You are on page 1of 6

ULANGAN TENGAH SEMESTER I SEKOLAH DASAR

TAHUN PELAJARAN 2013/ 2014


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VI ( Enam )
Hari/ Tanggal : ……………………..
Waktu : ……………………..

Pacelathon
Pacelathon ngisor iki arep diwaos guru!
Mirengna kang setiti!
Waspadakna apa isine pacelathon kuwi!

Kerja Bakti
Ibu : “ Don, Doni!”
Doni : “ Dalem Bu.”
Ibu : “ Mrenea, tulungna Ibu ngangkat meja iki!”
Doni : “ Inggih Bu.”
Ibu : “ Lho, kok nggawa arit barang arep kanggo apa ta?”
Doni : “ Punika lho Bu, kangge cecawis kerja bakti benjing. Khalawau dipun dhawuhi Pak Guru
Mbekta arit.”
Ibu : “ Apa kabeh ya nggawa arit?”
Doni : “ Mboten Bu, wonten ingkang mbekta ember, lap pel, sapu sada, malah wonten ingkang
mbekta pacul.”
Ibu : “ Wah, yen kerep kerja bakti ngono kuwi sekolahmu katon resik tenan ya, Don.”
Doni : “ Inggih Bu.”
ULANGAN TENGAH SEMESTER I SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2013/ 2014
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/ Tanggal : …………… Nama : ……………
Kelas : VI ( Enam ) Waktu : …………… No : ……………
I. Wewehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, utawa c sangarepe jawaban kang bener!
1. Irah-irahane pacelathon kang wis kokrungokake yaiku …
a. Ngangkat Meja c. Ngrewangi Ibu
b. Kerja Bakti d. Nggawa arit
2. Sing diutus ngrewangi Ibu ngangkat meja yaiku …
a. Doni c. Bapak
b. Dandi d. Desi
3. Yen kerep kerja bakti lingkungane katon …
a. Jembar c. Resik
b. Wangi d. Reget
4. Paraga pacelathon ing dhuwur yaiku …
a. Doni lan Ardi c. Doni lan Bapak
b. Ibu lan Angga d. Ibu lan Doni
5. Kanggo kerja bakti ana ing sekolah, Doni nyawisake piranti …
a. Pacul c. Sapu sada
b. Arit d. Ember
6. Unen-unen kang ditujokake marang wong akeh kanthi tujuan tinamtu diarani …
a. Pidhato c. Geguritan
b. Nembang d. Pacelathon
7. Tuladha pambuka sawijining pidhato yaiku …
a. Mbok bilih ing wekdal-wekdal c. Puji syukur kula aturaken dhumateng
selajengipun kita sedaya saget atur Gusti ingkang Maha Agung, amargi
pambiyantu dhumateng sanak sampun paring karahayon, pramila kita
kadang ingkang sami nandhang saget pepanggihan ing injing punika.
sangsara. d. Matur nuwun kula aturaken dhumateng
b. Nyuwun pangapunten menawi panjenengan sedaya amargi sampun
wonten atur ingkang lepat nyuwun paring kalodhangan kangge matur ing
agenging pangaksami. ngersa panjenengan sedaya.
8. Cukup semene sing perlu dak aturake marang kanca-kanca. Menawa ana kaluputan anggonku
matur, aku njaluk pangapura.
Paragraf ing dhuwur kalebu perangane pidhato yaiku …
a. Uluk salam c. Surasa basa
b. Wasana basa d. Purwaka basa
9. Ngandhakake olehe neliti sawijining objek diarani …
a. Laporan pengamatan c. sesorah
b. wawancara d. pidhato
10. Para warga tuwa enom padha tumplek ing dalan. Ana kang nggawa arit, ikrak,sapu sada, lan
uga ana kang ngawa pacul. Esuk iku Desa Tasikagung pancen nganakake kerja bakti kanggo
ngresiki lingkungan ing desa iku.
Ing dhuwur iku kalebu laporan pengamatan babagan …
a. Para warga arep mangkat c. Suwasana warga Desa Tasikagung
demonstrasi kang nganakakekerja bakti
b. Suwasana isuk ing desa d. Para warga arep mangkat kerja bakti
11. Kelasku katon resik. Meja kursi tumata tharik-tharik. Ora ana kemliwere regedan ing jogan.
Blabak ing ngarep kelas katon ireng njanges, ora ana sithik-sithika tulisane. Kabeh sarwa
tumata, nyenengake sapa wae kang nyawang.
Paragraf ing dhuwur sawijining laporan pengamatan ing …
a. Sekolahan c. Kelas
b. Omah d. Lapangan

