You are on page 1of 4

CERKAK BAHASA JAWA

OLAHRAGA SINAMBI DOLAN

Disusun oleh: Ninik handayani

XI KI2
Dina minggu wingi aku karo Putri pit-pitan nang Glagah. Aku

karo putri milih ngisi dino minggu nganggo kegiatan seng ono

manfaate ,aku milih pit pitan nang glagah amergo ono manfaate

yoiku sinambi olahraga amergo olahraga nggadhai kathah gina

kanggo awak yoiku saged mbiantu sirkulasi rah ingkang

sae,ningkataken metabolisme awak,lan kanggo ngademke pikiran

lan sakpiturute. Olahraga kui wajib kanggo sopo wae ora mung

kanggo tiyang sepuh ananging cah enom yo kudu olahraga .


Esok kui aku mangkat jam limo,Aku milih nganggo pit amergo

menawa mlaku jarak omahku adoh ,meh saben minggu aku

olahraga nang glagah ,nanging umpamane aku ora ono wektu aku

biasane olahraga nang omah.biasane aku olahraga enteng koyo

senam lantai,push up,sit up .


Awalane aku karo putri sregep olahraga amergo aku moco

artikel seng nerangke penyakit kang bisa nyerang cah enom-

enom .salah siji pennyakit seng paling gampang nyerang yoiku

Diabetes. yoiku penyakit amergo kadar gendhis inggil .biasane

diabetes amerga pola maem lan males obah utawa olahraga koyo

dene luweh milih santai utawa turu lan dolanan hp ing wektu

luang.latian kang saged mbiantu mandhapke kadar gendhis yoiku

saged nindakke aerobik,yoga enteng Ono penyakit liane yoiku

kolestrol,wong kang nggadhai kolestrol inggil saged nekakke pirang

pirang penyakit kados jantung uga stroke. Latian kang saged

mbiantu mandhapake kolestrol inggih menika jogging,latian kardio.

Wiwit dina kui aku lan putri nduwe rencana kanggo olahraga

rutin lan njaga pola makan utawa ora sembarangan anggone tuku
panganan ora saben panganan kang enak lan larang kui apek

kanggo awak .
Saben dalan tumuju Glagah aku nemoni wong kang podo

olahraga ananging luweh okeh wong kang umure sekitar 40 taun

munggah.Ono sek ngepit ,mlaku,lan mlayu. Pancen olahraga kui ono

pirang pirang carane .


Nalikane wes tekan Glagah aku karo putri banjor terus wisuh

nang banyu segoro.banyu segoro yo nduweni manfaat kanggo kulit

yoiku bisa nambani cacar,gatel-gatel .saben nang Glagah aku

mesthi golek jingking lan undur-undur laut .Ananging senajan undur-

undur saiki wes langka lan anggel rodo angel amerga kudu ngoyak

an kudu njrowakl amerga ombak Glagah saiki gedhe dadi bahaya

nek arep nyerak golek undur-undur.mulo kui aku karo putri milih

golek jingking laut wae sek ora nyerak banyu naging rodo angel

amerga kudu ngoyak lan kudu njrowaki omae .

Sakwise aku karo putri banjor ngetokke wadah seng tak siapke

nggo wadah jingking laut, aku karo putri mlayu golek jingking

kanggo melas mbak ku


Jingking segoro kui nduweni kandungan protein kang akeh lan

luweh okeh tinimbang yuyu .sakwise aku oleh jingking okeh aku karo

putri bali gandeng wes panas barang tur jingkinge yo wes oleh

okeh.aku karo putri wisuh nang banyu segara amerga reget keno

wedisegara.
Aku karo putri njukuk pit terus mangkat bali .tekan omah aku

karo putri ados terus salin klambi ,sakwise salin aku ngewangi

mbakyuku gawe pelas jingking le ku golek mau,aku ngewangi

marut kambil lan putri ngewangi golek godhong gedang kanggo


mbungkus pelas mau. Mbak ku gawe bumbu ,sakwise pelase wes

dibungkus terus dikukus . sekitar setengah jam pelase mateng.


Sakwise pelase mateng aku karo putri sarapan ,sakdurunge

adhiku putri ora doyan mangan jingking lan panganan koyo jangan

ijo-ijo nanging luweh milih gawe sarimi.nanging sakwise ngerti

penyakit kang teko amergo ora njogo pola makan putri terus wedi

lan tekan saiki doyan karo sayor koyo bening,gudheg,bobor, lia-

liane.
Sesok minggu aku karo putri wes rencana arep mennyang

glagah meneh ning ora meng aku karo adhiku aku arep ngejak

kanca kancaku sek lia.supoyo podo gelem olahraga ora mung sibuk

dolanan hp saben dina minggu. Ananging ngisi dina minggu kanggo

kegiatan seng ono manfaate. Yo salah sijine pit pitan nang glagah

wes sehat karang ngetokke kringet iseh oleh jingking kanggo melas.

You might also like