You are on page 1of 1

BASUKARNA

Titahing dewa kang pantes dadi tuladha


Nadyan amung anak kusir
Nanging jiwane satriya
Sejatine putraning Dewa kang nguwasani padhanging Jagad raya
Awit saka kuwasane Brahmana mijil saka Karna
Sawijining manungsa kang lahir tanpa dikarepake
Tanpa rasa tresna..
Kaanggep memala tumraping negara
Dhuh Dewa dewa..
Kali Suci dadi seksi
Anggone nyambung nyawa bisane slamet tumekeng dewasa
Dadya pithataning jalma kang ngandhemi bumi pertiwi
Ora lali marang Ratu Gusti Kang wus nate hangayomi
Marang martabate kawisudha dadi adipati
Nalika netepi dharmaning senopati
Perang tandhing lan kadang pribadi
Gugur madyaning Perang agung Barathayuda
Sampurna dening panengah pandhawa
Tuladhaning Satriyatama
Asmane kaserat ing layang Tripama

You might also like