You are on page 1of 6

Tema Judul

: HASTASILA : MITUHU

PENDAHULUAN :

Mugi-mugi karahayon, katentreman, tuwin kebahagiaan tepo kasa. Lira dhumateng panjenengan sadaya, awit saking sih, tuntunan, pepadhang saha pangayomanipun Sang Guru Sejati satuhu. Parakadang satuhu kinabekten, kula mboten kesupen, mangga kito sami ngunjukaken suka sukur eng padangipun suksma ka. Wekas lumantar sangu guru sejati, dene panapa ing enjang ingkang endah punika kita sami taksih kepareng makempal ing dana warih mriki kanthi sehat wal afiat mboten kirang satunggal punapa. Sadaya kala wau namung saking keparengipun Sang Guru Sejati satuhu. Salajengipun mangga kita sami ngawisaken botol kosong ingkang resik, supados kita sami saget nampi tumetesipun toyo suci ingkang dadosaken santosaning jiwa kita. Sadaya reruit ingkang wonten penggalih, kita sisihaken, kita kosongaken, namung mligi badhe ngraosaken dhawuh. Dhawuh ajaranipun Sang Guru Sejati. MATERI : Parakadang ingkang kula tresnani, ing enjang pinika kula badhe ngaturaken bab Hastasila, Hastasila punika kadadosan saking Trisila lan Pancasila. Trisila kadadosan saking : eling, pracaya, sarta mituhu. Dene Pancasila kadadosan saking : rila, narima, temen, sabar, sarta budi luhur. Ing ngriki ingkang badhe kula aturaken trisila bab Mituhu. Mituhu panika panapa? Ing serat sasangka jati kaca 15 (1986). Dipun dhawuhaken, makaten pratelanipun : Kang di arani Mituhu, yaiku ngestokake dhawuhe Pangeran kang lumantar utusane, iya sukma sejati kang dadi panuntun sarta guru nira kang sanyata/sejati.

Mituhu punika nindakaken dhawuh, nebihi kepacuh. Contonipun : 1. Wonten ing pamulangan (sekolah), murid (siswa) kedah Mituhu dhateng gurunipun, sadaya piwucalipun guru kedah dipun estokaken, mbangun turut, tansah anggenipun nyinau piwucalipun guru, kanthi mekaten siswa kalawau tamtu cenelak dhening guru saha saget minggah kelas kanthi biji ingkang sae. Benten maleh kaliyan murid ingkang mboten Mituhu dhumateng gurunipun, piyambakipun tansah mboten nggatosaken

piwucalipun guru, remen dolanan, mbolos, akhiripun inggih mboten minggah kelas. 2. Ing bale griya putra kaliyan tiyang sepuhipun putra inkang bekti sarta Mituhu tansah cinelak dhening tiyang sepuhipun, tansah dipun gatosaken, hubungan tiyang sepuh kaliyan putra celak sanget, dene putra engkang mboten Mituhu dhateng tiyang sepuh rumaosipun dipun anak tirikan, awit piyambakipun mboten nate nyelak dhateng tiyang sepuhipun, dipun utus mboten nate nidakaken. Contonipun : ayo nang, bapak ewangana ngresiki suket iki? Lare kala wau mboten purun, tambah mlajer dolan, kados pundi sagetipun cinalak tiyang sepuhipun saben-saben dipun utus mboten nindakaken. 3. Ing bebrayan/utawi ing lingkungan RT. Ing lingkungan RT, senaosa kita kagungan oangkat ingkang inggil, sugih donya brana, kinurmat ing kantoripun. Nanging wonten ing RT kita inggih kedah Mituhu dhateng sedaya keputusan rapat RT. Sanajan RT nipun ingkang andhap pendidikan sarta pangkatipun. Rapat RT mutusaken kerjabakti, kita inggih kedah ndherek kerja bakti, awit sadaya puniko warga RT, mboten pandhang drajat lan pangkat. Menawi kita saget Mituhu sadaya keputusan RT kita mboten badhe kasisihaken. Kados conto utawi tuladha ingkang kula aturaken kalawau cetha sanget bilih Mituhu punika kathah manfaatipun. Pramila saking punika kita dados siswanipun Sang Guru Sejati inggih kedah tansah Mituhu. Sejatosipun, Mituhu dhateng dhawuh punika satunggaling kewajibanipun siswa dhateng gurunipun, kawula dhateng gustinipun, nanging manawi Mituhunipun namung ngajeng-ajeng ganjaran utawi kepengin pikantuk sih lan

