You are on page 1of 5

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati,

Bapak/Ibu Guru saha staf karyawan/ti ingkang kulo hormati, adhik-

adhik kelas lan rencang rencang kelas 9 ingkang kulo tresnani.

Sumangga kita sedaya ndereaken puji syukur wonten ngarsanipun

dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring

kanikmatan dumateng kita sedaya, saengga kita saged kempal

manunggal ing aula ( nama SMP ) kanthi sehat wal afiat.

Saklajengipun kula aturaken panuwun dateng Bapak/Ibu Guru ingkang

sampun nglonggaraken wekdal nrawuhi adicara menika.

Kulo minangka wakil saking kelas 9 ngaturaken agunging panuwun

dumateng Bapak/Ibu Guru, amargi awit saking katresnan panjenengan

anggenipun nggulawentah dumateng kulo sakanca ngangsu kawruh

wonten ing pawiyatan menika, saha saged lulu 100%. Ingkang nomer

kalih, kulo sakanca nyuwun ndonga pangestu, mugi mugi ketampi

wonten sekolah ingkang dipun idam-idamaken. Ingkang pungkasan,


kulo sakanca dinten menika nyuwun pamit nilaraken ( nama SMP )

menika.

Kulo dedonga, mugi mugi ( nama SMP ) tetep jaya lan majeng

prestasinipun.

Cekap semanten atur kulo, menawi kathah kalepatan atur saha solah

bawa ingkang mboten mranani penggalih, kulo nyuwun pangapunten.


Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu

Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang

ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing

wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita

saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Isi Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang

tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun

nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban

anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.


Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu

Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah

pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah

dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring

ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca

ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi

tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa

ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like