You are on page 1of 2

Nama: Ni Nyoman A.

Kelas/No. Absen: X3/31


ANTAREJA

Antareja iku putra pembarep Raden Werkudara Bima patutan seka Dewi Nagagini, putrin
Sang Hyang Anantaboga, dwaning taksaka (ula) kang mapan ing Kahyangan Saptapratala.
Umum crita-crita pedhalangan ngandhakak yn putran Raden Werkudara kuwi ana telu,
yakuwi Antareja, Gathutkaca, lan Antasna. Raden Antareja kasatriyan (papan dunung)
ana ing Jangkarbumi. Garwan asma Dewi Ganggi, atmajan Prabu Gangga Pranawa, ratu
taksaka ing Tawingnarmada. Miturut padhalangan gagrag Surakarta, putrane Antareja iku
aran Danurwendha, nanging yen miturut padhalangan Yogyakarta aran Raden
Puspadentha. Ing pagelaran wayang kulit, kerep muncul bebarengan karo Raden Irawan
(putra Arjuna).

Kasektn
Raden Antareja kondhang digdaya, bisa ambles bhumi, ngambah njero lemah mula yn
perang menangan. Maun ana ngarep mungsuh, merga ambles bumi bisa mak bedunuk
metu ing samburin mungsuh, terus ngantem utawa nyembur saka mburi. Kasektn liyan,
ing rananggana kalis ing pati. Matiya sedina ping pitu, yn isih kambon lemah, bali urip
manh. Gandheng eyang iku dwaning ula, mula Antareja uga ndarbni upas cacah telu,
yakui upas Anta, upas Warayang lan upas Pengantn. Kasiyat upas bisa kanggo nambani
wong lara, kanggo matni mungsuh lan nguripak wong mati sing durung tekan mangsan.
Kasekten liyan, Antareja ora tedhas ing salir gegaman merga ing sajroning kulit
sajabaning daging nganggo sangsangan Nagakawaca, saka tilas plungsungan Sang
Hyang Antaboga. Mula yn Antareja nuju nesu, sariran katon ana sisik emas. Ing wayang
gagrag Jawa Timuran, yn nesu malah rain malih dadi ula, lan awak metu sisik.

Kaya Gathutkaca, nalika isih bayi, Antareja uga wis tau dadi jagon para dwa, mungsuh
ratu ula Prabu Nagabagindha lan patih aran Rupatala saka negara jangkarbumi. Iku garagara ratu ula kuwi kepingin mengku widadari Bathari Superti sing wis kagarwa Hyang
Antaboga lan peputra loro Dewi Nagagini lan Bambang Nagatatmala. Kekarepan Prabu
Nagabagindha mua mesthi wa ditolak marang para dwa, sangga nuwuhak peperangan
ing Repatkepanasan. Para dewa padha kasoran, banjur mintasraya marang Sang Hyang
Antaboga. Prabu Nagabagindha nuli campuh bandadyuda lumawan Hyang Antaboga.

Nama: Ni Nyoman A.
Kelas/No. Absen: X3/31
Anggon perang nganthi suw banget, ora ana sing kalah-ora ana sing menang. Saka
pamrayogan Bathara Naradha, dwa ngajokak jago anyar, yakui bayi putran Dewi
Nagagini sing nemb dilairak. Sadurung diajokak ana paprangan, bayi dilumuri idun
Hyang Anantaboga supaya ora tedhas gegaman. Tekan paprangan, bayi Antareja kuwi
banjur dicandhak, dibanting, diidak-idak lan dicokot dning ratu ula mau, nanging tetep
teguh timbul, dalasan tambah gedh-tambah gedh. Nagabagindha lan patih Rupatala
akhir malah tiwas ing tangan satriya putran Werkudara iku. Sukman Prabu
Nagabagindha lan Rupatala manjalma ana anggan Antareja, ndadekak saya sektin
satriya iki. Dning Bathara Guru banjur kaparingan asma Anantaraja iya Anantareja utawa
Antareja. Lan negara Jangkarbumi banjur kaparingak marang Raden Antareja minangka
kasatriyan, uga kalilan asman nunggak semi marang Prabu Nagabagindha lan Rupatala.
Mula Antareja uga banjur kerep karan Radn Nagabagindha utawa Raden Rupatala.
Patin Antareja
Antareja pancn kondhang satriya sing sekti, jalaran mung kanthi ndilat tilas tepak sikil
wa, mungsuh bisa mati. Kasektn iki kang gaw Prabu Kresna mikir supaya Antareja ora
susah mlu Bharatayuddha jalaran yn nganti mlu perang ora wurung para Kurawa bisa
mati mung mungsuh Antareja. Mula sadurung perang gedh kuwi diwiwiti, Antareja kudu
disingkirak luwih dhisik kanthi dikon ndilat tilas tapakan dhw. Ya mesthi wa Antareja
uga banjur mati. Kuwi pungkasan Antareja urip ing jagad marcapada.
Ing pedhalangan gagrag Surakarta, Antareja uga sinebut Antasena. Ing gagrag Jogjakarta,
Antareja bda karo Antasena.

You might also like