mboten mangertos suraosipun karsanipun Pangeran, pramila cak-cakanipun sagetdipun wastani tanpa gina mboten benten kalian tiyang ingkang mboten Mituhu, nanging ngertos dhateng artosipun karsa dhawuh kalawau, kalihkalihipun taksih kagolong drajat ingkang asor. Ing sasangka jati bab Mituhu dipun dhawuhaken : Satemene sakehe kuwajibanira kang akeh-akeh, iku ringkesane mung saprakara yaiku niyat nglakoni pakaryane Sang Guru Sejati. Kados pundi caranipun supados kita saget Mituhu? Caranipun kanthi ngerawuhi olah rasa, kanthi cara punika kita Mituhu dhateng Sang Guru Sejati. Awit pakempalan pangestu punika saking dhawuhipun Sang Guru Sejati, nindakaken trisila, awit kemutan olah rasa, kemutan pangestu, kemutan sadaya siswa/calon siswa, kanthi punika lajeng kemutan sukma kawekas dalah sukma sejati lan pitados dhateng tuntunanipun. Ing buku Arsip Sarjana Budi Santosa kaca 32 dipun dhawuhaken : untuk memperkuat taat kepada Sang Guru Sejati kita harus rajin manembah. Wonten buku Dalan Rahayu bab Panembah kaca 112 (86) dipun dawuhaken : Sumurupa, bhekti iku talining eling, kang disantosakake sarana panembah, lan kang dadi tuntunaning ati, anggone nedya bali marang Pangeran, sarana martabat ing dosane, ora bakal mbaleni tumindak dosa kaya kang wus kelakon, nanging sumedya netepi Mituhu, amarga Mituhu iku kang minangka teken anggone bekti marang Pangeran. Kang ingaran mituhu, yaiku netepi kabeh dhawuh lan ngedohi kabeh pepacuh, kang di dhawuhake Pangeran lumantar utusane. Sampun ceta bilih taline eling punika panembah, pramila saking punika para kadang sadaya, mangga panembah kita dhateng Pangeran sampun ngantos oglangan, ingkang ajek, artosipun manawi sampun wancinipun manembah enggal kita tindakaken, sampun ngendhe-endhe wanci,

umpaminipun sonten sampun wancinipun, karana sinetron ing TV sae tur kesemsem lajeng semaya, ah mengko disek iseh eman-eman mengko ora weruh teruse, gantos maleh sae maleh mboten wonten telas-telasipun, lajeng kito kesupen.

