You are on page 1of 10

Fafirru ilallah

Ho ileng manungso: podo wedio mareng pangeran iro, awet sak temene gonjangganjenge dino alamat iku sawijining haru-horo kang agung. Ono ing dinone siro podo
weruh gonjang-ganjing dino alamat besok sekabehing mahluk kang podo nyusuni anakanake utowo bayi-bayine podo lali marang pasusone. Lan kang ngandut podo nyelehake
kandutane. Lan siro bakal weruh manungso podo mendem (kelenger) : kok manungso
mau mendem sebab mangan ngombe ngono ora: balik siksane Allah iku ampuh.
Perkoro kang nuduhake pareke tekane dino kiamat
Den perkoro kang nuduhake pareke tekone dino kiamat. Iku ono rong werno. Ono
kang cilik yoiku kang diarani alamat sugro. Lan ono kang gede yoiku kang den arani
alamat kubro.
Wiwit-wiwitane alamat sugro mau iyo iku pecahe bulan ono ing zaman sugenge
panjenengan gusti kanjeng nabi Muhammad SAW. (1) dene pungkasane alamat sugro iyo
iku besok manungso podo menangi zaman walikan utowo zaman sengoro. Ing tembung
kawi den arani zaman ewuhaya, tegese zaman riyuh utowo zaman pekewuh .
Menurut istilah udo jowo: mongsone umat Muhammad iku kebagi dadi limang
undak. Iyo iku tirto, karto, duporo, kaliujo, sengoro. Pirsanono hadise kang katulis ing
ngisor garis.(1)
Menurut pemanca sing syeh syubakir, kang dongengane tau numbali gunung
Tidar Magelang wektu tanah jowo iseh awujud alas belegedekan ahise dedemit ilu-ilu
jangketan begasaan jin perayanga sak penunggalane: semongso tanah jowo wis binedah
deneng cino jepang. Soko awet iku wong jowo mulai ngancik zaman sengoro. Ila akhir.
Wallahu alam.
Wonten kedadosan menopo sak lebetipun zaman sengoro? Ing sak lebete zaman
sengoro mau akeh wong jowo keno fitnah dening sanak
1. Wong prio dadi pawesteri
2. Wong wadon ilang wirange
3. Arang-arang manungso kang eling
4. Karepe wong podo murko
5. Ono perang pupuh
6. Pan akeh mati kobongan
7. Ramene wong buru donyo, nanging arang kang metu dalan halal
8. Akeh maru ing pawesteri , nom-noman akeh kang melacur
9. Akeh wong kang ancur-ancuran omah
10. Tan mahelu masjid langgar tinumbar karang. duro catur ugo akeh
11. Wong keno perkoro, akeh kang turuk arto maring jaksa murih den selametake
sangking perkorone
12. Wong durusoyo dodero datan purun pinurih penggawe becik
13. Agamane wong kalah karo arto
14. Setat kalah karo debat, dulur dadi wong liyo, wong liyo dadisedulur.
Wong temen den girohake, ahli giroh podo den turut. Wong aman den khianati.
Ahli khianat den percoyo.
1. Akeh wong pegatan
2. Akeh wong ngombe arak
3. Akeh wong pinter kebelinger, wong ngerti kateriwal-teriwal
4. Akeh wong pasulayan bab waris, ono tirkah ora ono sing bagi. angele golek wong
kang biso bagi koyok golek gagak putih

