You are on page 1of 4

Wirid Wirayat Jati

Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan


pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para
wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh
kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan
wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta
sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning
Pangeran dhatêng Nabi. Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun
makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning Pangeran,
lan Pangeran iku mung sawiji.
Inilah sebuah petunujuk yang benar yang menjelaskan tentang ilmu sirr kesempurnaan
hidup, yang berakar dari ajaran para ahli hikmah di tanah Jawa, yang hendak membuka
hakikat kesempurnaan sejati, sebuah pelajaran dari kitab Tasawuf, tersingkapnya ajaran
ini terpancar dari kebersihan jiwa heningnya alam pikiran, yaitu tanggapnya rasa atas
cipta Tuhan, dengan ihlash mengawali pelajaran ini yakni dengan menukil Firman Allah
kepada Nabi Musa AS yang bermakna : Yang sebenar- benar manusia itu adalah
kenyataan (adanya) Tuhan, dan Tuhan itu Maha Esa.
Pangandikaning Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang kawêdharakên
dening para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Dene wontên
kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan, sarta pamêjanganipun sarana kawisikakên
ing talingan kiwa. Mangêrtosipun asung pêpengêt bilih wêdharing kawruh kasampurnan,
punika botên kenging kawêjangakên dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun
kawêjangakên, namung dhatêng tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming Pangeran,
têgêsipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi pangangên-angênipun
(ciptanipun).
Firman Allah yang demikian ini yang diajarkan oleh para ahli (mursyid) kepada sesiapa
yang diterima penghambaannya(salik). Dimana ajaran itu, kemudian teringkas menjadi
8 hal, penyampaiannya dengan cara membisikkan ke telinga murid sebelah kiri.
Pemahaman semacan ini memberikan pengertian bahwa ilmu 'kasampurnan' ini tidak
seyogyanya diajarkan kepada sembarang orang, kecuali kepada orang-orang yang telah
mendapat hidayah dari Allah SWT, artinya orang yang telah tercerahkan dirinya
(ciptanya).
Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos sêrat punika sayuginipun
sinêmbuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning sagêd anampeni saha
angêcupi suraosing wejangan punika, awit suraosipun pancen kapara nyata yen
saklangkung gawat. Mila kasêmbadanipun sagêd angêcupi punapa suraosing wêjangan
punika, inggih muhung dumunung ing ndalêm raosing cipta kemawon.
Maka dari itu, barang siapa yang sudi membaca tulisan ini seyogyanya berlandaskan
permohonan kepada Allah, agar kiranya dapat terbuka ciptanya hingga mampu
menerima dan memahami maknanya, karena makna dari ajaran ini ternyata sangat
rumit/berbahaya. Maka bisanya memahami ajaran ini tidak lain hanya berada di dalam
cipta - rasa pribadi.
Mila inggih botên kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos,
inggih ingkang dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene sanadyana
kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, wêdaling pangandika ugi
mawia dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun kêdah angen mangsa lan êmpan papan saha
sinamun ing lulungidaning basa.
Maka tidak boleh kiranya untuk didiskusikan dengan orang yang belum sapai atau belum
mengunggal rasanya dengan kita, yaitu orang yang belum menerima hidayah dari Allah
SWT. Walau demikian seandainya harus disampaikan kepada orang yang belum sampai,
hendaknya disampaikan dengan sangat hati-hati, melihat situasi- kondisi, waktu dan
tempat yang tepat serta disampaikan dengan kiasan bahasa yang indah.
Mênggah wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap punika:
Delapan wejangan tersebut di atas, sebagaimana di bawah ini:
I, 1. Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing Pangeran,
sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng Nabi Mohammad s.a.w. Makatên
pangandikanipun: Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana
sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang
urip luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun (dat, sipat, asma, afngal).
I. 1 Wejangan yang pertama, disebut pelajaran akan sifat-sifat Allah. Sebagaimana
firman Allah kepada Nabi Muhammad SAW yang bermakna kurang lebih begini:
Sesungguhnya tidak ada apa-apa tatkala sebelum masa penciptaan, yang ada (paling
awal) itu hanya Aku, tidak ada Tuhan kecuali Aku yang Hidup dan Maha Suci baik asma
maupun sifatKu (dzat, sifat, asma, af'al).
I, 2. Mênggah dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana Pangeran anging
ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun inggih gêsang kita punika rinasuk
dening Pangeran kita, mênggahing warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking
purbawisesaning Pangeran kita, inggih kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang
misesa, inggih kang manuksma, umpami surya lan sunaripun, mabên lan manisipun,
sayêkti botên sagêd den pisaha.
I. 2. Yang dimaksud begini: Yang digambarkan tiada tuhan kecuali aku, hakekat hidup
yang suci, sesungguhnya hidup kita ini adalah melambangkan citra Allah, sedang nama
dan perbuatan kita itu semua berasal dari Kemahakuasaaan Allah, yang 'menyatu' ibarat
matahari dan sinarnya, madu dengan manisnya, sungguh tiada terpisahkan.
II, 1. Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka kahananing Pangeran,
pamêjangipun amarahakên papangkatan adêging gêsang kita dumunung ing dalêm 7
kahanan, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng Nabi Mohammad s.a.w. Makatên
pangandikanipun: Satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasan anitahakên sawiji-wiji,
dadi padha sanalika saka karsa lan pêpêsteningsun, ing kono kanyatahane gumêlaring
karsa lan pakartiningsun, kang dadi pratandha.
II.1 Wejangan yang kedua adalah : Pengertian adanya Allah., Wejangan ini mengajarkan
bahwa elemen hidup kita ini berada pada 7 keadaan, sebagaimana firman Allah kepada
Muhammad SAW yang maknanya begini: Sesungguhnya Aku adalah Allah, yang
berkuasa menciptakan segala sesuatu dengan kun fa yakun dari qodrat dan iradatKu,
yang demikian ini menjadi pertanda bahwa Allah Maha Kuasa atas segala sesuatu.
II, 2. Kang dhihin, ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa wiwitan tanpa
wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.
II.2. Yang pertama, Aku ada dalam ketiadaan yang tanpa awal serta tanpa akhir, itulah
alamKu yang Maha Gaib.
II, 3. Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun dumunung ana
ing alam pasênêdaningsun.
II, 3. Kedua, Aku mengadakan cahaya sebagai manifestasiKu, berada dalam
kehendakKu.
II, 4. Kaping têlu, ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan dadi
rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.
II, 4. Ketiga, Aku menciptakan bayang-bayang sebagai pertanda citraKu, yang berada
pada alam kejadian/penciptaan (mula-jadi).
II, 5. Kaping pat, ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha kauripaningsun,
dumunung ana ing alaming gêtih.
II. 5. Keempat, Aku mengadakan ruh sebagai pertanda hidupku, yang berada pada
darah.
II, 6. Kaping lima, ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi warnaningsun, ana ing
dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake bae.
II, 6. Kelima, Aku mengadakan angan-angan yang juga menjadi sifatku, yang berada
pada alam yang baru boleh diumpamakan saja.
II, 7. Kaping ênêm, ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan pêncaring
angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming badan alus.
II, 7. Keenam, Aku mengadakan budi, yang merupakan kenyataan penjabaran angan-
angan yang berada pada alam ruhani.
II, 8. Kaping pitu, ingsun anggêlar warana kang minangka kakandhangan sakabehing
paserenaningsun. Kasêbut nêm prakara ing dhuwur mau tumitah ana ing donya iya iku
sajatining manungsa.
II, 8. Ketujuh, aku menggelar akal sebagai sentral/wadah atas semua ciptaanku. Enam
perkara tersebut di atas tercipta di dunia yang merupakan hakikat manusia.
* Wirayat Jati, Raden Ngabehi Ranggawarsita], Kapethil saking serat Jawi Kandha ing
Surakarta Hadiningrat tahun 1908.

You might also like