Gatekna pacelathon antarane Pak Tono karo Pak Aliing ngisor iki kango soal no 12 – 14!
Pak Tono : “ Sugeng siang, Pak Ali, punapa kepareng kula badhe matur?”
Pak Ali : “ Arep matur apa, Dik? Kok sajak wigati ”.
Pak Tono : “ babagan rabuk, Pak. Jinising rabuk punika punapa kemawon?”
Pak Ali : “ Oh, kuwi. Rabuk iku ana werna loro, yaiku rabuk alami lan rabuk gawean
pabrik.”
Pak Tono : “ Ingkang kalebet rabuk alami punika punapa kemawon, Pak?”
Pak Ali : “ Rabuk kandang, kompos guano lan pupuk hijau.”

12. Pak Ali diwawancarai babagan …


a. Tetanen c. Piranti tani
b. Rabuk d. Regedan lawa
13. Jinising rabuk ana loro, yaiku …
a. Rabuk alami lan rabuk gawean pabrik c. Pupuk hijau lan guano
b. Rabuk kandhang lan kompos d. Kompos lan guano
14. Sing kalebu rabuk alami yaiku …
a. Rabuk alami lan rabuk gawean pabrik c. Kompos, guano, lan pupuk hijau
b. Rabuk kandhang, kompos, lan guano d. Rabuk kandhang, kompos, guano
lan pupuk hijau
15. ?zNgimnFiautusBpk\
Aksara jawa ing ndhuwur yen diwaca, unine …
a. Legiman tuku kampak c. Legimanto diutus bapak
b. Ngadiman diutus bapak d. Legiman diutus bapak
16. ? ffip]muk kufu t]mPiil\
Aksara jawa ing ndhuwur yen diwaca, unine …
a. Dadi pramuka kudu sregep c. Dadi pramuka kudu sabar
b. Dadi pramuka kudu trampil d. Dadi pramuka kudu seneng
17. Pregiwa garwane Gathutkaca.
Ukara ing ndhuwur yen ditulis nganggo aksara jawa, sing bener yaiku …
a. c.
b. d.
18. Sedya rahayu.
Ukara ing ndhuwur yen ditulis nganggo aksara jawa, sing bener yaiku …
a. c.
b. d.

Gatekna pidhato ing ngisor iki! (kanggo soal angka 19 – 21)

(1) Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Nuwun

(2) Para sepuh, sesepuh, pinisepuh ingkang kula bakteni, para kadang sutrisna ingkang kula
urmati, keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah, sugeng pepanggihan lan mugi-
mugi kanugrahaning Gusti tansah tumurun wonten ing jiwa angga panjenengan saha kula.
(3) Dene menggahing wigatos rawuh panjenengan punika dipun suwuni berkah pangestu murih
Mbak Dewi anggenipun mengeti ambal warsa (ulang taun) mimbui diwasaning pribadi. Mugi-mugi
saget dados tuladhaning para mudha. Langkung-langkung sageda anetepi kekudanganipun Rama
saha Ibunipun. Inggih punika saget dados tiyang ingkang utami bekti dhateng Rama-Ibu, mituhu
dhateng agami, migunani tumprap nusa lan bangsa.
(4) Wasana mbokbilih wonten kirang subasita saha sisiping atur, kula pribadi nyadhong agunging
pangaksami. Matur nuwun.
(5) Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