5. Ono udan mongso ketigo, iyo iku sing diarani udan salah mongso, cacahe wong
wadon luwih akeh katimbang wong lanang, nganti ono wong lanang siji
jumenengi wong wadon patang puluh tumeko seket.
Ilo-ilo jowo wes nyebutake: (peti peluke awang-awang dudo pincang reganes
suwidak uwong, perawan siting oleh serenteng, rondo telu seduit, lancar jogo imbuhe).
Wong kang ngerasuk agama rosul, olehe netepi wewalere agomo kadio gegem mowo
1. Jagat soyo mengkeret, lakune mongso ugo soyo cepet, nganti setahun koyo
sewulan. Sak wulan koyok sak jumat, sak jumat koyo sedino, sedino koyok sak
jam, sak jam koyo lawase urube belarak
2. Arto pak mung keduwe pemerintah
3. Angele golek wong kang keno dipercoyo koyo golek barang jarahan
4. Zakat kanggo piutang
5. Akehe wong luru kaweruh kadio wudaling laron ngancik mongso labuh, nanging
sing akeh ora kerono agomo balik kerono pangkat kasinggihan kanggo buru
kemewahan dunyo utowo kanggo gedikake isine telih
6. Akhire golek wong ngerti adab agomo koyo nggolek jaran kang nduweni sungu.
7. Ono wong lanang ngiblat bojone
8. Wani marang biyunge
9. Akeh anak lali bapak, bopo lali maring siwine
Ono germo macak kiai. Ono demit munggah masjid , langgar dadi digar
1. Saben kampung den kepalani wong fasik
2. Wong mulyo dadi asor, wong asor dadi pangkat
3. Ono wong lanang den mulyake kerono wedi olone
4. Suarane wanudio kadio angin. Iyo iku serupane wadon penyanyi ahli musik,
sangkeres, biola, rbab, seterek, tari-tarian sak penunggalane
5. Ono bumi malik ing sak jerone telung panggonan
6. Kang kapisan wes kedadian ing tanah arab, ono ing zaman Abdullah bin zubair
jumeneng ngerajani negoro madinah.
sewenehe riwayat: bumi malek telung panggonan mau, siji kedadiyan ing tanah
Masyriq\Asia yoiku ono ing kuto Basyroh utowo Busoiroh kang ono ing sak jerone
benua Persi kang masyhure sak iki den sebut negoro Iran. Sijine maneh kedadiyan ing
tanah Maghrib(irupo-antarane Jerman Inggris) banjur kaping telune kedadiyan ono ing
Jazirah Arab antarane Makah Madinah sak cedake Dzilkhulaifah. Karepe bumi malek
mau,iyo iku bumi bengkah sebab ginowo sangking gedene lindu. Kasi omah-omah akeh
sing jungkur. Manungso kejobo akeh sing mati, ugo akeh kang ilang musno sebab den
untal dening bumi mau.semongso siro wes menangi wudaling wanudio sangkeres lan ahli
musik. sarto wes kerungu warto ono lindu utowo gempa bumi koyo kang kaperatilaake
ngarep mau, sak wuse iku, banjur alamat pareke tekane Kiamat Kubro tansah dlohir terus
menerus tanpo kendat koyo runcian kalung kang ora sinambung.
1. Agomo pecah dadi pitung puluh telu. Nanging kang den ridloni dening Allah
mung siji- iyo iku kang den ugemi dening kanjeng Nabi Muhammad lan
periyagung poro sohabat.
2. Ono wong umuk telung puluh ngaku dadi Nabi
3. Kebodohan dlohir .
Amar makruf sirno. Lakon munkar tansah terus menerus roto ing endi
panggonan. Wong soleh ora den aji-aji. Ulama gede podo kapundut. Akeh wong maido
kitab. Lali marang yang agung . titenono yen wes ono mongso mangkono bebendone
Allah jersoyo agung. Ngemusibah ing tanah jowo. Angin Khamrakj ngamuk. Omah lan
kekayon akeh kang robboh . manungso pun akeh sing kerem ing samudro, gembeluduk
suorone gunung, ubah kang bumi rengko, goncang-ganjing gunung gunung guntur.

Riwutan lindu perapto. Udan awu udan kerikil. Pan akeh begebluk. Akeh wong mati
ngaget. Ono mongso mangkono mau, anak putu wekas ingsun:wong eleng kelawan lali,
iseh bejo wong eleng kelawan waspodo, Fafirru ilallah(podo lumayuo marang
alah)pangeraning jagat kabeh.

Perang turki
Karepe perang turki iyo iku perang antarane wong islam lan wong kafir bongso
turki. Peperangan iki besok gede banget. Ora koyok perang zaman sohabat. Jalaran
sakjerone peperangan mau wong islam lan pihak lawan podo amuk-amuakan . wong
islam tekate gede banget. Ora wagih udan peluru udan mimis. Kang den ilingi mung
nyowo. Asal nyowone isih menggembus tekate tetep cancut perang sabil. Pirang-pirang
wong islam sing tanpo senjata banjur nenggel ono ing barisan musuh nganti kedadian
gelut. Iyo iku ono ing hadis den sebut Almalkhamatul Udhya. Ono ing peperangan
iki sing mati akeh banget. Den tutur ono ing Syarah Mukhtashor shohihut turmudzi:
upomo sing perang iku jumlahe ono wong satus, sing urip mung kiro-kiro garek siji. Ing
sak jeroning peperangan iki wong islam diparingi menang nganti biso ngerebut kuto
Qostantiniyah utowo Qostantinopel sing sak iki aran kuto Istambul iyo iku suwijine kuto
kang manggon ono ing Rum kebangsaan Turki(yen peceklik lan perang turki iki wes
kelakon ora antara suwe banjur dajal biso ucul songko bebandan nuli anjajah bumi
sakliyane Makah lan Madinah.

