You are on page 1of 4

KINANTHI

1. Nalikanira ing dalu


Wong agung mangsah semedi
Sirep kang balawanara
Sadaya wus sami guling
Nadyan ari sudarsana
Wus dangu nggenira guling

2. Kukusing dupa kumelun


Ngeningken tyas kang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra
Kang anjog saking wiyati

3. Kagyat risang kapirangu


Rinangkul kinempi-kempit
Duh sang retnaning bawana
Ya ki tukang walang ati
Ya ki tukang ngenes ing tyas
Ya ki tukang kudu gering

4. Teka ndadak melu-melu

Kaya budine wong ceplik


Lali yen kalengkangningrat
Ing bawana amurwani
Mustikaning jagad raya
Dhemen lalen sangga runggi

5. Sun iki ngembani wuwus


Dewa sang Hyang Hodipati
Bathara sukma kawekas
Sira ingkang den paringi
Nenggih maosadi lata
Panguripe wong sabumi

6. Punapa tamirah ingsun


Prihatin was pagung mijil
Tuhu dahat tanpa karya
Sengkang rine mekan Gusti
Gelung rinusak sekarnya
Sumawur gambir melathi

7. Midering rat angelangut


Lelana njajah negari
Mubeng tepi ning samodra
Sumengka anggraning wukir
Anelasak wana wasa
Tumuruning jurang trebis

8. Giwanging surya mbok gunung


Teki kang pindho wlingi
Tan gumingsir prapteng pejah
Mung sira kang condhong budi
Peksi reng mangsa kunarpa
Sun dhandhang dadiya krami

9. Sulung enjang dhuh mbok gunung


Pustaka pinudyeng krami
Ngur matiya raganingwang
Lamun tan bisa karonsih
Ancur kaca dhuh bandara
Kang dadi rasaning ati

10.

Bokor siti dhuh mbok gunung


Agawe cuwaning ati
Cirak arga munggwing wana
Krawitan selehing gendhing
Durung tutug jejagongan
Kasusu tinundhung mulih

Pangkur
Sekar Pangkur kang winarna
lelabuhan kang kanggo wong aurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
miwa ingkang tatakrama
den keesthi siyang ratri

durma

Kae manungsa golek upa angkara


Sesingidan mawuni
ngGawa bandha donya
mBuwang rasa agama
Nyingkiri sesanti ati
Tan wedi dosa
Tan eling bakal mati

You might also like