19. Purwaka basa utawa pambukaning pidhato ing dhuwur yaiku …


a. (5) c. (3)
b. (4) d. (2)
20. Kang minangka panutuping pidhato ing dhuwur yaiku …
a. (4) c. (2)
b. (3) d. (1)
21. Kang minangka surasaning basa pidhato ing dhuwur yaiku …
a. (5) c. (3)
b. (4) d. (2)
22. Adipati karna ing Ngawangga aben aben ajeng kalian … saking Madukara.
a. Raden Arjuna c. Prabu Kresna
b. Raden Kumbakarna d. Prabu Salya
23. Perangipun satriya kalih yen dipuntingali sanget …
a. Nengsemaken c. Nggegirisi
b. Mboseni d. Nguwatiri
24. Adipati Karna ngetingalaken titisipun jemparing. Raden Arjuna dipunles …
a. Talinganipun c. Totongipun
b. Sumpingipun d. Astanipun
25. Keretanipun Raden Arjuna dipunkusiri …
a. Prabu Salya c. Prabu Kresna
b. Prabu Baladewa d. Prabu Puntadewa

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo wangsulan kang trep!
26. Reresik omah iku dadi tanggungjawabe …
27. Sadurunge nindakake sesorah utawa pidhato, becike gawe … dhisik
28. Laporan pengamatan iku sawijining kagiyatan kang nyeritakake …
29. Yen arep wawancara babagan carane nandur jagung, narasumber sing cocok yaiku …
30. Kanggo ngringkes sawijining paragraph kudu digoleki … dhisik.
31.
Tulisan jawa ing dhuwur, yen ditulis latin unine …
32. Layang sing isine ngaturi rawuh yaiku laying …
33. Raden Puntadewa iku mbarepe …
34. Tembang kinanthi iku uga kalebu tembang …
35. Perang antarane Kurawa mungsuh Pandhawa diarani perang …

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo wangsulan kang bener!
36. Yen arep gawe laporan pengamatan, apa wae sing perlu ditulis ana ing laporan pengamatan
iku?
Wangsulan : ……………………………………………………………………
37. Dadekna karma alus ukara ing ngisor iki!
Pak Sumantri lagi lunga menyang sawah.
Wangsulan : ……………………………………………………………………
38. Simbah dhahar gule kambing
Ukara ing dhuwur tulisen nganggo aksara jawa!
Wangsulan : ……………………………………………………………………
39.
Aksara jawa ing dhuwur tulisen nganggo aksara latin!
Wangsulan : ……………………………………………………………………
40. Gawea paragraf bab panutup/ wasana basa naskah pidhato!
Wangsulan : ……………………………………………………………………
KUNCI JAWABAN
ULANGAN TENGAH SEMESTER I SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2013/ 2014
Mata pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VI (Enam)
I. PILIHAN GANDA
1. B 11. C 21 C
2. A 12. B 22 A
3. C 13. A 23 A
4. D 14. D 24 B
5. B 15. D 25 C
6. A 16. B
7. C 17. D
8. B 18. C
9. A 19. D
10. D 20. A

II. ISIAN SINGKAT


26 Kbeh warga ing omah iku 31 Gendhinge kutut manggung.
27 Cengkorongan 32 Ulem
28 Kagiyatan kang diamati 33 Pandhawa
29 Among tani 34 Macapat
30 Ukara bakune 35 Bratayuda

III. JAWABAN SINGKAT


36. Irah-irahan, dina/ tanggal, waktu, papan panggonan, asile pengamatan, sing nulis laporan
37. Pak Sumantri nembe tindak dhateng sabin
38.
39. Kandhang langit kemul mega
40. Kawicaksanan guru.

Skor Penilaian

I. Jawaban benar dinilai 1


Jumlah skor : 25 x 1 = 25
II. Jawaban benar dinilai 2
Jumlah skor : 10 x 2 = 20
III. Jawaban benar dinilai 3
Jumlah skor : 5 x 3 = 15

Nilai Akhir = Jumlah Skor I + II + III x 100


Skor maksimal

= 25 + 20 + 15 x 100
60

100

You might also like