You are on page 1of 6

ANOMAN OBONG

Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka


menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren. Ing
taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe. Awake kuru aking,
rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau
ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga
keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik.
Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur
ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta
supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu
Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kui rupane ayu lan
polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora
beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati
suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri
Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda
andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran
Anoman. Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan
kepriye kahanane Dewi Shinta.
Tekan keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke
kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri
Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi Shinta lan entu sisik
melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali.
Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja.
Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman
diukum obong. Anoman diukum obong ing laun-alun Alengka.
Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika
diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan
omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Kraton
Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat
amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka
supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran
marang Sri Ramawijaya.
Swasana lan kaanane kraton Alengkadiraja nalika diobong dening Anoman
kaya sing diceritakake ing lagu campursari Anoman obong.
LAHIRE ARJUNA

Ana ing sawijining dina Begawan Abyasa, Madrim, Puntadewa, Yamawidura, Kunti
lan Bima kumpul ing kraton nunggu baline Prabu Pandhu. Ora suwe dumadakan
teka salah siji utusan saka Pandu kang anggawa warta yen Prabu Pandu nembe
wonten tugas ndereke Basudewa tindak ana ing tlatah Mandura.

Dewi Kunthi kang nembe mbobot tuwa banjur ngahirake bajang bayine. Saka
kelahiran iku bayi kang lagi wae mbrojol saka njeroweteng Dewi Kunthi banjur
digendong dening Bima sing ora liya yaiuku Kakang saka jabang bayi kui mau. Bima
nggendong adine menyang tlatah Mandura kanthi kawalan saka Begawan Abyasa.

Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi
Bandraini. Piyambake sedaya pada nunggu kerawuhan Basudewa. Ora suwe banjur
Raja Basudewa dumugi kanti diderekake dening Padu lan Arya Prabu. Dewi Badraini
kang ugo nembe mbobot tuwa banjur nglairake jabang bayi kang ayu lan diparing
asma Sumbadra.
Ora suwe Bima teka ana ing Mandura kaliyan nggendong bayi lanang yaiku adine
dewe kanti kawalan Begawan Abyasa. Banjur bayi iku dicaosake dening Prabu
Pandu kang ora liya yaiku bapakne. Banjur Pandu paweh asma dening bayi iku kanti
jeneng Parmadi, semono uga Begawan Abyasa paweh jeneng Palguna dening anak
Dewi Kunti, sawetara Bima dados kakange paweh jeneng Jlamprong dening bocah
kui. Bocah iku sakmangkih dadi ksatria kang bagus lan kuat, kalebu ana ing bagian
Pandawa Lima kanti julukan terkenal yaiku Arjuna.

Ona ing papan kui sakmenika awonten bayi loro kang gadah asma Parmadi lan
Sumbadra, banjur Basudewa mangku keloro bocah kui, Parmadi ana ing pupu
tengen lan Sumbadra ana ing pupu kiwa ne Basudewa. Saka kunu keloro bocah kui
dijodohake kawit bayi cenger lan Basudewa sabda yen saka keloro bocah iki sesok
bakal anurunake keturunan kang dadi raja.
WERKUDARA (BRATASENA)

Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora
tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi
diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku
Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena.

Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara
tansah ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan
mangkono Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh
ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang,
adil. Watak setya marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune
Pendhita Durna goleh banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang
sajatine Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti
marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru sejati
(Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.

Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe


kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi
(wacanen: Dursanana!). Tresna marang kadang, kabeh kadange tansah dibela
lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe bakal diajar,
kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka sebab
sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi Ratu Wiratha
(wacanen:Matswapati).

Ing perang Bratayuda Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara kang


bisa mateni Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang Bharatayuda,
Parikesit wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa wis jumeneng
nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa liyane, ninggalake praja. Werkudara
tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan Harjuna. Werkudara tiwas angka papat amarga
nalika uripe seneng mangan, rada kasar, lan ora bisa basa.