Dajal
Dajal iku titah bongso manungso anak turune wong yahudine negoro Madinah,
den dhohirake naliko zamane sugenge gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW. Dajal mau
naliko umur tufulah mumkiin kang disebut dening bongso Arab Ibnu Shoyyad utowo
Ibnu Shoid. Ono ing hadis nabawi lan dunia islam nganti sak iki kasedik aran dajal.
Tegese wong kang banget gorohe. Kedadiyane dajal iku gede banget.ora ono manungso
kang gene ngluwihi dajal. Pawakane gogot, sirahe kuncung, rambute gemel kaku koyo
duk, meripate sisih polos sing siji mondol. Ugo turu koyo kaperahe menungso nanging
atine ora turu. Ono ing antarane meripat lorone dajal mahu ono tulisan kafir, tulisan mau
hurupe petel-petel (,,).ngisore tulisan kafir mau ono tulisan maneh: {Saiidun Man
Kholafahhu Wa Syaqiyyun Man Athoo Ahu}: bejo wong kang nulayani dajal, lan ciloko
wong kang nunduk maring dajal. Dajal nganti sak iki isih urip, seperene umure wes
luwih songko sewu telung atos tahun. Ing dino iki isih dibondo lan diuger rante wesi
kang kuat tur kokoh banget. Besok yen wes ono mongso medeging lan perang Turki, iyo
iu ngimbir-ngimbiri dajal biso ucul songko bebandan banjur ngamuk sejo arep nyasarake
manungso sak ndunyos upoyo wong podo miturut lan gugu maring pengakuane lan
pengucape dajal kang banget bohonge iku.

Nggon metune dajal


Dajal iku besok metune songko Khurasan. Khurasan iku suwijine kuto sing
manggon ono ing tanah Persi. Persi mau sak iki den arani negor Iran iku kotane den sebut
Tohiron lan iseh kalebu tanah Masyriq (Asia). Ing wektu dajal lagi metu ucul songko
bebandan , dedeke mung sepuluh dhiro. Tingkah lakune ngimbo-ngimbo koyo tingkah
lakune wong soleh.ajak-ajak kebecikan wong-wong akeh sing kelu suwene suwo ngaku
dadi Nabi.wong kang atine iman karo Allah banjur podo mbengok(anggorohake mareng
dajal). Jalaran wong mau ngerti yen sak wuse Nabi Muhammad ora bakal ono Nabi
anyar, akhire: bareng lakune dajal wes tekan Kholah yoiku dalan antarane Irak lan Syam
banjur ngiwo nengen gembar-gembor ngaku awake iki Pengeran kang biso nguripi lan
biso mateni kanti nganakake kedadiyan-kedadiyan sing nulayani adat. Wiwit iku wong
mumin banjur podo sumingkir serto banget olehe podo anggorohake maring dajal.

Jalaran wong mukmin mau ngerti yen Allah iku kejobo ora jirim . ugo ora iso den tingali
dening meripate wong urip ing alam ndunyo liyane kanjeng Nabi Muhammad sewaktu
Miroj. Ing khale dajal mau kejobo jirim lan siwer meripate kedadiyanipun anggegilani.


sopo wonge ngaku-ngaku ono ing ndunyo weruh pangeran Allah kelawan meripat
e,moko wong iku dadi kafir zindiq , lacut, lan kejellungup ono ing jurang ndolalah.

Polahe manungso ono ing jamane dajal


Ono ing jamane dajal iku besok , endi-endi negoro utowo deso kang den ambah
dening dajal, wong-wonge banjur podo geger, polahe kadio kabeh diinteri. Ono sing
lomojar maring gunung-gunung ono sing ngalas sak piturute kerono kuatir keno fitnahe
dajal , sehinggo ono kang bondo / ngeker ibune utowo anak rabine kerono kuatir yen
podo metu songko omah banjur odo melu dajal.

