You are on page 1of 1

Contoh 1 paragraf deduktif:

Kabeh sampah diklumpukake miturut jinise dhewe-dhewe. Sampah saka kertas didheweake
ana ember sampah kertas, lan godhong-godhongan didadekake siji ana ember sampah
organik, dene sampah plastik didheweake ana ember sampah plastik. Pak Kepala sekolah
paring dhawuh, sampah ora pareng diobong utawa dibakar mundhak ndadekake polusi udara,
malah kepara nyuda biji ana ing lomba samengko.

Kalimat utama: Kabeh sampah diklumpukake miturut jinise dhewe-dhewe.

Contoh 2 paragraf deduktif:


Gotong royong yaiku nyambut gawe bebarengan wong akeh. Ing pradesan biyasane isih
iumaku kanthi becik. Paling sithik saben sasi sepisan para warga desa padha nganakake
gotong royong utawa gugur gunung. Ana wae program kang dirancang para warga desa
kanggo gotong-royong, kayata reresik dalan kampung Ian parit kang jembrung, nggawe pager
bumi saka batako saubenging kampung, konblokisasi dalan kampung, reresik makam Ian
sapiturute. Kabeh mau diayahe dening warga kanthi seneng lan ekhlas kanggo lingkungan
dadi resik, sehat, Ian katon asri.

Kalimat utama: Gotong royong yaiku nyambut gawe bebarengan wong akeh.

Simak lebih lanjut di Brainly.co.id - https://brainly.co.id/tugas/9154882#readmore

You might also like