You are on page 1of 2

Anoman Duta

Anoman punika jejering rewanda ingkang awarna seta, pramila Anoman ugi winastan Wanara
Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun
Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Sawijining dinten,
Anoman dipun utus dening Raden Rama Wijaya kangge ngupadi Dewi Sinta.
Anoman : Suwun Prabu, wonten dhawuh punapa kula tinimbalan marak
sowan ngarsa panjenengan? Sinuwun..
Rama Wijaya : Mangkene Anoman, sira tak suwun tumeka ana ing ngarsaningsun,
sira bakal tak utus marang nagari Ngalengka kinen maringake
kalpika iki marang Dewi Shinta
Nalika samana Anoman lumampah tumuju dhateng Ngalengkadiraja, dereng dumugi panggenan
ingkang dipun tuju, piyambakipun bandayuda kalehan Rakseksa.
Wil Kathaksini : He he he… Iki ana pawongan putih kang bakal nyebrang samodra,
iki sing dadi panganmu. He he he, sapa iki?
Anoman : He raseksa! Sira pingin ngerti marang aku? Aku iki sing karan
kethek
putih yaiku Anoman
Wil Kathaksini : Lho Kethek Putih, sira arep nyandi sira kudu bisa nglangkaki
awakku
yen kepingin nyabrang samodra iki..
( Anoman bandayuda kaliyan Wil Kathaksini )
Kocap kacarita, Anoman uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil tumuju Taman
Asoka ing nagari ngalengka papanipun Dewi Sinta Kasingidaken. Ing taman punika Anoman
kepanggih kaliyan Trijatha. Lantaran Trijatha, Anoman kasembadan pinanggih kaliyan Dewi
Sinta.
Anoman : Sinuwun Putri, kepareng sowan kula kautus dening sinuwun Prabu
Rama Wijaya ingkang supados nyaosaken kalpika dhuwateng Sang
Dewi
Dewi Sinta : Yaya, Anoman.. Apa sing dadi utusane Sang Prabu Rama Wijaya
wis
dak tompo
Sinegeg ingkang sinukarta, pepanggihanipun Anoman kaliyan Dewi Sinta kasumerepan dening
Indrajit putranipun Dasamuka. Anoman lajeng kapikut kasowanaken ing ngrasanipun Dasamuka.
Nata Ngalengkadiraja murka, Anoman kapidana besmi.
( Perang Dasamuka lan Anoman, Tarian Anoman Obong )
Anoman kaobong, latu kaobat abitaken ngantos waradi saknagari, ngalengkadiraja dados karang
abang.

Anoman arsa mundur sowan matur Raden Rama Wijaya


Anoman : Sinuwun Prabu, kula sampun kepareng pinanggih Gusti Dewi lan
ngaturaken kalpikanipun dhateng Gusti Dewi Sinta.
Rama Wijaya : Anoman, yen mangkono sira wis kasembadan anggeya
ngentasi karya,
sira bisa dadi patuladhan tumnyo sapadha-padha. Sanajan akeh
pepalangan sak dalan-dalan anggonmu dadi duta, ananging
kasunyatane sira bisa ngentasi karya.

You might also like