You are on page 1of 2

GEGURITAN

Geguritan menika saking tembung gurit ingkang tegesipun seratan. Geguritan menika salah satunggaling
asil kabudayan Jawi modern. Sinten kemawon saged ndamel geguritan. Nganggit geguritan menika saged
ngandharaken pengalaman pribadi utawi gambaran kawontenan ing masarakat, utawi pagesanganipun tiyang ing
alam donya miturut jamanipun.

Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan (4W) inggih menika :


1. Wicara : pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero.
2. Wirama : minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama)
3. Wirasa : ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat, nelangsa)
4. Wiraga : ekspresi /patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai).

Cara gampil kagem ngripta geguritan :


1. Nemtokaken gagasan langkung rumiyin underaning gagasan (tema) ingkang badhe dirembag.
2. Menawi underaning gagasan sampun katemtokaken banjur dipunmligekaken (spesifikasi).
3. Tema ingkang sampun mligi banjur dipundamel cengkorongan.
4. Saben cengkorongan dipunudhal kados tembung-tembung pinilih (diksi) lan dipuntata ing larik-larik.
5. Supaya langkung endah, saged migunakaken purwakanthi utawi pepindhan.
Jaman
(Déning Muhammad Yamin)

Jaman gègèr aku ngungsi ketèwèr-tèwèr


ndhelik sor ngèmpèr
ngerti-ngerti ketiban gèntèr
alah bapak balung saté
uripku ijèn-ijènan
nong-ning, nong nèng, nong ning, nèng nung

Rekasane urip jaman gègèr


ati ora jenjem mangan ora tentrem
turu ora bisa merem
pating jledhor bedhil mriyem
oh, Paiyem..Paiyem, bojoku sing mati kaliren
bubar nglairké anak wadon nalika perang ramé
mula bocah wadon mau dakjenengaké “Ramé”

Oh, Ramé Ramé kowé sakiki wis genti duwé


anak cacah lima semega-mega
urip jaman merdika enaké apa-apa ana
kliwat édan dadi brandhalan
ombèn-ombèn, mabuk-mabukan
tan ngerti bedhahing kamardikan

Aku tumbaling putuku


lelabuhan jebul aji watu
saiki jaman maju
apa-apa kolu
jaman mau wong urip sarwa kesusu
mlebu metu nèng hotel nyandhing wong ayu
lah bapak ra ngerti saru
sing nèng ngomah padha padu

Damèn-damèn, pari-pari
biyèn-biyèn, saiki-saiki
o, slamet-slamet
jamané bundhet ruwet
ora eling labuh labet

“E, Bocah-bocah… jaman rongèwu nèng ngarepmu. Mangsa borong, nèng pundhakmu jaman dadi abang biru.
Aku ora ngaru siku, wis, simbah turu.”

(Pengilon, Antologi Geguritan FKY)

You might also like