You are on page 1of 1

Malang, 12 September 2016

Kagem,
Ibu lan Bapak
Ing Tulungagung

Assalamualikum Warahmatullahi Wabarakatuh,


Kados pundi kabaripun Bapak kaliyan Ibu wonten dalem ? Mugi-mugi Ibu kaliyan
Bapak tansah sehat, adik uga ndedonga marang Allah SWT supados nglindungi Bapak
kaliyan Ibu. Adik inggih sehat lan sae kemawon.
Bapak, Ibu punika 3 minggu adik kuliah datheng Malang, kathah ingkang badhe adik
critakaken marang Ibu kaliyan Bapak. Minggu sepisan kuliah yaiku wektu perkenalan
Pak, Bu, dosen-dosen ngenalaken pelajaran ingkang badhe dipun piwulangaken,
mboten dosen kemawon, minggu pertama niki ugi kagem pitepangan kaliyan rencang-
rencang. Seneng saged pitepangan kaliyan rencang-rencang. Datheng minggu
kapindho kaliyan katelu kawiwitan pembelajaran, kados umumipun Pak, Bu, ingkang
dipun gunakaken yaiku sistem presentasi ing pundi salah sawijining kelompok maju
nerangaken materi ingkang sampun ditemtokaken. Saben dintenipun adik lewati, kesel
rasanipun kaliyan jadwal ingkang penuh wiwit jam 7 enjing ngantos jam 4 sonten,
dereng malih saben dintenipun adik kedah lumaku saking kos ngantos kampus.
Dhateng mriki adik saged ngrasakaken kados pundi rasanipun tebih saking Ibu kaliyan
Bapak, sembaranganipun piyambak, nanging adik nglakoni kanthi semangat amargi
kemutan marang Bapak kaliyan Ibu ingkang maringi nasehat kagem adik. Mboten
sabar adik kepingin wangsul dhateng Tulungagung, ngendika kathah kaliyan Bapak
kaliyan Ibu.
Bapak, Ibu cukup samenten kemawon layang saking adik, jagi kesehatan Ibu kaliyan
Bapak, mboten kemutan ugi ngunjuk vitamin kaliyan istirahat ingkang kathah.
Ndedonga supados adik saged kuliah kanthi lancar.
Tresna kagem Ibu kaliyan Bapak.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Saking adik,

Dania Merit Novitasari

You might also like