You are on page 1of 16

KUMPULAN

KHOTBAH JUM’AH

VERSI
BAHASA JAWA

Karipta dening:
IMAM ROHANI

KEDIRI
PAMBUKA ATUR

Muqaddimah Arab

“Kawula nyuwun sih pitulunganipun Alloh SWT saking panggodanipun setan


ingkang dipun laknat, lan kanthi anyebat asmanipun Alloh ingkang Maha welas asih,
serta sedaya puji namung kagunganipun Alloh, inggih punika pangeran ing
samudayanipun alam, saha kairimg panggoda mugi-mugi sholawat lan salam tansah
kaluberaken dening Alloh dumateng junjungan kita Gusti Nabi Muhammad saw. serta
dumateng sedaya keluarga, shohabat twin penderek penderekipun, sambung tuwuh
tanpao pegot ngantos ing dinten qiyamat”.
Adhi dhasar raos kepingin bebinau soho njembaeaken wawasan sarto kepingin
tumut- tumut anggiyaraken “ ukhuwah islamiyah” ingkang nuprihipun sageta kangge
gegandholan anggen kita ngatah-ngatahaken ibadah maring Alloh, buku khutbah jum’ah
menika kawulo anggit kanthi kawontenan ingkang sarwo cumpen saho sarwo peasojo.
Pangangitipun buku kumpulan khutbah jum’ah menika babar pisan mboten
kasurung raos cubriyo, dupeh biso utawi keminter, ananging namung mligi saking raos
kepingin biso saha nulat tindaipun para ulama,para kyai, sarta para mursid ingkang
sampun paring pinten-pinten fatwa wonten ing pinten-pinten kitab,lan ingkang paling
baku inggih namung”tholabul ilmi” ing pangajab mugi pikantuk taufiq ,inayah rohmat
saha ridhanipun AllohSWT.
Pramila saking punika, kawula tansah ngantu-ngantu dhawahipun pitedah, saran
saha kritik saking para ulama’, para kyai, para mursyid, sedoyo ingkang tundhonipun
sageta njembaraken wawasan kawulo ingkang tasih cupet sarto kangge anyampurnaaken
punika buku ing tembe wingking.
Wasana wonten klenta-klintunipun atur saha kladukipun ukara ingkang kirang
ngresepakaen manah ing para maos sedaya mugi kersaha anglumantaraken ing sih
samodra pangaksama. Lan mugi-mugi buku ingkang sanget prasaja menika sageta
migunani dumateng kita sedaya, saha mugi-mugi Alloh SWT. nglimpahaken
rahmat,taufiq saha hidayahipun. Aminnn.

Kediri, Romadlon 1422H.


Pangripta

IMAM ROHANI
DAFTAR ISI

Halaman
1.Bab Taubat………………………………………………………………
2.Bab Sholat Jum’at……………………………………………………….
3.Bab Taqwa………………………………………………………………
4.Bab Islam………………………………………………………………..
5.BabBerlomba ing Kesahenan……………………………………………
6.Bab Anjagi Iiwa Raga Saking Dosa……………………………………
7.Bab Cinta Alloh dan Rosulnya…………………………………………..
8.Bab Nuzulul Qur’an……………………………………………………..
9.Bab Adzab Qubur………………………………………………………..
10.Bab Wulan Muharam…………………………………………………….
11.Bab Kewajiban Orang Tua………………………………………………
12.Bab Adzabul Khomr…………………………………………………….
13.Bab Wulan Rojab………………………………………………………..
14.Bab Fadhilah Wulan Sa’ban…………………………………………….
15.Bab Wulan Romadhon………………………………………………….
16.Bab Sholat Tarawih…………………………………………………….
17.Bab Aqiqoh……………………………………………………………..
18.Al-Qur’an Sebagai Petuinjuk…………………………………………..
19.Bab Fadhillah Kalimat Tasbih…………………………………………
20.Bab Kalimat Pitu………………………………………………………
21.Bab Fadilah Kalimat Tauhid…………………………………………..
22.Bab Rahmat…………………………………………………………….
23.Rukun Isalam…………………………………………………………..
24.Bab Khutbah Dua Setiap Jum’at………………………………………
25.Bab Khutbah Idul Fitri………………………………………………..
26.Bab Khutbah Idl Adha………………………………………………..
27.Bab Khutbah Dua Idhul Fitri/Idhul Adha……………………………..
BAB TAUBAT

