You are on page 1of 1

Legenda Bahasa Jawa :

Asal Usule Kutha Surabaya

Garwa prameswari majapahit (garwane prabu brawijaya) nalika siram ing taman bebarengan karo
para sisihane panggedhe majapahit, dumadakan ilang musna. Majapahit geger. Prabu brawijaya banjur
ngutus sungging prabengkara nggoleki garwane sang prabu. Ing tengan dalan sungging dipethuki nabi
khudur lan diparinggi katranan yen prameswari majapahit mau wis seda dishusta dening iwak sura lan
baya.

Iwak sura lan baya nalika andhusta prameswari majapahit mau apengawak manungsa, nabi khidir
banjur mundhut pirsa marang kekarone kepriye larah-larahane dene wong loro mau andhusta lan
mateni prameswari majapahit nalika didangu dening Nabi Khidir kekarone padha banjur tutuh-tinutuh
awit padha ora rumangsa dosa, jalaran anggone mateni prameswari mau saperlu mung kanggo lebong
weteng.

Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni prameswari Majapahit kuwi iwak sura (dene baya mung melu
ngobyongi wae), nanging sura ora gelem ngakoni dosane sakteruse banjur tuwuh pancakara antarane
iwak sura karo baya. Perange iwak sura karo baya ora ana ing dharatan nanging ing kali. Kaya
mangkono trajange sura lan baya anggone pdha gelut. Loro-lorone pdha kuwate, ora ana sing kalah
ora ana sing menang. Wong loro padha keket olehe gelut saengga awor dadi siji. Wusanane, amarga
wis ginaris dening sing gawe urip, sura lan baya banjur musna tanpa lari.

Sakmusnane sura lan baya, ratu jenggala tumendhak ing sapinggire bengawan. Sri Naranata
andangu marang kawulane saperlu mundhut pirsa mula bukane wong-wong mau padha ana ing
sapinggire bengawa. Kahanan kang kaya mangkono iku Sri Naranata banjur ngendika, mbesuk yen
ana rejang jaman papan kene

NAMA: ACHMAD RISEL ARABY


KELAS: VII G
NO ABSEN: 1

bakal takjenengake
SURABAYA.

You might also like