LAHIRE ABIYASA
Rara Amis saiki wis mari saka lelarane lan dheweke nampa bmatur nuwun marang
Resi Parasara. Neng liya pihak, Resi Parasara tergetar atine wektu mengusapkan
kunyit menyang sekujur awak Rara Amis. Dheweke pun nerus padhang wis tiba
demen marang prawan kuwi. Sawalike, Rara Amis uga rumangsa tiba ati marang
panulunge kesebut. Sanajan Resi Parasara wis nduwe umur patang puluh taun
luwih, ning raine tampan banget karo awet enom amarga tlaten bertapa saben
wayah.
Nang wektu kuwi prau sing dekne kabeh tumpangi berlabuh neng siji pulau cilik sing
manggon neng tengah kali Jamuna. Resi Parasara lan Rara Amis pun mendarat
neng pulau kesebut. Dekne kabeh padha-padha ora kuwasa nguwawa nafsu birahi
dadine nglakoke hubungan awak neng kana. Sadurunge, Resi Parasara sempat
menciptakan sak-werna kabut tebal kanggo menutupi apa sing dekne kabeh lakoke
wong loro.

Waktu yang sangat mengesankan sekaligus menakutkan dalam cerita pewayangan


Mahabharata, selengkapnya cerita wayang laire Abiyasa dalam bahasa
jawa dapat kita simak bersama di bawah ini.

Dumadakan ana petir menggelegar menyambar prau duwe Rara Amis sing
ditambatkan neng tepi pulau mau nganti pecah dadi loro. Resi Parasara lan Rara
Amis kaget lan rumangsa nyalah amarga petir iki mesti teguran saka dewata dhuwur
perzinahan sing wis dekne kabeh lakoke. Rara Amis pun nerus padhang menawa
awake nduweni jeneng asli Dewi Durgandini, putri Prabu Wasupati neng kerajan
Wirata. Resi Parasara menyesal amarga kemanuten hawa nafsu dadine lali pitakon
babagan asal-usul Rara Amis. Sakudune dheweke pitakon luwih dhisik sapa wong
tuwa prawan kuwi, dadine bisa ngajokake lamaran sacara resmi marang Prabu
Wasupati neng kerajan Wirata, dudune berzinah mangkene. Sawalike, Dewi
Durgandini uga rumangsa nyalah amarga ora nerus padhang ket awal marang Resi
Parasara babagan jati awake.

Saiki, Dewi Durgandini wis ngandung anak saka Resi Parasara. Sangang wulan
sakwise kadadean kuwi, dheweke bayen sawong bayi nduwe lulang ireng , ning
nduweni embing-embing arupa putih resik. Resi Parasara eling marang Brahmana
Wyasa sing dhisik nyiji menjero awake lan nduwe pangarah arep lair bali dadi anake.
Mula, Resi Parasara pun menehi jeneng mirip Brahmana Wyasa kanggo putranya
sing anyar lair kesebut, yaiku Raden Abyasa. Amarga dheweke nduwe lulang ireng
lan dilairke neng tengah pulau, Dewi Durgandini uga menehake jeneng liya, yaiku
Raden Kresna Dwipayana.

Pas Resi Parasara arep nandur embing-embing Raden Abyasa, dumadakan benda
kuwi ngowah dadi sawong bayi nduwe lulang putih resik. Resi Parasara pun
ngakonane dadi anak nomor loro lan menehine jeneng Raden Setatama.
Lairipin Raden Gathutkaca
Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun
awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun
ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung
penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca.
Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih
punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.

Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil
sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden
Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos
kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden
Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun
pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih
kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging
Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget.
Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna
lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.

Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu


Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming
warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden
Werkudara. Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono
kuwi, najan iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna
menyang pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!

Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden
Wrekudara Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering
jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing
ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, Jlitheng
Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!

Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan


dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. Sareh, sareh Yayi! Pun kakang
ora maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirangna
kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris
Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat
kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga
ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!

Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden


Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng
rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara
punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan.
Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa,
sareng dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.

Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata,


kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani
prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik
kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala
pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene
wedyabalanipun sami bubar mawur.

Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng


kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan
ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para
Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana
andrawina.

You might also like