You are on page 1of 2

ARTRITIS GOUT, pancen ora dadi ancaraman jiwa.

Nanging yen penyakit

merga dhuwure kadar asam urat njero getih iki klakon nyerang, sing nandang lara

bisa ngalami cacad perasendian tangan lan sikil. Supaya orang ketaman penyakit iki,

soto jeroan dalah sebangsane perlu didohi.

Tengahing wengi enak-enake turu angler dumandakan Iwan njenggirat tangi.

Gara-garane, sendi jempolan sikile tengen krasa nyeri lan kaku. Kulit dhuwur sendi

iku katon abuh nyremumuh. Nembe sepisan iki kanoman umur 20 tahun kasebut

ngrasake pengalaman kaya mengkono kuwi.

Saka asil pemeriksaan darah pranyata disumurupi, kadar asam urat njero getih

mundhak dadi 9 mg%. Kamangka normale, kadar asam urat iku kurang saka 7 mg%.

Sawise ditaliti, pranyata sing dadi sebabe merga Iwan doyanen mangan kang

ngandhut purin kadar dhuwur, kayadene soto jeroan sapi, sate kambing, paru goreng,

lsp. Jenis panganan iku pancen gampang ngundakake kadar asam urat njero getih.

Pungkasane Iwan ketaman lelara kasebut, sing ing ilmu kedokteran disebut Artiritis

Gout.

Asam urat utawa uric acid nujudake asil akhir nucleic acid utawa metabolisme

zat purin (salah siji unsur protein) ing sel awak. Asam urat iki digawe menyang

ginjel liwat ilining getih kanggo diwetokake bebarengan karo banyu uyuh. Ginjel

kang sehat bakal ngatur kadar asam urat njeri getih supaya kadare tansah normal.

Nanging, merga kakehan asam urat, saengga ora bisa ditampung lan sekabehing ora

bisa diolah dening awak. Kaluwihan iku akhir numpuk ing sendi lan jaringan.

Asam urat, ing cacah winates, uga diproduksi saka panganan kang dijur njero

weteng. Asam iki liwat usus besar bakal dijur bakteri dadi zat kimia kang

diwetokake bareng karo faeces (kotoran kang diwetokake saka usus).

Produksi asam urat kang linuwih (hyperuricaemia) resikone dhuwur tumrap

sakehing gangguan kayadene penyakit artiritis gout, batu ginjal, ruasake ginjal, serta

tekanan darah tinggi. Gangguan artiritis gout mujudake salah siji jinis rematik

(kurang luwih ana 150 jinis artritis). Kelainan metabolik iki akeh-akehe nyerang

sendi-sendi perifer utawa tunggal.

.
Gejala nyeri lan laku asipat akut (tetaunan) wiwitan dhewe nyerang sendi-sendi

jempolan sikil (sendi bunion) nganti menyang driji-driji liyane. Ing tataran sabanjure,

bisa ngangti namani ugel-ugel sikil, dhendkul, sikut, serta sendi-sendi cilik liyane ing

tangan. Siksane nyeri lan abuh kasebut kerep ndadekake sing nandang lara angel

mlakune. Ana kalane malah peradangan disartani demam lan ing sakitere sendi kang

abuh krasa panas. Lara iki bisa dirasakake suwene 24 nganti 36 jam. Malah, bisa

luwih suwe maneh gumantung nemen orane peradangane.

Nanging, serangan gawat (akut) artritis gout ora mesthi kudu ing kahanan asam

urat dhuwur. Munggah mudhune kadar asam urat kang sajak ora ajeg, uga bisa

ndadekake serangan akut. Upamane, sawijining pawongan klawan kadar asam urat

normal bisa ketaman serangan akut sawatara jam sawise mangan soto jeroan sapai sa

mangkok. Sebabe, soto iki nyebabake kadar asam urat munggah dadakan.

Kosokbaline, sawijining pawongan klawan kadar asam urat dhuwur bisa oleh

serangan akut yen kenemenen anggone nindakake diet utawa minum obat panurun

asam urat (allopurinol) dosis dhuwur. Diet kenceng (ketat) utawa konsumsi obat

kasebut nyebapake kadar asam urat mudhun nemen (sangisore 5 mg%).

“Sing paling trep, kadar asam ora didhunake kanthi drastis (nemen), nanging

kudu lon-lonan,” pratelane dr. Caecilia R. Padang, Ph.D, FACR, konsultan rematologi

saka Pusat Rematik Indonesia, Jakarta. Sawise serangan sepisan, welinge Caecilia,

becike kadar asam urat tansah diawat-awati. Yen ngangi antuk serangan kapindho,

serangan-serangan akut sabanjure bakal saya kerep muncul, malah kedawa-dawa lan

ora mari-mari.

Kejabab saka panganan, alkohol (klebu tape, tuak), serta obat-obatan tartamtu

kayadene obat kang asipat diuretik penuruna tekanan darah tinggi (ngundakake

produksi banyu seni lan mineral), utawa dosis cilik aspirin ing jangka waktu suwe

kanggo nyegah serangan jantung, uga bisa ngundhakake kadar asam urat. “Pancen,

lelorone macem obat kasebut kerep ndadekake sebab marang pasien kang sajak

nduweni gout. Ewasamono, bab iku arang dumadi tumrap pawongan kang ora duwe

bakat gout” tandhese Caecilia, kang nggayuh gelar doktore ing Australia iki.

You might also like