Hadirin sidang jum’ah ingkang berbahagia, monggo ing saat-saat pinika kita
tansah nambahi raos syukur kita dumateng Alloh SWT. ingkamg sanpun ndadosaken
dumateng kita sebagai umatipun gusti Nabi Muhammad SAW. lan ahami islam.
Lan monggo kita tansah ningkataken raos taqwa dumateng Alloh SWT. sarana
ngelampahi sedaya dawuhipun lan nebihi sdaya awisan-awisanipun,lan monggo nambahi
taubat kita mumpung kita tasih gesang saha pintu taubat dereng dipun tutup.
Kranten gusti kanjeng Nabi Muhammad piyambak ingkang sakestu dipun reksa
saking maksiat lan dipun ngapura dosanipun ingkang sampun lan ingkang dereng
kemawon tansah nyuwun ngapuro utawi tasah istighfar wonten ing setiap dinten mboten
kirang saking setunggalatus ambalan.
Mila saking punika kirang prayogi mbok bilih kita sebagai umatipun ingkang dereng
tamtu maqom kita mboten ourun taubat wontwen ing setiap wekdal utawi setiap saat.
Keranten saestunipun kita punik sering ngelampahi malsiat lan dosa ingkang mboten kita
sengaja lan bahkan kita sengaja.
Keranten maksiat utawi dosa menika mboten perkawis ingkang ketingalan, kados
dening nyolong, madon, minum, madat lan judi. Ananging maksiat punika katah sanget
ingkang sifatipun sanget sirri. Utawi mboten ketawis, kados dene sifat hasut, riya’ ta’jub
lan takabbur.
Mila saking puniko laku maksiat puniko mboten dipun lampahi tiyang tiyang
ingkang mboten mangertos hukum, balik ingkang katah malah tiyang tiang ingkang
mangertos hukum sering nglampahi maksiat ananging piyambakipun mboten keraos,
kados dene merekayasa dalil soho memanipulasi dalil ingkang supados piyambakipun
mboten terjerat kalian dali dalil kalawau.
Mila saking punika mangga kita enget kaliyan semboyanipun syaiton utawi iblis
ingkang ungelipun mekaten:” Aku ngrusak menungso kanti maksiat kan dosa ananging
manungso ngrusak marang aku kanti kalimah tauhid lan istighfar, tetapine aku ngrusak
manungso kanti hawa nafsune sing akhire manungso iku mau ora kroso, lan manungso
mau akhire duweni penyana yen awake oleh petunjuk lan sakteruse deweke ora gelem
nyuwun pangapuro lan istighfar, kerono deweke rumangsa wus paling bener opo sing
diucapake lan opo kang wus dilakoni sarto kang wus diamalake”.
Hadirin Rakhimakumullah, mila saking punika mangga kita sampun waleh waleh
anggen kita istighfar utawi nyuwun pangapuro dumateng Allah S W T. sinahoso dosa kita
puniko istilahipun sampun sundul langit sak kebake bumi, ananging pangapurone Allah
puniko ngemot marang sekabehe langit l;an bumi. Lan ambok bilih kito sakestu taubat
nyuwun pangapuro temtu taubat kito dipun trima dininng Allah SWT.
Keranten Allah SWT. sampun ndawuhaken lan sampun nulis wonten ing ‘arsy
sekawan ewu tahun sakderengipun nitahaken makhluk ingkang dawuhipun mekaten :

“Lan saktemene ingsun iku dzat kang akeh olehe paring pangapuro marang wong
kang gelem taubat lan wus iman lan ngamal sholeh “.
Lan wonten ing Al-Qur’anul Karim malih dhawuhipun Allah :

“Allah iku dzat kang nrima taubat sangka pira pira kawulane lan paring pangapura
songko piro piro alane, lan Allah iku perso ing perkoro kang wus siro lskoni, lan Allah
iku dzat ingkang ngijabahi ing wong wong kang wus pada iman lan ngamal sholeh”.
Saklajengipun menggah ahli hikmah: Sinten ingkang dipun paringi sekawan
perkawis mangka mboten dipun cegah saking sekawan perkawis ugi:
1. Sinten kemawon ingkang dipun paringi puru doa ( berdo’a ) mongko piyambakipun
mboten terhalang saking ijabah ( kasembadan panyuwunanipun ). Dawuhipun Allah
wonten ing Al-Qur’anul Karim Surat Al- Mukmin ayat 60.

