You are on page 1of 1

Anoman Duta

Waktune wis tenggal esuk, sing weten katon cahayane serngenge abang sumirat
ungup-ungup, neng pucuk gunung. Anoman bingung pikire awit during ketemu sing
digoleti. Terus nggoleti neng bangunan gedhung sing asline ngeluwihi, mewah tamane sing
endhahe laka tandingane.
Lah kiye sing diarani Taman Argasaka tempat tinggale Sang Putri Manthili, ya Dewi
Sinta disingitake daning Prabu Dasamuka. Dewi Sinta saben dina sedih ngangen-ngangen
maring Sri Ramawijaya, tapi Trijatha terus ngupaya nggawe seneng. Sang Dewi, saben
Dewi Sinta kesambat ngeluh, Trijatka terus nggawe seneng ngasih-asih mbelani Sang
Dewi.
Dadakan ana sing teka, Prabu Dasamuka manjing neng Taman Argasaka mbujuk
marang Dewi Sinta, njaluk bambange. Dugal Prabu Dasamuka krungu amongane Dewi
Sinta sing nggawe lara ati. Sewot narik keris pan ditusukna marang Sinta. Sang Dewi ora
wedi marang panganceme Rahwana, pedhes anggone ngomong. Arane Prabu Dasamuka
krungu omongane Dewi Sinta, terus mundur karo ninggal pesen maring Trijatha supaya
dirayu pikire Dewi Sinta ben gelem dibojo.
Ketek putih (anoman) sing umpetan ana neng akehe wit Mogasari wis ora tiba-tiba
yen wanita sing ayu jebule kuwe Dewi Sinta sing digoleti. Sawise Anoman nganggone
tembungan nyeritakake lakone Sri Ramawijaya sing pisah lan nggoleti bojo kasihe
ndadikna geger Sang Dewi karo Trijatha lan para pembantu. Lagi kiye ngerti ana ketek
wulune putih nemen, nganggo pakean kaya manungsa, pinter nembang suarane kepenak
nggawe ayeme ati.
Sang Dewi Sinta krungu tembange mau ndadekna terenyuh ngelangsa neng ati
kemutan marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun sing wit-witan Mogasari, terus
mlaku ndodok sila karo ndungkuk.
Dewi Sinta nampani ali-ali sing diwekena Anoman, kaget pikire runtuh perasaane,
ora pangling kiye cekelane bojone sing lanang. Anoman nampani candhamanik karo surat
sing Dewi Sinta, terus nyuwun pamit karo ndodok mlaku padane Sang Dewi. Sedurunge
mundur soko ngadepe Sang Dewi, Anoman ninggalno pesen marang Gusti Putri Manthili
bahwa Negeri Ngalengka pan dadi lautan getih.

You might also like