You are on page 1of 1

Atur Pambuka Panata Cara

Pasrah Panampining Lamaran

Bismillah hirrohman nirrohim


Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepayoning kautaman, ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang
besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putrid, kadang wredha mudha
ingkang winantu suka basuki..
Mradapa keparengipun Bp. …………………… sekalihan sumrambah para kulawangsa
ing kelenggahan punika, kula piniji pinangka pambicara wontenipun upacara pasrah
panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata cara salaki rabi.
Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adi cara ingkang sampun
karakit dening para kulawarga, cundhuk kalihan kuncaraning bangsa ingkang linambaran
agunging Pancasila, sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa
dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rohmat ingkang sampun
kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara pasrah panampi lamaran
saha upakarti pinangka jejangkeping pala karma tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.
Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga panata cara
murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing adi cara ingkang
rinamtam para kulawangsa.
Nun inggih :
Tinarbuka atur pambagyaharjo saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang
sampun paniji.
Atur panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun Bp. ……………… ingkang
mengku gati. Kaleksananing adi cara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap wacana sawatawis
saking pinisepuh pinangka tumuju dhumateng kasaenan (menawi wonten).
Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratandha saking kulawarga minangka
paran para.
Mekaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adi cara pasarah lamaran
ingkang sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka lilaning penggalih para
lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati.
Nuwun, nwun, matur nuwun.

You might also like