You are on page 1of 4

.








( )

Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Mangga kita tansah ngupayaaken ningkataken taqwa kita dateng Allah SWT kanti ngreksa badan lan
jiwa kita supados saged nlampahi sedaya perintahipun Gusti Allah lan nebihi sedaya awisanipun. Ing
pangajab supados kita saged wilujeng gesang wonten ing alam donya lan ugi slamet wonten akhirat
mangke.
Shalawat ugi salam manga tansah kita aturaken dateng junjungan kita Nabi agung Muhammad
SAW, ingkang tansah kita antu-antu doa syafaatipun, minangka dados salah setunggal pitulungan
wonten ing yaumul hisab mangke.
Jamaah ingkang minulya,
Shalat minangka ibadah den wajibaken Allah SWT dateng sedaya umat Islam. Den wajibaken ing
dalem dalu Isra Miraj, setunggal tahun sak derengipun hijrah. Proses dipun dawuhaken perintah
shalat punika istimewa sanget amargi Gusti Allah kersa ngundang kanjeng Nabi SAW supados
sowan langsung wonten ngarsanipun Gusti Allah, mboten kados kewajiban-kewajiban lintu ingkang
den dawuhaken liwat malaikat Jibril.







: (


Den riwayataken saking Ibnu Umar, Rasulullah SAW ngendika : Ora ana iman kanggone wong
kang ora bisa njaga amanah, ora ana shalat kanggone wong kang ora suci lan ora ada agama
kanggone wong kang ora nglakoni shalat. Kerana satemene panggonane shalat ing dalem agama
kaya sirah ing dalem jasad (HR Thabrani)
Wonten fadhilah utawi kautamaan ageng ingkang bakal diraosaken saben-saben muslimin ingkang
nglampahi shalat punika. Tiyang muslim ingkang saged nglampahi shalat kanti istiqomah, khusyu
lan ikhlas, naming niyat menembah dateng gusti Allah lan naming ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti
Allah, bakal tuwuh raos bilih shalat punika setunggal perkawis ingkang ageng sanget pengaruh lan
perbawanipun, ing dalem pembentukan kapribaden sarta ngendaliaken perilaku ing gesang punika.
Manfaat shalat ingkang saged karaosaken ing antarane :
1. Nyegah saking tumindak ingkang ala lan mungkar

( )

Lan lakonana sholat. Yekti sholat kuwi nyegah saka (panggawean-panggawean) keji lan
mungkar. Lan yekti ngeling marang Gusti Allah (sholat) yaiku luwih gedhe (kautamane saka
ibadah-ibadah liyane). Lan Gusti Allah mangerteni apa sing koklakoni. (Al Ankabut 45)
Kanti makaten, tiyang ingkang tansah netepi lan nglampahi shalat kanti leres, netepi syarat
rukunipun, kebak penghayatan lan khusyu sarta ikhlas, bakal dijamin kajagi saking tumindak
maksiyat dateng Gusti Allah SWT.
2. Shalat saged menghapus dosa








:
" :






:
:

:/

Saking Abi Hurairah ra, yekti mireng Rasulullah SAW dawuh : Kepiye tanggapane sira
kabeh yen ana ing ngarep omah salah sijiningira ana kali kang bening, lan sira adus nang kali
kuwi kaping lima ing sedina. Apa sira kabeh sik bakal meruhi ananing reregedan ing
badanira ? Para sahabat mangsuli: Mboten wonten reregedan ingkang katilar. Nabi SAW
dawuh : Kaya ngana kuwi perumpamaane shalat limang waktu, kang bisa mbusek utawa
ngapus dosa-dosa (HR Muslim)
Shalat punika bakal dados kafarat utawi pangapus dosa kula panjenenengan ing antarane
saben-saben waktu shalat fardu, sak laminipun mboten nglampahi dosa-dosa ageng kadosta
zina, durhaka dateng tiyang sepah, syirik lan sapinunggalanipun.
3. Shalat minangka Nur / Cahaya penerang

:


,


,

"



,
, ,


,
/


Saking Abi Malik al-Asyari : Rasulullah SAW ngendika : Kasucen kuwi sebagian saka
Iman, (ucapan) Alhamdulillah ngebaki timbangan amal, (ucapan) Subahanallah wal
hamdulillah kuwi ngebaki samubarang ing antarane langit lan bumi, Shalat kuwi cahya
(penerang), Shadaqah kuwi minangka penerang, Kesabaran kuwi minangka permata, Al
Quran minangka pedoman kang bisa menehi manfaat utawa kosok baleen (HR Muslim)
4. Dipun kempalaken kaliyan Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing swarga



" :

:

:
:
:


/

Saking Rabiah bin Kaab al-Aslami : Ingsun nate mbatiri kanjeng Rasulullah SAW nginep
ana ing sambubarang panggonan lan ingsun nyepaki bayu wudhu lan sawernaning keperluan
kanjeng Nabi SAW. Banjur Kanjeng Nabi ngendika : Njaluka sira marang ingsun
(Rasulullah SAW) apa sing kok karepake Ingsung mangsuli (pitakenan Rasulullah) :
Kawula ngersaaken kempal kaliyan panjenengan mangke ing swarga . Kanjeng Nabi SAW
mangsuli : Mbok menawa isih ana panjaluk liyane ? Insung mangsuli : Namung punika
kemawon . Lajeng Kanjeng Nabi SAW ngendika : Ewangana ingsun ing atase kaperluane
sira dewe kanti ngakeh-akehi sujud ( yen sira ngarepake bisa kumpul karo ingsun ing swarga
mengko, akeh-akehana ngleksanani shalat ) (HR Muslim)

Jamaah Jumat Rahimakumullah,


Makaten punika ing antarane manfaat shalat. Tasih katah sanget manfaat lan hikmah shalat, ing
babakan segi jasmani lan rohani, peningkatan semangat makarya lan sapinunggalanipun. Sekawan
perkawis punika den janjiaken dening Gusti Allah dan Rasulullah kangge tiyang-tiyang ingkang
istiqomah ngaleksanaaken shalat
Shalat punika kawiwitan kaliyan waosan Allahu Akbar minangka pengakuan kaagunganipun
Gustia Allah lan katutup kaliyan waosan Assalamualaikum wa rahmatullah minangka isyarat
bilih sak lebaripun shalat, kita tansah nglampahi perkawis ingkang nyelametaken masyarakat lan
lingkungan sekitar. Ing antarane takbir lan salam, wonten serangkaian dzikir lan perbuatan ingkang
saged dados control / pengendali, nalika dilampahi kanti saestu/ Lan bakal dados pepadang kangge
gesang ing alam donya punika. Mangka saking pribadi kados makaten, bakal nuwuhan insan
ingkang tansah nebihi tumindak-tumindak ingkang awon lan ngrugeaken liyan, saengga saged
mujudaken tatanan masyarakat ingkang tentrem lan damai. Saking tiyang soleh bakal tuwuh
kesolehan ing dalem masyarakat

:- -
: !

.
Saking Abi Hurairah ra : Rasulullah SAW dawuh : Kabeh ummatku bakal mlebu swarga kejaba sing
ora gelem. Sinten ingkang mboten purun, ya Rasulullah ? Ngendika kanjeng Nabi SAW : Sapa
kang taat marang ingsun mlebu swarga, lan sapa kang nahan awake lan tenan-tenan nulak manut
marang ingsun
Menawi kita ngakeni bilh kita ummatipun kanjeng Nabi Muhammad SAW, mboten wonten alas an
malih kangge kita sedaya nulak perintah nglampahi shalat. Tiyang ingkang mboten purun nglampahi
shalat ibarat jasad tanpa sirah. Jasad tanpa sirah mboten saged gesang, tegesipun gesangipun peteng
lan nerak paugeran ingkang sampun kadawuhaken dening Kanjeng Nabi SAW.




.
.










.
.
.
!
.

You might also like