You are on page 1of 8

ANALISIS CERKAK NALIKA SIMBOK METRI AKU

dening
Dhea Febrina Vianty (MIA 3/10)
Krismonalia Rizki

(MIA 3/18)

A. Irah-irahane Cerkak
Cerkak kang dianalisis kanthi irah-irahan Nalika Simbok Metri Aku
kajupuk sakan majalah Panjebar Semangat edisi 26 29 Juni 2013
B. Tema
Underan cerkak Nalika Simbok Metri Aku yaiku rasa tresna wong tuwa
marang anake.
C. Alur
Cerkak kanthi irah-irahan Nalika Simbok Metri Aku migunakake alur
campuran, yaiku alur maju lan alur mundur.
a. Alur maju
Giman oleh layang saka wong tuwane
Giman dikon mulih menyang desa
Giman bingung kenangapa dikon mulih karo wong tuwane
Giman diajak dening Om Dedi menyang Jakarta
Giman kerja ing pabrik tekstil
Giman urip ing Jakarta
Giman dikirim kerja menyang Jepang suwene 6 wulan
Dina Akad ngarep Giman karo kancane duwe rencana dolan menyang
puncak
Om Dedi njurungi Giman supaya mulih menyang desa lan mbatalake
rencana dolan karo kancane
Giman mulih menyang desa
Giman lagi jagongan karo bapak-simbok ing ruwang tengah
Bapak-simbok menehi pitutur marang Giman
Giman rumangsa salah lan dosa karo apa sing diomongake simbok

Simbok metri Giman dina Akad Legi ngesuk


Tanggane padha teka menyang syukurane Giman
Mbah Sastra mimpin donga syukurane Giman
Jeneng Giman owah dadi Joni
Giman tansah eling marang jeneng asline
Jeneng Giman menawa ing kutha dadi G. Joni
Giman saya mangerteni adat Jawa
Giman urip ing desa karo wong tuwane
Giman manut krenahe simbok supaya digolekne prawan saka desane
b. Alur Mundur
Giman eling uripe nalika ing padesan
Giman dikon angon kebo bubar sekolah
Giman leyeh-leyeh ana gubuk karo tetembangan
Giman adus ana belik
Giman mulih sekolah mlaku sikil saben dina
Giman ora mulih nalika Pakdhene ninggal donya lan adhine sunat
Saben Neptune Giman, simbok nggawe jenang abang utawa kuluban lan
jajan pasar sing arep diter-terne tangga teparo
c. Urutan Kronologis
Giman oleh layang saka wong tuwane
Giman bingungkenangapa dheweke dikon bali
Giman ngrumangsani wis gawe gela bapak-simbok
Giman eling uripe nalika ing padesan
Giman dikon angon kebo saben mulih sekolah
Giman leyeh-leyeh ana gubuk karo tetembangan
Giman aduse ana belik
Giman diajak menyang Jakarta karo Om Dedi
Giman kerja ing pabrik tekstil
Giman dikirim menyang Jepang suwene 6 wulan
Giman ora mulih nalika pakdhene ninggal donya lan adhine sunat
Om Dedi njurung Giman supaya mulih menyang desa
Giman mulih menyang desa
Giman jagongan ing ruwang tengah karo bapak-simbok
Bapak-simbok menehi pitutur marang Giman

Giman rumangsa salah lan dosa karo apa sing diomongke bapaksimbok
Simbok metri Giman dina Akad Legi
Saben Neptune Giman simbok nggawe jenang abang utawa kuluban
lan jajan pasar sing arep diter-terna tangga teparo
Tanggane padha teka menyang syukurane Giman
Mbah Sastra mimpin donga syukurane Giman
Jeneng Giman owah dadi Joni
Giman tansah eling jeneng asline
Jeneng Giman menawa ing kutha dadi G. Joni
Giman saya mangerteni adat Jawa
Saiki Giman urip ing desa karo bapak-simbok
Giman manut krenahe simbok supaya digolekne prawan saka desa
D. Paraga lan Wewatakane
a. Giman
Lanang
Giman anakku lanang, kowe mulih iki apa wis mbok niyati kanthi
ikhlas, wong menyang . (paragraf 13 baris 1 2)
Nom-noman
Nampa layange bapak malah kaya ngelikake nalika aku isih ana
padesan, urip kayadene nom-noman desa. (paragraf 4 baris 1 3)
Boros
Kejaba sibuk pegaweyan kantor, wektuku longgar akeh dakgunakake
foya-foya karo kanca-kanca sing nganut pergaulan bebas, malah
njurus menyang free-seks barang. (paragraf 3 baris 4 8)
Ponakane Om Dedi
Senajan bapak lan simbok owel, nanging merga saka pangrenike Om
Dedi kang wis ora gelem diundang paklik, aku diajak menyang
Jakarta,.. (paragraf 8 baris 3 6)
Pegawai ing pabrik tekstil
, aku diajak menyang Jakarta, dilebokake ana pabrik tekstil duweke
wong Jepang. (paragraf 8 baris 6 7)
Pinter