Nabi khidir perang catur


Kasebut ing dalem hadis kang den riwayatake dening imam muslim. Sangking
Abu Said Al-khudri Rodiallohuanhu songko kanjeng nabi Muhammad SAW kang
surasane mengkene: ing siji wektu ono sawijining satrio petuk bolone dajal banjur
kedadian poro padu. Nganti satrio mau kelakon arep dipateni sebab ora gelem iman
maring dajal wusanane kesatrio mau banjur den tekakake ono ing ngarepe dajal nuli
kedadian perang catur rame banget kanti den kawuningani mahewu-hewu manungso.
Koyo mengkono mau satrio mau malah soyo nemen anggorohake marang dajal, nganti
midatoni wong-wong mengkene:ho eleng manungso; hiyo iki dajal kementus tukang
apus-apus sing banget bohonge kang wes den ngendikaaake dening panjenengan dalem
gusti kanjeng rosululloh SAW wiwit biyen mulo .nuli satrio den pilari, lan den geraji
wiwit mbon-mbonan tekan dubur nganti sigar dadi loro. Dajal muni: qum (tangio)!sak
naliko banjur ngadek pulih koyok sak mau-maune. Hewo semono satrio mau ora soyo
mirip nanging malah soyo lagak olehe ngelahirake kesatriane dajal den caci lan den
goroh-gorohake. Kabeh unine dajal dibantah kanti tembung kang wanteh lan solah bowo
kang den ibartake kadio manuk sikatan kang angidap-ngidapi. Dajal rumongso cures.
Jalaran sak pungkure iku banjur ora biso geraji manungso maneh. Hewo semono,
sangkeng bangete murkane dajal, ing wusanane dajal banjur ngelahirake kesombongan
lan nindakake watak adigang adigung.
Miturut dawuhe Imam abu Ishaq Asyubaii: saktemene satrio mau iyo iku baginda khidir.
baginda khidir iku wes katulis wiwit zaman azal bakal kapundut syahid besok ono ing
zamane dajal. Lan baginda khidir oleh puji-pujian sebagai juara syahid ono ing alam
malakut. Baginda khidir iku dumunung nabi Allah kang sehat badane, perasaja dedeke,
urip nitro kalihe, celiring-celiring piningale bingar wedanane wenteh tetembunge,
kagungan asma balya, kagungan kuneh abu al-abbas karan baginda khidir putero malkan,
waqila:putero amil turun soko ish ibni ishaq bin ibrohim al kholil alaihissalam.
Dene namane baginda khidir iyo iku alhabinti faris. Iseh pernah bibi karo rojo iskandar
dzulkornain. Bibi urut songko ibu. Ing tembung arab den tembung kholah. Dadi baginda
khidir iku karo rojo iskandar dzulkornain sing gawe kerangkenge yakjuz makjuz kang
nganti sakiki durung rusak, kapernah misanan. Sepuh rojo iskandar dzulkornain.
Baginda khidir iku saben tahun sepisan kumpul karo kanjeng nabi ilyas ono ing arofah
lan ono ng masjidil khof mina . hiyo iku ono ing wayah rame-ramene wong podo
nindakake haji. Priagung loro mau kongsi dino iki isih sugenglan bakal kapundut besok
ono ing zamane dajal.

Lawase dajal anjajah bumi


Kasebut ing dalam khadis riwayat Abi Isa At-turmudzi lan Imam Muslim soko
Nawas bin Siman Al-Kilabi Rodiallohuanhu: lawase dajal anjajah bumi iku mung
sakjerone patang puluh dino. Nanging patang puluh dino iku lawase podo karo empat
belas bulan punjul empat belas hari. Jalaran patang puluh mau sing sedino bandingane
setahun, sing sedino maneh koyok sewulan, sing sedino maneh koyok seminggu, banjur
dino sekerine koyo dino kang kito alami iki
Wajib den imut-imut: ono ing sakjerone dino-dino kang lawase podo karo setaun,
sewulan lan seminggu mau wong mukmin tetep kawajiban nindak ake sholat maktubah l
wektu ing dalem saben patlikur jam.

Hawatif lan jemedule imam mahdi


Kucapo naliko dajal pinuju seser-sesere mitnah manungso, jebul kasaru ono
hawatif. Iyo iku suoro tanpo rupo ono ing bumantoro. Nuturake: setuhune imam mahdi
wes mijil ono ing negoro mekah songko deso karimah mbeneri malem sepuluhe wulan
dzulhijjah ing sak jerone taun ganjil songko hijroh. suworo mau wong sak jagat kerungu
kabeh sarto paham maring karepe. Naliko ono suoro mangkono mau, wong podo soksokan teko mekah :doyo-doyo pengen weruh selirane imam mahd ikang lagi mijil sangko
ghoib iku. Bolo iblis podo liwung. Wong islam podo sukak-sukak. Jalaran hiyo imam
mahdi iku sing mesti bakal biso nyirna ake kekisruhan ono ing mongso kang rusak.

Imam mahdi
Imam mahdi iku sawijining periyagung guayane iseh muda, wedanane
mencorong, jenggote sempurno, pipine tengen ono andeng-andenge, kulite bongso arab
(ora kuning ora ireng), jisime jisim isroil (gede duwur) jejuluk imam mahdi kagungan
asmo Muhammad, putero abdulloh , tedak rosul, turun songko sayidina khusen al-sibthi;
sayid khusen putero songko sayidatina fatimah binti rosulillah saw.

Dzohire imam mahdi


Imam mahdi iku sak iki wes maujud. Panjenenga den dhohirake ono ing mekah
mbeneri wengine nifsu syakban tahun sewu rongatus seket limo hijriyah. Dadi seprene
yuswone imam mahdi iku wes luwih songko sak abad. Wallahualam.

Imam mahdi nganakake sidang


Naliko imam mahdi sek mijil, tumuli pinarak senden ono ing kabah kanti den
dep dene poro rijal akehe ono telungatos telulas. Ing kono banjur nganakake sidang kilat
kang ijemane ngandarake; setuhune panjenengane iku kinarsaake dening Allah purih
nggowo toto tentreme ndunyo lan raharjone umat serono dasar islam miturut syariate
nabi akhire zaman. Nuli imam mahdi baiat poro patih purih rumusake undang-undang
islam kang katindakake dene imam mahdi maring sekabehane bongso. Sak wuse sidang
cukup, nuli imam mahdi ambles marang kufah, teko kono ngecolake wadio bolo purih
bismillah cancut perang sabil.

