You are on page 1of 10

ANOMAN OBONG

Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang


kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren. Ing taman, Dewi
Shinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa
nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya
Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae
Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka
arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta
supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu
Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah
tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo
putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira,
Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya
kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane
Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman.
Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye
kahanane Dewi Shinta.
Tekan keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke
kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama
marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab
kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep
bali, Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket
disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman
diukum obong ing laun-alun Alengka.
Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika
diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah.
Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja
sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat amarga pokale
Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman.
Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
Swasana lan kaanane kraton Alengkadiraja nalika diobong dening Anoman kaya
sing diceritakake ing lagu campursari Anoman obong.
SINTHA KANDHUSTA

Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita,
hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira
apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang,
sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat
gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep
warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah,
eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica
hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak
hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning
wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama,
mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat
mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih
swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing
panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali
bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu
Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening
gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu
isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake
darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa
sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa.
Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman
kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku
saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka
jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge
Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke
di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa
padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali
nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi
Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut
Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake
ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman
dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa
geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta
didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu
kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang.
Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal
ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka
geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi
pandakwa ala tumrap garwane.
WAYANG PEKSI JATAYU SANG GARUDHA WICAKSANA

Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku
manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang
sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi
Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa
Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.
Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan
Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya
Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret
digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber
tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.
Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangani
Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha
gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging
tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine
sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah.
Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe.
Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk
Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa
ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake
menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu
mati.

Pitutur kang bisa kajupuk saka Resi Jatayu yaiku awake dhewe kudu tansah gelem aweh
pitulungan marang sapa bae kang mbutuhake.
KUMBAKARNA GUGUR

Ing crita Ramayana iku anasedulure Dasamuka nduwe watak apik ora kaya
Dhasamuka, watake alus lan satria. Sakjrone perang Barata Yudha Ngalengka
Kumbakarna maju dadi senopati. Sadurunge maju dadi senopati Kumbakarna dolan ing
nggone kakangne yaiku Prabu Dhasamuka. Nalika semana dijak omong-omong sakjrone
perang Baratha Yudha Ngalengka.
Banjur Kumbakarna disuguhi pakanan akeh. Kumbakarna kanda “Kakang
Dhasamuka, iki pakanan sakmene arep tak enteke kabeh kowe ikhlas opo ora ?”. Banjur
Dhasamuka njawab “aku ikhlas, wis enteke kabeh ora opo-opo”. Kumbakarna banjur
ngenteke suguhane mau. Bubar Kumbakarna mangan Dhasamuka banjur ngomong
marang Kumbakarna “Adhiku Kumbakarna, saiki awakmu wis sehat lan wis rosa, majua
dadi senopati ngadepi prajurit Ayodya !”. Kumbakarna kanda “aku gelem kang, tapi
Dewi Shinta kudu di belekake marang Prabu Rama Wijaya”. Prabu Dhasamuka banjur
nesu lan ngolok-olok olehe ngeki pakanan mau. Kumbakarna uga melui nesu, pakanane
banjur di utahake karo mangkat ing palagan peperangan.
Tekan kono Kumbakarna weruh anake loro wes pada mati. Jenenge Aswanekumba
lan Kumbakinumba.”aku perang ora arep mbelani kakangku Dhasamuka, tapi mbelani
patine anaku loro lan negari Ngalengka”. Tapi Kumbakarna banjur gugur perang karo Sri
Rama Wijaya Ratu Ayodya.
KIDANG KENCANA

Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun
Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget
amarga mirsani sesawangan sing edi peni. Ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu,
polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Kidang mlayu mrana-mrene mlumpat-mlumpat
nggodha ati. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen,
Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama
tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanakake
panyuwune Sinta.
Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku
Lesmana.
“Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana,
keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake
Sinta dhewekan.”
“Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-
atos kangmas,” mangkono ature Lesmana.
Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan
tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh.
Peteng dhedhet suasanane, lacake kidang kencana ora katon. Nalika atine Rama tratapan,
saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama nglepasake jemparing,
kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing
nembus awake. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune
buta Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan
saindhenging alas. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah.
Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang
keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene
Rama, mula dheweke percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta
ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan
tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake
kupinge Lesmana.
“Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng
sliramu pingin nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas
…”
“Cekap kakang mbok Sinta! Kula ngurmati kangmas Rama. Malah roh lan raga
kula lila dak kurbanaken kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat sanget
manawi kangmbok Sinta kagungan panganggep kados makaten dhateng kula.”
“Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe damel
wates kangge kangmbok Sinta, kula suwun kangmbok boten medal saking wates menika
kangge kawilujengan amargi kangmbok kula tilar piyambakkan.”
Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana
sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa
aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.
Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase
dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang
keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan
garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga
Sinta ora bareng karo Lesmana. Sadurunge Rama nyuwun pirsa babagan Sinta, Lesmana
njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela nganti ninggalake Sinta dhewekan.
“Aduh! Cilaka rayi Lesmana … iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi
awake dhewe. Ayo saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta!”
Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk.
Dheweke nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti
manawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar
angkara murka. Rahwana ngerti marang kelemahane wanita sing ora teganan manawa
weruh kahanan kang nreyuhake. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu
saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa
mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa
menang, swarane kaprungu ing saindhenging angkasa, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan
Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging
malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.
KURAWA LAN PANDHAWA

Raden Dhestarastha iku putrane Begawan Abiyasa. Duwe adi loro aran Raden
Pandudewanata lan Raden Yama Widura.
Raden Dhestarastra krama karo dewi Gendari. Kagungan putra cacahe satus, ing
antarane Duryudana, dursasana, dursilawati, Durmuka, Durmaganti,Citraksa, Citraksi,
Kartamarma lan isih akeh meneh.
Gandheng cacah satus mula diarani Sata Kurawa. Bala kurawa iku racake duwe
watak dengki, srei, jail, methakil, daksiya sapadha-padha. Sing diagungake tumindak
dursila. Gandheng Raden Destharastra kuwi wuta sing dadi ratu ana Ngastina Raden
Pandhudewanata.
Raden Pandudewanata krama karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Putrane cacahe
lima yaiku: Puntadewa utawa Yudistira ratu ing Ngamarta, Werkudara utawa Bratasena
satriya ing Jodipati,sing panengah Janaka uga aran Arjuna satriya ing Madukara. Dene
sing waruju kembar aran Nakula karo Sadewa. Nakula satriya ing Sawojajar lan Sadewa
satriya ing Bumi Retawu. Putrane Raden Pandudewanata diarani pandhawa amarga
cacahe lima.
Pandawa lan Kurawa duwe guru yaiku Begawan Durna saka padepokan Sokalima.
Sadurunge Prabu Pandhudewanata seda meling karo Raden Destharastra supaya
NgASTINA besuk dipasrahake Pandhawa yen wis pada gedhe. Nanging Raden
Destharastra mblenjani janji. Kraton dipasrahake marang raden Duryudana putrane sing
gedhe dewe.
Pandhawa ora narimakake banjur njaluk baline kraton Ngastina. Prabu Duryudana
sak sedulur cukeng ora gelem masrahake. Gandheng Kurawa kenceng ora gelem diajak
apik-apikan, wusanane kapeksa Pandhawa ngrebut Kraton Ngastina sarana perang.
Perange Kurawa lan Pandhawa mau diarani perang Barathayuda.
GATOT KACA GUGUR