.tur dideleng raporku bijine unggul bab pembukuan.. (paragraf 8


baris 9)
Ulet
Senajan kawitane jah-juh, oleh pirang sasi kabeh bab tugasku bisa
dak kuwasani, dak tindakake kanthi becik. (paragraf 8 baris 12 14)
Tanggap ing sasmita
, simbok malah sing miwiti ngomong, cekak nanging mandhes, bisa
gawe pangrasaku ora karuwan. (paragraf 12 baris 8 10)
Jejaka
Aku menawa wis karep omah-omah uga arep golek bocah wedok sing
ora nemen-nemen nggone nganut aliran modern. (paragraf 24 baris 1
4)
b. Simbok
Wong tuwa
Rumangsa salah wis nglalekna wong tuwa, apamaneh marang simbok
kang nggulawentah (paragraf 14 baris 2 4)
Peduli
Giman anakku lanang, kowe mulih iki apa wis mbok niyati kanthi
ikhlas, wong menyang . (paragraf 13 baris 1 2)
Kuwatir
Aku ngrumangsani wis gawe gelane bapak karo simbok. (paragraf 3
baris 1 2)
Loma
Kanthi ora langsung, cara mangkono kuwi, simbokku wis nindakake
sodakoh, dumdum rejeki sak-anane . (paragraf 16 baris 8 10)
Sabar
, apamaneh marang simbok kang nggulawentah ngopeni aku wiwit
bayi tumekane aku urip penak kaya iki, . (paragraf 14 baris 4 6)
Tresna marang Giman
, merga simbok mesthi ngerti endi ding sekirane cocog kanggo
anake lanang kang ditresnani iki, yaiku Giman aliyas Joni. (paragraph
25 baris 5 7)

c. Bapak
Wong tuwa
. nanging wusanane bapak karo simbok netepi jejere wong tuwa
kang nresnani anak lanange, . (paragraf 21 baris 10 12)
Kuwatir
Aku ngrumangsani wis gawe gelane bapak karo simbok. (paragraf 3
baris 1 2)
Tegas
. Wis lali ya merga saking repotmu ana kutha gedhe, cekel gawe
maton? (paragraf 15 baris 5 7)
Tresna marang Giman
. nanging wusanane bapak karo simbok netepi jejere wong tuwa
kang nresnani anak lanange, . (paragraf 21 baris 10 12)
d. Om Dedi
Becik/apikan
Senajan bapak lan simbok owel, nanging merga saka pangrenike om
Dedi kang wis ora gelem diundang paklik, aku diajak menyang
Jakarta, dilebokake ana pabrik tekstil duweke wong Jepang. (paragraf
8 baris 3 7)
Tegas
Nanging Om Dedi malah njurungi supaya aku mulih, senajan aku ora
bisa seneng-seneng karo kanca-kanca .. (paragraf 12 baris 1 3)
e. Mbah Sastra
Tetuwa desa
Mbah Sastra tetuwane desa sadurunge ngujupake kober ngawe aku
dikon lungguh jejer. (paragraf 18 baris 1 3)
Ramah lan apik
Bubar maca donga, Mbah Sastra ngepuk-epuk pundhakku karo
ngomong kaya mangkono mau, ndadekake pikiranku nglambrang ora
karuwan rasane. (paragraf 21 baris 4 7)
E. Latar
a. Panggonan

Omah Giman ing desa


o Wektu iki aku lagi jagongan karo bapak-simbok ana ruwang
tengah. (paragraf 12 baris 5 6)
o Bengine omahku regeng, tangga-tangga padha nglumpuk mgepung
tumpeng rong tampah gedhe-gedhe. (paragraf 17 baris 6 8)
Cedhak sawah
Karo ngematake isise angin sawah, swaraku dak embat-embat.
(paragraf 4 baris 8 9)
b. Wektu
Esuk
Karo ngematake isise angin sawah, swaraku dak embat-embat.
(paragraf 4 baris 8 9)
Bengi
Bengine omahku regeng, tangga-tangga padha nglumpuk mgepung
tumpeng rong tampah gedhe-gedhe. (paragraf 17 baris 6 8)
F. Sudut Pandang
Cerkak Nalika Simbok Metri Aku nganggo sudut pandang wong kapisan,
amarga Giman nyeritakake dhewe dalan uripe lan dadi paraga utama ing cerita
kasebut lan cerita kasebut nganggo paraga Aku
G. Amanat
a. Kita kudu tansah eling lan bekti marang wong tuwa sanajan wis sukses lan
adoh saka wong tuwane. Wong tuwa wis ngopeni lan menehi rasa tresnane
kanggo anake saka cilik. Ing cerkak mau, Giman tansah nglalekake lan ora
wigati karo bapak simbok ing desa
Krungu ucape simbok mangkono mau rumangsa ketunjengan pangrasaku.
Rumangsa salah wis nglalekna wong tuwa. (paragraf 14 baris 1 3)
b. Aja nglalekake desa sanajan wis urip ing kutha gedhe. Sanajan wis urip ing
kutha gedhe kudu tetep eling desa, ing cerkak mau Giman nglalekake
desane dhewe kan wis menehi akeh kenangan.