Imam mahdi perang sabil


Imam mahdi iku besok ugo nindakake perang sabil koyok zaman priagung poro
sohabat, tegese perang sabil mau, iyo iku perang sing ora kerono dunyo, balik mung
ikhlas kerono nulungi agama ning Allah sing wes pirang-pirang tahun ngalami nistho,
perange imam mahdi biso lancar lan diparingi menang nganti biso ngereh manungso sak
dunyo, imam mahdi kejobo den jogo dening jibril mikail ugo dibantu malaikat akehe
telungewu numpes maring wong kang melanggar undang-undang islam kang
katindakake dening imam mahdi, panumpese ibarat kadio alap-alap buru memangsan.
Kang musuh kabeh ebah. Kang wani hiyo podo mati. Kang ora enggal podo nyerah podo

lumajer gugup gegab ibarat kadio tikus weruh kucing utowo wedus weruh macan. Akhire
banjur podo nyerah lan nunduk maring imam mahdi. Kedudukane imam
mahdi iku mung ono ing negoro arab nanging hukum peperintahane biso
tumindak weroto sak alam dunyo. Lawase imam mahdi nguasani
peperintahan ono ing dunyo miturut syariate kanjeng Nabi Muhammad Saw
iku besok ora luwih songko sepuluh tahun. Banjur kapundut ono ing negoro
khufah. Nanging kapundute imam mahdi mau sak wese dapuk perang karo
dajal lan sak wuse pertemuan koro kanjeng nabi Isa koyo kang
kaperatilaake ngisor iki
Imam Mahdi pertemuan karo nabi Isa ing sak jerone wektu asar, Imam Mahdi pertemuan
karo nabi Isa ono ing masjid jamai bani umayyah ing kutho Damasy-Kusy ing kono
periagung mau podo kendel sewengi ngakeh-ngakehake semedi maring yang agung.
Bareng wes padak isuk ono sayup-sayup suworo adzan, iyo iku adzane malaikat jibril,
ambarengi karo metune pajar sodiq kang sumorot ing wayah bangung. suko sumur wektu
subuh ampun demugi. Nuli ono suoro iqomah. kanjeng nabi isa lan imam mahdi banjur
gelis nindakake sembahyang jamaah fardlu subuh. Imam mahdi tinuding dadi imam,
skanjeng nabi isa lan kaum muslim makmum ono ing wingkinge imam mahdi

Patine dajal
isok-isok ing daerah palestin wong-wong podo geger sebab den amuk dening
dajal kanjeng nabi Isa banjur tindak maring palestin perlu nulungi kaum muslim, sak
kola iku dajal banjur lolos nuli den bledik dening nabi Isa lan biso ketututan ono ing
Babilud sak lor kulone ibu kota Palestin iyo iku Baitul Muqoddas utowo Yerus-salem
antara telung kelo. Tekokono dajal den pateni dening nabi Isa mitirut sawenehe cerito
kanjeng nabi isa ora biso nututi pelayune dajal, mulo banjur medar sabdo mengkene: hu
bumi! Untalen sikile dajal: wektu mengkono iki sikile dajal pinuju midak bumine
kampung luth banjur ambles maring bumi lan biso ketututan dening kanjeng nabi Isa.
Kanjeng nabi Isa banjur menteleng ngadepi dajal karo ngendiko: hu dajal: siro wes
ngaku pengeran kang gawe langit bumi sak isine . wes piranng taun urip iro ono ing
dunyo. wes ono pirang manungso kang siro sasarake. Sak iki sopo sing arep siro sembah.
Guwo tijo murup ing wadane kanjeng nabi Isa. Gelap sayuto suarane kanjeng nabi Isa.
Dajal bungkem tan biso ngucap awake banjur mempes ora biso mundak gede maneh ,
ilang dayane , lang kawibawane, teko pengapesane, badan sakujur geter ibarat kadio
kibas den dep dening macan buas kang mesti bakal ngerah nyowo, teko kanjeng nabi isa
banju rnanjakake geliwange maring janggane dajal, gulune dajal pijer andeler getih
senggar-senggur ngalami sekarat polahe kadio ayam den sembelih. Wusanane banjur
mati nistho.

Perange kanjeng nabi isa


Kanjeng nabi Isa iku ugo bakal nindakake perang sabil koyo Imam Mahdi balane
among sirrulloh, iyo iku poro malaikat lan jin islam. Ing wektu iku dunia islam ugo podo
nganakake perang anut perange kanjeng nabi Isa . lan diparingi menang. Kang musuh
bayah rebah, kang wani hiyo podo mati tumpas tampis sak kancane. Wit-witan kayu watu
sing ginawe melindung kafir yahudi podo wadul mengkene: hey wong islam ikilo yahudi
ndelik ono buriku; mereneo patenono. Wit-witan podo wadul koyo mengkono mau
sakliyane wit cemoro ing wektu iku wit cemoro sing paling akeh ono ing negoro Siberia.
Ing kono ono alas cemoro.