Gatotkaca akrab banget karo sepupune sing nduwe jeneng Abimanyu putra
Arjuna. Sawijining dina Abimanyu rabi karo Utari putri kerajan Wirata, neng endi
dheweke ngaku isih perjaka. Padahal wektu kuwi Abimanyu wis rabi karo Sitisundari
putri saka Kresna.
Sitisundari sing dititipkan neng istana Gatotkaca krungu bojone wis rabi meneh.
Pak-lik Gatotkaca sing nduwe jeneng Kalabendana teka memoni Abimanyu kanggo
ngajak mulih. Kalabendana yaiku adhi wuragil Arimbi sing duwe wujud buta cebol ning
nduwe ati polos lan putih. Hal kuwi nggawe Utari rumangsa cemburu. Abimanyu
kepeksa nyupata nek bener awake wis sesomahan kajaba Utari, mula mbesuk dheweke
arep mati dikeroyok mungsuh.
Kalabendana banjur memoni Gatotkaca kanggo nglaporke sikap Abimanyu. ning
Gatotkaca justru nyrengeni Kalabendana sing dianggepe kewanen nyampuri urusan
sepupune kuwi. Amarga keliwat emosi, Gatotkaca nganti nggebug endhas Kalabendana.
Senajan panggawe kesebut dilakoke tanpa sengaja, ning pak-like kuwi tewas saknalika.
Pas perang Baratayuda, Abimanyu bener-bener mati dikeroyok para Korawa nang
dina menyang-13. Esoke nang dina menyang-14 Arjuna kedadeyan mbalas matine
putrane kuwi kanthi cara menggal sirahe Jayadrata.
Duryudana sedhih banget ing kepaten Jayadrata, adhi ipare kesebut. Dheweke
meksa Karna nempuh markas Pandawa bengi kuwi uga. Karna banjur kepeksa mangkat
sanajan hal kuwi nglanggar aturan perang.
Krungu para korawa nyerbu ana tengah wengi, pihak pandawa pun ngirim
gatotkaca kanggo menghadang. Gatotkaca sengaja dipileh mergo kotang antrakusuma
sing dheweke anggo bisa nimbulke cahya padhang.
Peperangan bengi kuwi medeni banget. Gatotkaca kedadeyan mateni satuma Korawa sing
nduwe jeneng Lembusa. Ning dheweke dhewe kelangan kapindho pak-like, yaiku
Brajalamadan lan Brajawikalpa sing tewas bareng mungsuh-mungsuh dekne kabeh,
nduwe jeneng Lembusura lan Lembusana.
Gatotkaca akhire ngadhep karo Karna, panduwe senjata Kontawijaya. Dheweke
pun menciptakan kembaran awake saakeh sewu wong dadine nggawe Karna rumangsa
kebingungan. Dhuwur pituduh bapake, yaiku Batara Surya, Karna kedadeyan nemu
Gatotkaca sing asli. Dheweke pun cucul senjata Konta menyang arah Gatotkaca.
Gatotkaca nyoba menghindar karo cara mabur sadhuwur-dhuwure. Ning arwah
Kalabendana dumadakan muncul nangkep Kontawijaya karo ngantekne kabar saka
kahyangan menawa ajal Gatotkaca wis ditetapkan bengi kuwi.
Gatotkaca pasrah adhep keputusan saka para dewata. Ning dheweke duwe pesen
supaya mayite isih bisa digunakne kanggo mateni mungsuh. Kalabendana setuju.
Dheweke banjur njojoh puser Gatotkaca nggunakne senjata Konta. Pusaka kuwi musnah
nyawiji karo wrangkane, yaiku kayu Mastaba sing isih ana ing jero weteng Gatotkaca.
Gatotkaca wis tewas saknalika. Arwah Kalabendana banjur nguncalke mayite
menyang arah Karna. Karna kedadeyan mlumpat lan lolos saka pati. Nanging kretane
rusak ketiban awake Gatotkaca sing mabur banter saka kahayangan. Pamburine, pecahan
kreta kesebut melesat mabur samubarang arah lan menewaskan para prajurit Korawa sing
ana ing teparo. ora ketung akehe pira cacah dekne kabeh sing pada mati.

You might also like