekolah. Antawis setunggal lan
setunggalipun kedah jagi kesopanan. Umpaminipun murid datheng gurunipun utawi
murid ingkang enem datheng murid ingkang langkung sepuh lan ugi datheng warga
sekolah sanesipun. Semanten ugi guru dumateng murid utawi murid ingkang sepuh
dumateng murid ingkang langkung enem lan warga sekolah sanesipun. Ingkang kedah
dipun jagi inggih punika wicantenan, tingkah laku, unggah-ungguh, tata krama utawi
sopan santun.

Sedaya punika menawi dipunlaksanaaken kanthi manah ingkang ikhlas saget


andadosaken guyub rukunipun warga sekolah.

Adedasar sopan santun utawi tata krama lan unggah ungguh ingkang sampun
kalaksanaaken wonten ing keluarga lan sekolah punika kala wau bade kabekta datheng
lingkungan masyarakat. Amargi masyarakat punika kadadosan saking warni-warni
budaya lan adat istiadat.

Kangge jagi pasederekan punika kita kedah jagi lan ngleksanaaken sopan santun
utawi tata krama lan unggah-ungguh, sak sampunipun mlebet lan kempal wonten ing
masyarakat. Menawi sopan satun punika kajagi, pasederekan kita saget langgeng lan
saget mujudagen pasederekan, ingkang saged dadosaken patuladan ing masyarakat.

Wasana cekap semanten anggen kula matur, mugi-mugi wonten gina lan
manfaatipun lan sageto dipun laksanaaken ing pundi kemawon, bilih wonten
kaladukipun atur kula bonten langkung, kula nyuwun agunge samudra pangaksami.
Nuwun….

Wasalamu’alaikum Wr. Wb

You might also like