Dahube lan Wafate kanjeng nabi Isa


Besok ing akhere zaman nabi isa ugo bakal dahub, dene kang den garwo iyo iku
wanito soko ahli asqolainlan pinaringan putero loro kakung . sing siji kanamanan
Muhammad, sing siji maneh kanamanan musa.akhire banjur tindak haji maring masjidil

harammakah. Nuli tindak maring yasrib (madinah) kerono arah ziaroh maring kanjng
nabi Muhammad saw. Ing ono ora suwe banjur gerah nganti teko wafat, nuli jenazahe
den makomake ing irenge kanjeng nabi Muhammad.

Sifate yakjuj majuj


Yakjuj makjuj iku ugo bangsane manungso asal songko turki anake sanaf bin
yafits bin nuh alaihis-salam.
Sifate yakjuj makjuj iku ono telung werno . ono sing koyo tawon. duwure ono
satus rong puluh hasto. Ono maneh sing pesagi kupinge ombo banget. Yen turu kuping
siji ginawe kemul sing siji ginawe lemek. ono meneh sing duwure kurang luwih sekilan,
wilangane yakjuj makjuj iku luwih akeh katimbang wilangane manungso kang liyane
yakjuj makjuj
Kabeh mau bakal dadi isen-isene neroko jahanam. Jalaran ora ono sing iman
babar pisan. Panggawehane mung ngerusak. Ing endi-endi panggonan podo njenggong
koyok asu. Nguyuh ngising sak enggon-enggon . ora ono panggonan kang dianggep
jembar. yakjuj makjuj iku ora mati batange ora dipendem. Balek diramon karo koncone.
Gajah, rojo koyo, pitik, bebek, mintok lan gegermetan bumi: koyo kodok, bekicot, ulo
sak piturute podo rusak sebab dipangan warasan dening yakjuj makjuj. Banyu bengawan
saikhon lan bengawan jaikhun, lan telogo tobariyah, ing mongso sedino biso sat amergo
den ombe dening yakjuj makjuj, manungso ugo akeh sing mati sebab keno jemparinge
yakjuj makjuj. Den dawuhake dening badhul-mufasirin koyo kang wus den ngendiake
dening imam ats-tsalabi kang den tulis dening Muhammad ibnu ahmad bin iyas alkhanafi ono ing kitabe aran badai az-zuhur fi waqoi ad-duhur cap-capan sing kaping
pindo kang den watokake dening mathbaah khalabi mesir tahun sewu telung atos
telung puluh pitu masehi ono ing bab dzikru qish-shoti iskandar dzulkornain koco
nomer satus wolong puluh loro surosone mengkene ono ing zamane yakjuj makjuj,
manungso gede cilik akeh sing ngalami kerusakan sebab den watik dening yakjuj makjuj
sarono den rudo pekso, walkhasil susah payahe manungso ing wektu iku wes ora keno
diukur babar pisan jalaran penggawehane yakjuj makjuj iku sifate ora nyasarake balik
ngerusak tanpo angger-angger. Tandur-tanduran sing dadi pangupo jiwone manuso lan
wit-witan ugo podo njeleput sebab den rusak denig yakjuj makjuj kang banget akehe iku
kabeh bumi iku ugo letuh den ambah dening yakjuj majuj liyane makah lan madinah
baitul muqoddas lan gunung thur. Bumi patang panggonanmau ora biso di ambah dening
yakjuj makuj. Jalaran bumi patang panggonan mau jogo rapet deneng poro malaikat. Ing
wektu iki yakjuj makjuj iseh manggon ono ing sakjerone jurang sing ombone ono satus
skeet hasta, jurang mau diapit gunung amlas lan gunung munqotik, gunung amlas iku
tegese gunung sing ora biso diambah manungso sebab banget lunyune gunung munqothi
iyo iku gunung sing mburine wes ora ono opo-opo kejobo segoro. Antarane gunung mau
dipageri rapet dening waliallah rojo iskandar dzulkarnain naliko taun sewu limang atos
telung puluh qobla hijroh. Pager mau kedadian songko gelogoran wesi kang diluluhi
nganggo jer-jeran tembogo. Duwure ono kurang luweh nematos hasto. Podo karo duwure
gunung. Ombone ono kurang luweh telungatos hasto. Dowone podo karo adohe antarane
gunung siji lan sijine. Iyo iku antarane satos pas . pager mau saben ndino seprene tansah
dikerowoki dening yakjuj makjuj. Yen mongso bengi leren, nanging ora bakal biso butul
selagi kanjeng nabi Isa dereng temurun.

