You are on page 1of 1

KANCIL NYOLONG TIMUN

Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebonan
timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo kang seger, Kancil dadi luwe. Amarga luwe
Kancil banjur mangan timun siji-siji sampe wetenge wareg. Sawise krasa wareg Kancil
banjur mulih alas. Saben dina Kancil nyolong timune Pak Tani. Suwe-suwe Pak Tani krasa
menawa timune saya kelong sithik-sithik. Pak Tani banjur mriksa sapa sing nyolong timune
kuwi mau. Bareng wis dipriksa lan ngerti menawa sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani
gawe jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe wong-wongan kang diwenehi pulut nangka lan di
pasang ana ing kebon timun. Esuke Kancil mara maneh ana kebon timun, kancil kaget ana
wong ing tengah kebon timun. Kancil banjur mlayu, tapi bareng krasa ora dimeloki kancil
mandeg. Kancil mara maneh. Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe amarga iku mung wong-
wongan. Kancil sing rumangsa diapusi terus ngantemake tangan tengene ing wong-wongan
kuwi mau, tangan tengene dadi kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur ganti ngantemake
tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu kelet ana ing wong-
wongan. Kancil nesu rumangsa di cekel karo wong-wongan, banjur nyepak sikil kiwa lan sikil
tengene ana ing wong-wongan. Saiki Kancil wis ora bisa obah, tangan loro lan sikil loro
tumemplek raket ana ing wong-wongane Pak Tani. Pak Tani wayah sore mara ing kebon
timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane .Kancil dikancing ing kandhange
Pak Tani. Mulane aja nindakake kejahatan kaya kancil kang nyolong amarga sak pinter-
pintere ndhelikake mesti bakal konangan ing tembe mburi, lan ugi nanggung dosa.

You might also like