Menapa manfaatipun menawi kita Mituhu? Manfaatipun Mituhu punika kathah sanget, ing antawisipun kaurat ing sabda khusus pengetan 10 kaca 37 mekaten pratelanipun : O, siswa ingsun, yen sira sesambat, sesambata marang ingsun. Ingsun kang bakal nggendhong, bakal nuntun, ngayomi, lan mitulngi karibetanira. Ingsun ora bakal negakake marang sira, eman yen sira ngaku dadi siswa ora Mituhu marang piwulang ingsun. Dados parakadang kita kedah estu-estu Mituhu, tamtu badhe kajamin sedaya kabetahan kita, sang guru pirsa sadaya ingkang kita betahaken, manawi sateku Mituhu dhawuhipun. Pengalaman ingkang kula alami kathah sanget kula kepengin rasukan ingkang kula tingali ing etalase toko, sakala wonten ingkang maringi.. Ing pangetan nomer 24-28 ugi dipun dhawuhaken makaten : sing sapatumemen Mituhu dhawuh ingsun, bakal ingsun tuntun, ingsun tuduhake dalan kang luweh cedhak, anggonira niyat bali marang ingsun, bali marang Alloh. Sabda punika langkung gamblang malih, jaminan anggenipun kita Mituhu dhumateng dhawuhipun Sang Guru Sejati. Ing sabda khusus, Pengetan nomer 15 kaca 57 al 197 ndawuhaken : . Ingsun tansah amberkahi lan nuntun para siswan ingsun kang padha bekti lan Mituhu. Kados dhawuh ingkang dipun dhawuhaken kalawau sampun cetha sanget, bilih namung kanthi tansah Mituhu dhateng dhawuhipun Sang Guru Sejati, kita tansah dijamin dumugi tujuan gesang. Menapa ingkang kita tampi bilih mboten Mituhu? Wonten ing sabda khusus P.g al.11 He, siswa, ingsun wus mawantu-wantu paring pepenget, aja pada ngarep-arep wohing panggawenira. Kang perlu iku tumandanga ing gawe kanthi ekhlas lan kasucian. Yen sira padha Mituhu marang piwulang ingsun, sira bakal dadhi kekembanging bangsa, kosok baline, yen ora Mituhu ora bakal dadi kekembanging bangsa, nanging dadi larahan kang ngregedi bangsanira.

Pengetan 10 al 1 kaca 36 Siswan. Ingsun sakabehe kang padha bekti lan Mituhu marang ingsun, tampanana Hidayat lan Nugrahing pangeran, nanging sabalike para siswa kang padha ora bekti lan ora padha mituhu marang ingsun, tampanana piwelehing pangeran, yaiku wujud pepeteng lan sawise kalimput ing pepeteng, bakal tumiba ing kasangsaran lan sira aja padha bungah-bungah, yen tampa ganjaran, lan aja pada susah yen nampani piweleh, amarga kabungahanira iku bakal gawe lalinira marang Pangeran. Ing Sasangka Jati bab Tunggal Sabda kaca 86 ndawuhaken : Nanging para kawula, iya abdiningsun kang ora Mituhu dhawuingsun, ora bisa nampani tetesing banyu kang bakal dadi usadane wong picak lan madhangake sakabehing pepeteng. Kaca 93 Para kawula kang mukir marang kuwajibaning kawula, bakal nampani piwelehing Pangeran. Mula he umat ingsun, padha Mituhua dhawuh pangandikan ingsun, Mituhua marang tuntunaning-sun, ing sadurunge sira tinibalan ing Pangeran. Kaca 94 Nanging manawa sira ora mituhu, sira ing tembe bakal dumunung ing dhasare neraka, amarga lawang ing suwarga wus tinutup manawa sira wus dumunung ana dhasaring naraka, sira banjur dumunung ana dhasaring naraka, sira banjur dumunung ing ngalaming para iblis. KESIMPULAN Para kadang sadaya, manawi kita tansah bekti lan matuh dhumateng sadaya dhawuhipun Pangeran kita dipun jamin sadaya kabetahan kita tansah dipun tuntun dipun ampuni, sehat lan kuwat jiwanupun, ampun tedahaken margi ingkang langkung celak kangge wasulipun kita dhumateng Pangeran. Dene manawi mboten Mituhu, Kita badhe nampi pidana (tempelak) awujut pepeteng, peteng kasangsaran, mboten dados kusumaning bangsa, nanging dados sampah/reregeding bangsa nanging mbejingipun manggen ing dasaring naraka kempal kaliyan iblis.

PENUTUP Panutup ing atur kula waosaken buku sabda khusus, Pengetan 16 al.2 kaca 59. Wruhanira, ingsun wus ndhawuhake lan dhawuhing sun tansah katerangterangke dening kerdangira tuwa nanging sira para siswa ingsun dening netepi kaya kang wus ingsun dhawuhake, yaiku padha sumadiya resikana papan kang suci ing saben-saben wektu ing telenging batinira kanggo nampani pepadhang ingsun lan niyat nyediyakake wadah kanggo pepadhang ingsun, iku kang ingaran sejati neng Mituhu. Satuhu Rahayu kang Rahayu ing Budi.

You might also like