Patine yakjuj makjuj


Ing ngarep wes diterangake: ono ing zaman yakjuj makjujmau kanjeng nab issa la
kaum muslim podongungsi maring gunung thur. Ing kono podo kesumpetanpangan
kanjeng nabi isa lan kaum muslim podo dedepe maring gusti allah, nyuwun supoyo
yakjuj mkjuj enggal kasrnaake. Nuli allah moho welas nurunake pirang pirang ulerr

podo ngerikiti yakjuj makjujsak naliko iku yakjuj makjuj podo matibareng ora ono sing
ketinggalan.
Sewenehe riwayat :patine yakjuj makjuj sebab den amuk angin puyuh=iyo iku
angin kang ginawe ngerusak ing kaum aad. Ginowo songko gedene pengamuke angin
maumung sak jerone mongso sak jam, yakjuj makjujsing banet akehe iku biso mati
babarji ora ono sing keri. Kanjeng nabi isa lan kaum mmmuslim banjur sukur mareng
allahlan metu songko pangungsene . nanging wusanane banjur podo susahmaneh, jalaran
rumongso ora biso ngerupoko weruh batange yakjuj makjuj kang banget akeheiku.
Kanjeng nabi isa banjur dedungomarang allah. Nuli allah taala nurunake pirang-pirang
manukgede-gede. Rupane ireng anduweni serupane gulu manjing. Empere mungguh sak
iki manuk cangak. Podo gondoli batange yakjuj makjuj. Binuwang maring tanah mahbal
yo iku tanah sing ora ono isine manungso.
Sewenehe riwayat:batange yakjuj makju binuwang dening segoro lan den pangan
dening iwak, wektu iku iwak ing segoro podolemu-lemu. Awake roso rumnyah. Kanjeng
nabi isa lan kaum muslim banjur sukur . nanging ijeh rumongso jenges. Jalaran taine
yakjuj makjuj pating telecek sak dalan-dalan or ono senggange. Gandane ngalek-ngalek.
Kanjeng nabi isa banjur dedungo maringgusti allah , nuli allah nurunake udan deres.
.wong islam banjur sukur maring allah amergo taine mau podo ilang.senajan qola-qola
gandane yakuj makjuj mau iseh sok mambu breng-bregan nganti pitung taun lagi ilang
blas.ing wektu iku bumi kebak jemparinge yakjuj makjuj, jemparinge yakjuj makjujmau
podo den gunakake manungso kanggo iferik-iferik ngantim pitung taun, seko wet iku
kanjeng nabi isa meranoto ndonyo. Gawe toto tentereme umat. Miturut uger-uger agomo
islam, wong sing asale kafir tur wangkat atine podo bungah masuk agomo islam.

Patine Iblis laknat


Ing wusanane naliko iblls laknat wes teko ajale, nuli allah taala utus iyo iku
malaikat izroilpurih njabut nyawane iblisnuliizroil metui iblis den penganggoni
sandangan haibah sarto kaderekake dening malaikat zabaniyah juru sikso neroko, izroil
banjur mentelegngadepi iblis karo celetuk :yaa khobitsu: hu syaiton jember:nyekti ing
dino iki ingsun bakal njabut ing nyowo iro. Wes pirang taun lawase umur iro? Wes ono
pirang akehe panthon kang siro sasarake ?songko bangete kagete si iblis, sak naliko iblis
banjur njerit lan lumajernganti njeuduk jagat wetan, wusono izroil wes menteleng ono
ing ngarepe, amblas njeduk jadat kulon izroil wes menteleng ono ing ngarepe,iblis
rumongso putek nuli ngadek ono ing tengahe ndunyoono ing nduwure pesareane kanjeng
nabi adam. Iblis rumongso mangkel banget maring nabi adam. Jalaran naliko iblis iseh
dadi golonga lnuwihdituding dening allah purih sujud maring kanjeng nabi adam
bangkang, balik maneh ngengkel metengkreng nganti ngungkul-ngungkulake asal
purwane , sehinggo dadi sebab deweke dadi golongan cilokomencit. Mulo iblis ugo
celetuk ono ing pesareane kanjeng nabi adam : ya adam ; sebab siro ingsun dilaknat; lan
sebab ingsung siro katulak ; nuli ibliss maturmaring izroil: yaa malakal maut!inuman opo
kang bade paduko inumaken dating kulo?izroil banjur sak naliko jawab bikaksi
ladlowassairnganggo omben-omben neroko ladlo lan neroko sair; nuli iblis gulung
kemaksehinggo teko bumi nggon asal temurune. Teko kono iblis banjur dikeroyok
tombakdening malaikat zabaniyah. Nuli iblis ngemu sekarat lorne matine jin manungso
tumplek blek ono ing iblis allain. entek riwayat iblis

