You are on page 1of 1

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

ُ‫ َم ْن يَ ْه ِد ِه هللا‬،‫ت أ َ ْع َما ِلنَا‬ِ ‫سيِئ َا‬ َ ‫ش ُر ْو ِر أ َ ْنفُ ِسنَا َو ِم ْن‬ُ ‫هلل ِم ْن‬ ِ َّ ِ َ‫ِإ َّن ْال َح ْمد‬
ِ ‫ّلِل نَحْ َمدُهُ َونَ ْست َ ِع ْينُهُ َونَ ْست َ ْغ ِف ُر ْه َونَ ْست َ ْه ِد ْي ِه َونَعُوذُ ِبا‬
‫س ِل ْم‬
َ ‫ص ِل َو‬ َ ‫ اَللَّ ُه َّم‬.ُ‫س ْولُه‬ ُ ‫ أ َ ْش َهدُ أ َ ْن الَ ِإلَهَ ِإالَّ هللا َوأ َ ْش َهدُ أ َ َّن ُم َح َّمدًا َع ْبدُهُ َو َر‬.ُ‫ِي لَه‬
َ ‫ض ِل ْل فَالَ هَاد‬ ْ ُ‫ض َّل لَهُ َو َم ْن ي‬ ِ ‫فَالَ ُم‬
َ ْ
‫ أ َّما بَ ْعدُ؛‬.‫صحْ ِب ِه َو َم ِن ا ْهتَدَى ِب ُهدَاهُ ِإلَى يَ ْو ِم ال ِقيَا َم ِة‬ َ ‫ار ْك َعلَى ُم َح َّم ٍد َو َعلَى آ ِل ِه َو‬ ِ َ‫َوب‬

Ingkang kawulo hormati sedoyo hadirin Bapak soho Ibu warga RT (.......)

Langkung rumiyin, monggo sesarengan muji syukur dumateng Allah SWT ingkang
sampun maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kito, sehinggo alhamdulillah ing
saat ndalu puniko kito saget sesarengan kempal wonten mriki kangge keperluan rapat
musyawarah RT ingkang dalam keadaan sehat mboten wonten alangan punopo.

Sholawat ma'assalam mugi kaunjuk dumateng nabi kito Muhammad Salallahu'alaihi


wasallah, ingkang kito sedoyo mangentosi syafaatipun benjang wonten dinten akhir.
Amin.

Bapak soho ibu hadirin ingkang kawulo hormati

Keparengo kawulo matur ing mriki minagkanisambutan talang atur saking ketua RT
ing saat ndalu puniko kito sedoyo bade ngalampahi rapat musyawarah ing mriki.

Sepindah kawulo ngucapaken maturnuwun sanget atas karawuhanipun panjenengan


sedoyo, ingakng sampun ngeluangaken wekdalipun ingkang berharga kangge
menghadiri acara musyawarah wonten ing ngriyo puniko. Mugi langkah panjenengan
dipun ridhoi dumateng Allah.

Salajengipun, kawulo nyuwun dumateng poro rawuh sedoyo bilih samangke acara
rapat musyawarah monggo dipun laksanaaken kanti sae, keranten acara musyawarah
sejatinipun inggih puniko ngucali coro lan kesepakatan sedoyo musyawirin. Misal
wonten unek-unek nopo gagasan monggo saget dipun sampeaken, menawi wonten
kritik lan sarang monggo dipun sampekan. Supados musaywarah ing saat andalu
puniko saget manfaat kangge kampun kito.

Hadirin ingkang kawuo hormati

Salajengipun kawulo pribadi nyuwun agungipun pangapunten, mbok menawi nompo


karawuhanipun panjenengan kawulo mboten saget menghormati kanti sae, baik
saking segi papan palenggaha lan sak piturute.

Menikolah, sambutan saking kawulo mingakani ketua RT, saking awal dumugi akhir
kawulo nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

You might also like