2. Sinten kemawon ingkang dipun paringi purun mahos istighfar utawi pangapuro,
mongko pinyambakipun saking maghfiroh(ampunan), Dawuh ipun Alloh wonten ing
Al-Qur’an surat Nuh ayat 10:

3. Sinten kemawon ingkang dipun paringi purun utawi kerso syukur , mongko mboten
terhalang tambahe nikmat tumrap piambak ipun . Dawuh ipun Alloh wonten ing Al-
Qur’an surat Ibrohim ayat 7:

4. Sinten kemawon ingkang remen taubat utawi nyuwun ngapuro mongko piyambak
ipun mboten terhalang sangking ijabah/ dipun sembadani do’a lan taubatipun .
Dawuhipun Alloh wonten ing Al-Qur’an surat As-Syuro’ ayat 25:
Mila saking punika akhiripun monggo kita tansah mahos istighfar utawi nyuwun
pangapura dumateng Alloh SWT. wonten ing setiap saat lan wonten pundi kemawon,
sampun waleh-waleh lan anggen kita nnyuwun rohmatipun Alloh .
Akhiripun mugi-mugi kita sedoyo dening Alloh dipun dadosaken golonganipun
tiang muttaqin, zahidin, lan shodiqin, lan mugi-mugi akhiripun kita dipun paringi husnul
khotimah, Allohumma Amiin yaa robbal ‘alamiin.
BAB SHOLAT JUM’AT

Hadirin sidang jum’ah ingkang minulyo, monggo kita tansah muji syukur lan
ningkataken taqwa kita dumateng Alloh SWT. dalamarti ngelampahi sedaya dawuh-
dawuhipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun, kados dene ngelampahi sholat jumat
wonten ing saat puniko.
Keranten hal puniko jumbuh kaliyan dawuhipun Alloh SWT. wonten ing Al-
Qur’anul Karim surat Jum’ah ayat : 9-10.

“Hai wong – wongkang wus podo iman nalikane wus den undang siro
krono arahe sholat soko dino jum’at mongko cepet-cepet siro eling marang gusti
Alloh ,lan ninggalo siro kabeh ing dol tinuku ,krono kang mengkono iku luwih
bagus kedue siro kabeh lamun siro iku wong kang podo ngerti . Mongko tatkalane
wus
rampung sholat ,mongko gumelaro siro kabeh ing ndalem bumi lan nupriho siro
kabeh soko kanugrahane Alloh ,lan ilingo siro kabeh ing Alloh kelawan saakeh-
akehe ,supoyo siro kabeh iku dadi wongkang podo bejo”.

Sak lajengipun punopo kito namung nglampahi sholat jum’at lan kito namung pikantok
piwales / ganjaranipun anggen kito sholat jum’at?
Hadirin ingkang kaulo hormati ,saestunipun kathah sanget amalan –amalan utawi
perbuatan ingkang kedah kito lampahi sakderengipun sholat jum’at lan katah sanget
fadilah utawi ganjaranipun perbuatan puniko ,kados dhawuhipun gusti kanjeng Nabi
Muhamad SAW,:

“Sinten tiyang ingkang adus/siram wonten ing dinten jum’at mongko den apuro
saking piyambakipun pinten-pinten dosane .Lan nalikanipun mlampah/bidal dumateng
panggenanipun sholat jum’at mongko gusti Alloh nyatet saben-saben sak-jangkaha ing
ibadah rongpuluh tahun . Mongko tatkalane wong iku nglampahisholat jum’at mongko
den ganjar kelawan amal rongatus tahun”.
Bahkan gusti kanjeng nabi pernah ngendiko:

“Sak temene anggonku sholat jum’at iku luwih ndemenake marang ingsun
tinimbang haji sunat”.
Lan dipun ruwayataken malih wonten ing kitab durrotun nashikhin saking kitab
Kangzul Akbar :

“Saktemene gusti Alloh nitahakemalaikat kang ngadek ono ngisore ‘aresy ,lan
mlaikat iku anduweni patang puluhewu sungu ,saben saben sungu siji temeko sungu
sijine iku pelakon sewu tahun , lan ingatasesungu siji iku ono patang puluhewu baris
songko malaikat,lan ingndalem peraupane malaikat siji iku ono srengengene, lan ingatase
pundake malaikat siji ono rsmbulane,lan ingatase dhadane malaikat siji ono piro-piro
lintang . Mongko nalikane ono ing dino jum’at mongko malaikat mau sujud kerono arahe
Allah ta’la, lan malaikat mau matur ingdalem sujude “Allahummaghfir liman sholaa
sholatal jum’ati min ummati Muhammadin SAW”. Lan Allah njawab “Hei malaikat
ingsun podo neksenono siro kabeh saktemene imgsun wus paring pangapuro marang
wong kang sholat jum’at”.
Milo saking puniko mangga kito tansah nglampahi kewajiban sholat jum’at
ingkang ageng sanget fadhilahipun selagine mboten wonten uzur ingkang sanget . Lan
mangga kito ajak sederek sederek kito lan tetanggitetanggi kito ingkang dereng kerso
nglampahi sholat juma’at. Keranten tiyang puniko menawi mboten nngkampahi sholat
jum’at dawuhipun Nabi Muhammad :

“Sinten tiyang ingkang tinggal sholat juma’at kelawan tapo uzur mangko wajib
sodaqoh sak dinar, mongko lamun ora nemu ( nduweni ) sakdinar mongko separone”.

“Lan sinten tiyang ingkang tinggal sholat jum’at laping telu kanti nuli nuli
mongko ora ditompo persaksiane”.
Saklajengipun mangga kito sasreng sareng berdoa mugi mugi kito sedoyo dening
Allah tansah dipun paringi taufiq, hidayah lan inayah, Allahumma amin yaa
Robbal’alamin
BAB TAQWA

Hadirin rokhimakumulloh , ingkang tansah pikantuk kamulyan saking Alloh


SWT. Monggo kito tansah muji sukur dumateng panjenenganipun ingkang sampun paring
kamulyan kolowau.
Lan monggo kito tansah ningkataken taqwa dumateng Alloh SWT, sarono kanti
ngelampahi sedoyo dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun.
Hadirin sidang jum’at ingkang tansah kaulo hormati, setiap khotbah jum’at
puniko temtu wonten dawuh “Ittaquulloh” lan sakterusipun.
Keranten dawuh Ittaqulloh puniko memang dados rukunipun khotbah , inggih
puniko wasiat taqwo. Sakpuniko monggo dawuh puniko ampun namung dipun dadosaken
rukun kemawon, ananging monggo dawuh Ittaquulloh puniko kito muttola’ah, kito
padosi tafsiripun punopo artosipun lan punopo kersanipun.
Hadirin rokhimakumulloh ingkang berbahagia, menggah sabagian ulama’ nafsiri
bilih ingkang dipun kersaaken dawuh Ittaquulloh puniko berati kito kewajiban
ngelampahi sedoyyo dawuhipun kados dene sholat ,zakat , poso ,lan lintu-lintunipun,lan
kito wajib nebihi sedoyo awisan-awisanipun kados dene nyolong madon, ngapusi,lan
koropsi,lan ugi kedah nebihi ma’siat ingkang bongso batin kados denesifat hasud , riya’
ngujub lan takabur.
Sak lajeng ipun mbok bilih wonten tiyang ingkangmboten ngelampahi dawuh
utawi perintah bahkan malah ngelampahi perkawis ingkang dipun cegah berarti tiyang
kolowau dereng taqwo ingkang kados dipun kersaaken wonten dawuh “Ittaquulloh ta’ala
haqqo tuqootihi”.
Saklajengipun menggah ulama’ ahli arifin utawi sebagian ulama’ nafsiri bilih
ingkang dipun kersaaken dawuh “Ittaquulloha haqqotuqotihi” inggih puniko taqwo
ingkang sakestu-estunipun kanti zdikir utawi emut dumateng Alloh SWT kanti mboten
pegot-pegot.Utawi anggenipun zdikir kolowahu kanti dipun sarengaken wonten ing setiap
medal lan melbetipun nafas .Lan ahli arifin ngendiko malih bilih zdikir puniko ongkang
paling utomo utawi paling sae inggih puniko zdikir ingkang kelawan tanpo wayah,utawi
wekdal lan tanpo wilangan.Lan mbok bilih dipun wilangi ingggih puniko kedah kelawan
kaping 24 400,keranten nafas kito puniko medal lan melbet ipun setiap dalu lan siang
puniko laping 24 400.
Lan panjenenganipun gusti Rosulaloh SAW ugi ngendiko engkang artosipun : “
Luwih utomo-Utumone zdikir inggih puniko zdikir kang dibarengake kelawan melbu lan
metune nafas “.
Poro hadirin rokhimakumulloh , estunipun tiyang engkang tansah zdikir utawi
emut dateng alloh puniko piyambakipun mboten mungkin bade ngelampahi maksiat
zdohir kados ingkang sampun kasebat ngajeng , lan ugi mboten bade ngelampahi maksiat
kang bongso batin .
Lan ugi estunipun tiyang selalu zdikir dumateng Alloh puniko jaminanipun bade
dipun emuti ugi deneng Alloh,kanti rohmatipun lan pangapuronipun lan bade dipun
lebetaken suargo dening Alloh kanti sareng-sareng poro nabi lan poro walinipun . Milo
saking puniko alloh dawuh wonten ing Al Qur’anul Karim :