Aku ngrumangsani wis gawe gelane bapak karo simbok. Bareng aku wis
cekal gawe duwe bayar gedhe, urip ana Jakarta, malah lali omah.
(paragraf 3 baris 1 4)
c. Tansah bisa njaga dhiri. Sanajan wis urip ing kutha gedhe, aja kagawa
dening aliran moderen ing kutha kang menehi dampak negatif.
Prinsipe wong kutha gedhe, nganut aliran moderen, wis diwasa ya ben
kono milih dalane dhewe. (paragraf 10 baris 4 6)
d. Tansah eling lan ora nglakekake adate dhewe. Kudu njaga lan
nglestarekake adat budaya Jawa kang turun temurun.
Kanthi mulihku dipetri dening simbok, saya mangerteni menawa kadidene
wong Jawa kang duwe adat tatacara Jawa dhewe, ora kudu lali marang
Jawane. (paragraf 23 baris 1 4)
e. Aja gumedhe lan boros karo apa sing wis diduweni. Urip boros lan
gumedhe iku ndadekake karugen marang dhewe lan wong liya. Ing cerkak
mau, Giman migunakake wektu sing longgar kanggo foya-foya karo kancakancane.
Kejaba sibuk pegaweyan kantor, wektuku longgar akeh dak gunakake foyafoya karo kanca-kanca sing nganut pergaulan bebas, malah njurus
menyang free-seks barang. (paragraf 3 baris 4 8)
H. Sinopsis
Kula pikantuk serat cekak aos saking Bapak kang ndhawuhhi kula
supados dinten Akad Legi wangsul dhateng desa. Nanging kula benget sanget
kenging menapa didhawuhi wangsul. Kula ngrumaos sampun damel
kuciwaning wong tuwa. Bareng sampun gesang ing Jakarta malah kesupen
griya, sibuk kaliyan pedamelan, lan foya-foya kalian kanca-kanca. Nampi
seratipu Bapak malah kados ngemutaken nalika kula ing padesan. Saben
dinten angon maesa ing sabin, leyeh-leyeh ing gubug sinambi tetembangan,
adusipun ing belik.

Paklik kula, Om Dedi ngajak tindak dhateng Jakarta. Lajeng kula


katampi nyambut damel ing pabrik tekstil kagunganipun tiyang Jepang. Boten
dangu nyambut damel ing pabrik tekstil, kula dipunkintunaken dhateng
Jepang 6 sasi. Amargi sabuk nyambut damel, kula sajak benget griya,
setengah benget marang wog tuwa. Pakdhe seda, adhi kula misan sunat, kula
boten wangsul.
Mila nalika kula nampi serat saking Bapak, malah ndadosaken kula
benget. Kamangka dinten Akad Legi wonten janji kaliyan kanca-kanca badhe
ameng-ameng dhateng Puncak. Ananging Om Dedi njurung supados kula
wangsul. Sapunika kula lan Bapak-simbok saweg lenggahan in ruwang
tengah. Simbok maringi pitutur cekak nanging mandhes. Kula lajeng rumaos
lepas sampun ngelimenganaken wong tuwa.
Salah satunggaling ancasipun Simbok ndhawuhi kula wangsul inggih
punika metri kula lan badhe ngawontenaken syukuran neptu kula. Dinten
Akad Legi dalu, tangga teparo sami rawuh ing griya. Simbok sampun
nyaosaken jenang abang, tumpeng ingkung pitik. Mbah sastra minangka
sesepuh desa dipunsuwun mimpin donga. Nama kula ewah dados Joni aliyas
Giman. Sanajan Bapak-simbok sajak gela amargi kula nggantos nama tanpa
taren piyambakipun, kanthi wangsulipun kula dipunpetri dening Simbok, kula
dados langkung mangertosi adat Jawi. Mila kula kedah wangsul marang jati
dhiri kula, sanajan sampun gesang ing kitha.
Kula ugi badhe madosi nem-neman putri. Ndherek kaliyan
penggalihipun simbok, menawi badhe madosi prawan ing desa kemawon.
Polah nem-neman putri ing kitha kaliyan ing desa benten sanget, menawi ing
kitha wis nganut aliran moderen kaliyan boten lugu-lugu kados ing desa. Mila
kula badhe ndherek kaliyan penggalihipun simbok kemawon. Simbok badhe
madosi nem-neman putri, ugi mesthi ngertos pundi ingkang jumbuh kangge
kula.

You might also like