You are on page 1of 15

Polokrami

Polokrami

Polokrami inggih menika sawijinipun rerangken upacara ingkang dipun


lampahi antawisipun priya lan wanita kangge ngalalaken sedaya
tumindak ingkang magepokan kaliyan panggesangan salakirabi kangge
mujudaken sawijinipun balesorah.

Upacara Panggih
1. Liron kembang layon
2. Balang gantalan
3. Wiji dadi
4. Pupuk
5. Sinduran
6. Timbang
7. Kacar-kucur
8. Dhahar klimah
9. Ngunjuk degan
10.Mertui
11.Sungkeman
12.Kenduren

1. Liron kembang layon

Kekalih calon penganten tukar kembang mayang, gadahi teges


manunggalaken cipta,rasa, lan karsa kangge sareng-sareng mujudaken
kabahgyan kaliyan kawilujengan.

2. Balang gantalan

Gantalan: suruh sing ketemu rose banjur diwenehi gambir lan digulung,
diiket nganggo benang lawe.

Penganten putri mbalang temanten kakung kasebut Gondhang kasih ugi


tementen kakung mbalang temanten putrid kasebut Gondhang Tutur.

Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian


ing antarane penganten kakung lan putri.

3. Wiji dadi

Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten


putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo
banyu kembang.

Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing


tanggung jawab mring keluarga.

4. Pupuk

Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung


minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.

5. Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho


pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.

6. Timbang

Temanten kakung lenggah ing pangkon sisih tengen keng ramanipun


temanten, dene temanten putri lenggah ing pangkon sisih kiwa.

Wondene Ibunipun temanten lenggah ing sangajengipun temanten


sarimbit.

Perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho
besan.

7. Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di


kucurke ana pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh
nafkah. Temanten kakung nyuntak kampil ingkang sampun kacawisaken,
isi arta receh/krincing mawi dipun tadhahi tilam lampus (klasa Bangka).

Pasemonipun : mujudaken cuwilaning gegambaran ingkang jejering guru


laki puniko, kedah rumaos anggadhahi wajib masrahaken asil guna
kayanipun dhumateng rabinipun (garwanipun), lan rabinipun kedah
saged nyekapaken ing reh sadaya kabetahaning bale wisma.

8. Dhahar Klimah

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang


pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

Temanten kakung putrid sami ngasta piring isi sekul punar, inggih
punika sekul ingkang warnanipun jene, lajeng dulang-dulangan.

Pasemonipun : mujudaken satunggaling kekudangan supados temanten


kakung putrid, tetepa setunggal raos ing lahir lan batos, jumbuh ing
sadaya reh gegayuhipun.

9. Ngunjuk Degan

Temanten kakung putri ngunjuk rujak degan, kawiwitan saking temanten


kakung, lajeng temanten putri. Degan ingkang kadamel rujak, miturut
kapitadosanipun para sepuh milih klapa ingkang nembe awoh
sepisanan.

Pasemonipun : ugi mujudaken kekudangan mugi temanten enggala


kaparingan momongan (putra). Dene rujak degan kaistha kadidene
pepenget kagem temanten supados ing sugengipun lelumban wonten
ing pasrawungan puniko mboten ngepang-ngepang, lan saged dados
wadhahing kautaman ingkang pantes dados tuladhaning bebrayan.

10. Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung


neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

11. Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

12. Kenduren/Resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga


kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe
makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab
kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan
penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing
hadir neng acara iki.

You might also like