“ He, eleng-eleng wong akeh kang wus podo iman podo elingo siro kabeh ing
gusti alloh kelawan eling kang temenannan tur kang akeh “.
Saklajengipun monggo kito sareng-sareng berusaha lan dongo-dinongo mugi-mugi kito
tansah dipun dadosaken golongan ipun tiyang-tiyang ingkang sami pikantuk rohmat lan
nikmat ipun Alloh SWT,Allohumma Amin Yaa Robbal Aalamiin.
BAB ISLAM

Hadirin sidang jum’at ingkang kaulo hormati,monggo kito tansah muji syukur
dumateng Alloh SWT ingkangsampun ndadosaken agami islamsebagai pedoman gesang
kito. Milo saking puniko monggo muji syukur kelawan kito dohiraken kanti ngelampahi
sedoyo dawuh lan nebihi sedoyo awisan.
Hadirin rokhimakumulloh ingkang berbahagia ,punopo kita kapurih syukur
dumateng Alloh kanti wontenipun agami islam ?
Inggih karanten estunipun agami ingkang leres lan ingkang dipun akui dining Alloh
puniko namung agami islam, dawuhipun Alloh wonten ing Al Qur’anul Karim “
Innaddina indalloih islam “.
Ananging kito kedah mangertosi bilih seastune agami islam utawi tiyang islam
puniko wonten kalih golongan :
1. Golongan islam ingkang naqis(islam ingkang ma’no slamet)
2. Golongan islam ingkang kamil (islam ingkang ma’no pasrah)
Anapun Islam ingkang ma’no slamet inggih puniko golongan ipun para u’bad
(abidin), para muhibin lan para muttaqin.
Lan anapun islam ingkang ma’no pasrah puniko golonganipun para solikhin para
arifin para mu’minin haq para wali lan para nabi.
Saklajengipun kados pundi tiyang ingkang ingkang golonganipun ibad utawi
abidin puniko ? inggihn puniko tiyang ingkang sampun nglampahi solat, zakat, pasa, haji
bahkan sampun dados kiyai, ananging anggenipun ibadah utawi nglampahi kolowau
piyambaikipuntansah ngajeng ngajeng ganjaran utawi piwales.
Lan anapun tiyang ingkang muhibin inggihpuniko yiyang tiyang ingkangsampun
nglampahi ibadah ibadah kadosdene solat lan lintu lintunipun, ananging anggenipun
ibadah kolowau dipun dasari keranten demen, lan mboten ngajeng ngakjeng ganjaran lan
piyambakipun cecekelan dawuhipun Allah SWT:

