You are on page 1of 3

SI PENGARANG SAKA DESA

Penulis : Mas Aditya

Sumber : Pustaka Candra Edisi 249

Ranti kuwi bocah wedok kang wus kulina mbebantu simboke sing dodolan tape ing
desane, dheweke wis kelas lima SD. Sadurunge turu, Ranti mbiyantu ibune mbunteli tape.
Kaanan panguripan Ranti lan simboke kuwi cukup anggone mangan saben dina. Wengi iku,
Ranti wis rampung mbunteli tape, nanging dheweke isih duwe garapan PR sing durung
rampung. Mbok Sirin, mboke rumangsa begja duwe anak wedok kang mbangun turut marang
wong tuwa, lan gelem weweh mbiyantu repote ing saben dinane. Ranti ngrampungake PR’e
mung dipadhangi lampu teplok cilik iku. Dheweke ora kepengin gawe kuciwa simboke.
Bapake wis seda. Sawetara taun kepungkur nalika bapake bara menyang Jakarta dadi buruh
bangunan, bapake tiba saka omah kang lagi digarap, saka tingkat telu.

Ranti pancen bocah sing sregep sinau lan tekun. Seneng banget marang pelajaran
sejarah. Mula nalika ana pelajaran sejarah dheweke semangat banget luwih-luwih karo
sejarahe para pahlawan kusumaning bangsa. Dheweke tansah nyoba mbayangake sepira
abote para pahlawan anggone berjuang ngusir penjajah. Sanajan anake wong sekeng uga
duwe rasa resikan.

Saben dina sabanjure balik sekolah, Ranti ngoceki tela kang bakal digawe tape.
Banjur dheweke wiwit nulis akeh lan suwi, ngarang. Ranti uga sering kajupuk makili sekolah
kangge lomba ngarang. Wis akeh karangane kang menangna lomba. Sabubare nggarap PR,
Ranti mbukaki bahan-bahan kang arep kanggo ngarang. Simboke saben dina pandongane ora
tau kendat, dheweke duwe pengarep-arep supaya Ranti bisa ngrampungake sekolahe.

Karangane Ranti mau oleh juara loro lan oleh bebungah Rp 500.000,-. Ranti uga
nampa mesin tik. Ranti saya sregep sinau. Menawa wektune longgar, anggone ngarang ora
dilirwakake. Karangane awujud crita anak – anak lan puisi.
SEPISAN LAN PUNGKASAN

Penulis : Geraldine Mariauli Banurea

Tahun : 2011

Sumber : http://kafeilmu.com/2011/02/contoh-cerpen-bahasa-jawa-sepisan-lan-
pungkasan.html#ixzzlil6VgYgr.

Nalika aku munggah kelas lima, ana murid anyar lanang, nanging dheweke duwe
cacat awak, perawakane mesakake banget. Dheweke digeguyu kanca – kanca liyane amarga
mlakune cah anyaran mau nganti keseret – seret, sikile gemeter, ngomonge uga gagap. Arane
cah anyaran mau Adri. Adri kuwi saka sekolah SLB Harapan I. Ana rasa mesakake sumelip
ing atiku, Adri kuwi sanajan cacat nanging sregep. Dheweke mangkat paling gasik ning
sekolah.

Ing sekolah, Adri ora duwe kanca. Kanca – kanca padha ngenyeki Adri lan ora gelem
cedhak – cedhak karo Adri amarga perawakane sing cacat mau. Adri wis nganggep aku dadi
kancane. Aku yo narima wae, kabeh kuwi kancaku, nanging aku karo Adri mung kanca
biyasa. Aku lan kanca – kanca sering ditutke karo Adri. Wis ngrasa rak kepenak, aku ngusir
Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedaki aku, aku sing lagi sensitif dadi mbentak
Adri.

Wis saminggu Adri ora mlebu sekolah lan ora ana kabar ngenani Adri. Bali sekolah,
aku sakanca sakelas nggoleki omahe Adri kanggo mastikake kabare Adri. Omahe Adri ana
ing perumahan gedhe, omahe megah kaya gedhung. Ibune mbukake lawang, mripate kethok
bengkak kaya bar nangis. Ibune crita, nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit serius, Adri kuwi
ora nduwe kanca. Adri wis ditinggal bapake wiwit umur 6 taun, gara – gara nduwe penyakit
sing padha karo Adri. Saiki Adri wis nyusul bapake. Aku lan kanca – kanca nangis ing kono.

Saderenge lunga, Adri pesen, kareben surate diwenehna marang aku. Isine, Adri
ngucapke matur nuwun amarga aku gelem dadi kancane Adri. Nyatane Adri isih nganggep
aku kancane, malah sahabate. Aku pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri.
AKU DURUNG KALAH

Penulis : A. Adi

Sumber : Panjebar Semangat Edisi 04

Tahun : 2006

Saben sore aku seneng ngadeg neng empang omah. Ngamatake sesawangan nalika
srengenge repan nungslup. Sanajan sesawangan dikebeki karo gedhong – gedhong dhuwur
nantang langit. Mung siji kuwi kang bisa gawe ilange rasa kesel sak wise nyambut gawe ing
kantor. Saben sore uga bakal ana Pak Wiryo, wong sing dagang puthu ing Komplek
Perumahanku iki.

Pak Wiryo padha karo aku, wong sing nyoba golek panguripan ing kutha kene.
Bedhane, aku bisa tuku omah, duwe mobil gawean Jepang lan nyambut gawe ing kantor. Pak
Wiryo iku omahe ana ing mburine lapangan golf. Aku pancen durung tau weruh, mung aku
bisa ngerti yen omahe Pak Wiryo mesthi sawijining kampung nempel karo tembok pager
lapangan golf. Komplek sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur arep kanggo
ngambakna lapangan golf lan wong – wonge diwenehi ‘ganti rugi’, namung wong – wonge
ora sarujuk.

Lhah saiki, krungu kabar maneh yaiku kampunge Pak Wiryo arep digusur. Krungu
kabar kuwi Pak Wiryo nggih sabar. Yen bisa milih, mesthi ora kepengin lair neng donya dadi
wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya – kaya kasunyatan (kenyataan) kuwe
gelem ora gelem kudu diadhepi. Sejatine kudune, sing gedhe nulung sing cilik, sing kuwat
mbantu sing ora kuwat. Ing jaman saiki malahan sing dadi, donya, pangkat lan drajat sing
dadi ukuraning urip. Biyen aku tau nawani anake Pak Wiryo supaya nyambut gawe neng
pabrik nggonku. Namung ora gelem amarga anake pengin kuliah. Malah saiki jarene sampun
ajeng nulis skripsi. Kaya Pak Wiryo bisa nguliahake anake ? Wis repan rong minggu ora
krungu grobag puthune Pak Wiryo. Banjur aku maring kampunge. Rodha – rodha traktor
nggiles ngratakna lemah. Lan omahe Pak Wiryo mesthi kelebu salah sijine omah sing dadi
mangsane buldoser. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg nang ngarep omah. Nanging wis ora
ana swara saka Pak Wiryo. Wingi aku krungu kabar Yen Pak Wiryo digawa anake sing wis
lulus kuliah menyang Batam. Dheweke dijaluk salah sawijining perusahaan Singapura. Aku
kelingan karo omongane Pak Wiryo : “Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga, kula dereng
kalah...”.

You might also like