Umat Muhammad ing akhirat kabagi dadi telu


Umat Muhammad (wong sing matine netepi iman tauhid marang Allah songko
umat kanjeng naib gusti Muhammad ) iku ono ing akhirat kapirang dadi telu, sing
sepertelon manjing ing suwargo tanpo khisab, sing sepertelon teko sarono gowo doso lan
keluputan banjur di sepuro, sing sepertelon maneh gowo sekatahing dosolan keluputan
8

sak gunung banjur podo nompo hukuman ono ing jahanam. Nanging rupane ora irengireng koyo wong kafir, lan ora digandengake karo bolo syaithon, sarto ono ing
pahukuman suwe-suwene ora luweh songko pitung ewu tahun, akhire banjur manjing
suwargo birohmatillah, wabisyafaati rosulillah solallohualaihiwasalim.

Khayawan kang manjing suwargo


Dawuhe Imam Maqotil: khayawan ugo ono sing manjing ing suwargo akehe
sepuluh. Iyo iku Untane Nabi Sholeh, Pedete Nabi Ibrohim, Wedus Gibase Nabi Ismail,
Sapine Nabi Musa, Iwak Khut kang nguntal Nabi Yunus, Khimare (keledai) Nabi Uzair.
Semute Nabi Sulaiman, Hud-hud (manuk pelatuk bawange rojo Bulqis). Untane Nabi
Muhammad. Lan Asune Ashabul Kahfi. Asu mau rupane kuning, ing suwargo
kedadiyane jur maleh koyo wedus gibas kajenengake qithmir, waqiila: tawarum. Waqiila;
huban. intah. wallahu alam
: iyo iku solat kanggo ngerekso iman. Rong rokaat. Saben

rokaat moco fatihah, ayat kursi, (falaq-annas)1X, sak wuse salam nuli
ndungo:


3X

setelah sholat badiyah maghrib


: dua rokaat saben-saben rokaat moco fatihah sepisan , surat
ikhlas ping telu antarane maghrib lan isyak
:rong rokaat bado maghrib saben rokaat moco fatihah sepisan
lan surat ikhlas ping telu {Allah bakal nambeli songko wong mau sholat
patang puluh tahun}
Imam Athobarsi ugo andawuhake , sopo wonge rumongso kepotan sholat,
ing khale ora ngerti piro wilangane solat kang di potake iku , mongko
sholato patang rokaat kelawan tasyahud siji, wektune sak wese maghrib
jumat kang akhir songko wulan romadhon, lafal niyat mengkene:

saben rokaat moco fatihah sepisan , surat qodar lan surat kautsar kaping
limolas mongko solat mau dadi kafarote olehe kapotan sholat patang puluh
tahun

: solat kafarotil uyoh. Iyo iku rong rokaat sak wuse sholat dhuha,

rokaat awal moco fatihah sepisan , surat kautsar ping telu, rokaat kapindo
fatihah sepisan, lan surat ikhlas ping telu sholat mau dadi kafarat sangking
najis uyoh . hiyo iku wiwit-wiwitane perkoro kang di hisab tumereping
kawulo ing dalem kubur.aktsaru min adzabil qobri minal bauli
: menowo siro kerupekan utowo kangelan oleh iro nggolek
pangupo jiwo kanggo nafaqohi awak iro lan anak rabi niro, mongko solato
darul-faqoh patang rokaat.saben-saben rokaat moco fatihah sepisan . nuli
moco surat utowo ayat quran endi kang disenengi. Upomo rokaat awal
moco alam nasyroh rokaat kapindo moco surat al-qodar, rokaat kaping telu
9

surat quraisy, rokaat kaping papat surat kautsar, koyo mengkono endi kang
disenengi. Sak wese salam nuli moco iki




: menowo duwe utang ing khale or biso-biso nyahur, mongko
solato patang rokaat supoyo enggal biso nyahur utang . karepe ojo

ngasi matinanggung utang. Ono ing rokaat awal moco alfatihah


sepisanfalaq-an nas ping sepuluh. Rokaat kapindo fatihah sepisan, surat
kafirun ping sepuluh. Sak wuse salam moco

Nuli ngadek sholat maneh rong rokaat. Ono ing rokaat awal sak wuse
fatihah moco alhaakumut-takaatsur ping telu, walashri ping telu, rokaat
kapindo sak wuse fatihah moco idza zulzilat ping telu, surat ikhlas ping telu.
Sak wuse salam nuli sujud , sak jerone sujud nuli moco:
3x
nuli lungguh moco:

10x
:solat ngabekti marang bopo/ibu, rong rokaat. Wektune ono ing

malam kemis antarane magrib lan isyak, ono ing saben-saben rokaat sak
wuse fatihah sepisan nuli moco : ayat kursi, falaq- annas ping limo-limo, sak
wuse salam moco istighfar ping limolas, solawat ping limolas, nuli ndongo:

10

You might also like