“ Ngucapa sira Muhammad : “ Lamun ana sira kabeh iku demen ing Allah
mangka siro kabeh pada manuto ing ingsun, mangko dadi sebabe demen sapa Allah
marang siro kabeh, lan paring ngapuro sapa Allah marang siro kabeh ing piro piro doso
niro “.
Lan anapun tiyang ingkang golongan mutaqin inggih puniko toyang tiyang ingkang
sregeb ibadah lan nindakaken sedoyo perintahe Allah kanti nemen nemeni lan ngti ngati
lan ngedohi kabeh kang den cegah deneng Allah yen kasi ora nindaake perintah lan ora
ngedohi cegah deweke wedi banget marang siksane Allah, keranten deweke cecekelan
dawuhipun Allah :

“ Hei, iling iling para menungso pada nyembaho siro kabeh ing pengeran iro,
yoiku zat kang wus nitahake siro kabeh lan wong akeh sak durunge siro kabeh,
supoyo siro kabeh iku dadi wong kang pada taqwa, mangka pada wediyo siro
kabeh ing neroko lan kang utawi kang dadi urup iripe neroko yoiku para
menungso lan watu, kang di cawisake marang wong wong pad kafir “.
Para hadirin rohimakumullah dene tiga tiga nipun golongan puniko ugi bade mlebet
suargo, ananging wonten ing saklebetipun suargo ni’mat ipun namung terbatas, ananging
sinahoso terbatas piyambakipun wonten ing saklrbete suargo bade dipun ladosi dening
setunggalatus sekawan doso widodari tumrapipun tiyang jaler, lan setunggalatus sekawan
doso widodoro tumrap tiyang estri. Ingkang setiyap widodari/ widodoro punikomngasto
1000 piring ingkang setiap piring setunggal wonten 1000 werno daharan, lan setiap[
setunggal werni daharan puniko ono 1000 rasa.
Ananging mbok bilih golongan para solikhion, arifin, mu’minin haq,para wli lan
para nabi anggenipun wonten ing suargo keni’matanipun sanget katah lan mboten onten
batasanipu n, keranten anggenipun ibadah puniko namung melulu lilahita’ala kelawan
tanpo ngajeng ngajeng punopo nopo lan piyambakipun mangertos ibadah ingkang sejati
lan sejatinipun ibadah . Lan piyambakipun mangertos ingkang dipun kersaken wonnten
ing dawuh :

Saklajeng ipun monggo kito instropeksi diri wonten golongan ingkang pundi kito
puniko. Wonten ing golongan ipun abidin, muhibin, mutaqin, utawi solikhin lan
mu’minul haq utawi wali bahkan punopo nabi. Ananging mbok bilih kito sampun
manggihi awak kito wonten ing salah setunggalipun kelompok utawi golongan, sinaoso
kito sampun wonten ing tingkatan paling atas estu kito mboten pareng ngasoraken
kelompok ingkang saklintunipun. Keranten estunipun tiyang puniko sinahoso sampun
paling leres utawi paling sae mbok bilih nyalahaken utawi ngawonaken tiyang sanes
berarti tiyang puniko ugi dereng leres lan dereng sae. Keranten estunipun drajat, tangkat ,
pangkat, sugih, mlarat, bejo, ciloko puniko sampun dipun tentoaken dening Allah SWT
nalikonipun wonten ing alam mitsal. Ananging sakrehning kito dereng mangertos takdir
utawi nasib kito, kito wajib berusaha sak katah katajipun lan sak sae saenipun. Lan
monggo kito sareng sareng nyenyenyuwun dateng Allah SWT mugi mugi kito sedoyo
dipun dadosaken tiyang tiyang ingkang wilujeng dunya lan akhirat. Lan mugi mugi
sedoyo amal ibadah kito dening Allah dipun dadosaken amal ingkang manfaat fidunya
wal akherat, lan ingkang akhiripun mugi mugi kita tansah pikantuk ridho lan rahmatipun
Allah SWT . Amin.

You might also like