You are on page 1of 7

"Ayumu Mung Ing Njaba"

Kuliyahku rampung, aku ora nuruti kekudangane wong tuwa dadi guru. Sarehne wiwit cilik
kesenenganku kluyuran bebas, mula tak antebi anggonku dadi wartawan, dhasar wiwit SMA aku
wis seneng nulis-nulis apa wae lan kancaku uga wis akeh.Dina kuwi aku lelungan saka desaku
ing Kulon Progo numpak bis kota sing tumuju Yogya.

Biyasa, bis tuwa sing sejatine wis kudu leren, isih dikaryakke. Mula ora mokal bis sing tak
tumpaki lakune mung nggremet, swarane mesin nggereng-nggereng merga kabotan penumpang.
Ngono wae isih mondhag-mandheg ngunggahake lan ngudhunke penumpang. Sopire seneng
bakal entuk dhuwit akeh, ning penumpang senep merga ora nyaman lan rendhet.

Ning atiku seneng, merga wiwit aku mapan lungguh mau jejerku kenya ayu kulite kuning
rambute ngombak dipotong sapundhak. Dheweke maca koran pas ing ngisor jendhela bis. Angin
kang lumebu ngaburake rambute, bareng iku uga aku bisa ngresepi ganda arum saka parfume
kenya iku kang bisa nggugah ati lanangku.

“Wonten kabar anget, Mbak?” pitakonku ben bisa omong-omongan.

“Ing Jakarta kala wingi wonten kabar pembunuhan cacah tiga,” wangsulane cekak, terus wae
maca.
Wih angkuhe bocah iki, ditakoni kok ora ngingetke karo sing takon, ngono grenengku. Rehne
dheke asyik, aku nekad njingglengi olehku nyawang, jebul pancen ayu tenan. Kepenginanku
kenal saya notol, mula kandhaku, “Kabaripun Boy lan Reva tabrakan sampun kapacak, Mbak?”

Kenya kuwi sajak kaget krungu pitakonku, wusana gelem noleh lan nyawang aku.

“Boy lan Reva tabrakan?”

“Kula namung mireng kok, Jeng, kula rak awis-awis ningali sinetron anak jalanan,”
wangsulanku.

“Ketingalipun kok dereng.” Koran banjur diulungake aku, terus tak olak-alik karo kandha, “Ning
duka kasunyatanipun Iho Jeng, punika saestu punapa namung critanipun ing sinetron.”

Krungu kandhaku kenya mau mung mesem kecut, sajak ngerti akal bulusku supaya bisa ngajak
omong-omongan. Dumadakan dheweke takon, “Mas wartawan nggih?"

Aku gedheg.

“Pengarang?”

Aku gedheg maneh.

“Apa malah perayu?” kandha ngono karo ngguyu nggligik. Ya ampun... ayune bocah kuwi
bareng ngguyu. Pipine sing dhekik lan untune gingsul nambahi manise.

“Aku pelamun,” kandhaku serius.

“Pelamun kok ngerti crita filem.”


“Pancen, Jeng, kula remen pados wartos lan remen nyerat.”

“Ta, rak leres pandugi kula.”

“Ning kula sanes perayu Iho jeng.”

Dheweke mung ngguyu. Jebul aku kecelik, kenya sing mau takkira angkuh kuwi tibake grapyak
sumanak sugih guyu lan pinter srawung.

“Tepangaken, Jeng, kula pun Sunyata.”

Gragaban dheweke nampani tanganku, dicekel kenceng karo kandha, “Sulistyawati.”

“Pas kados piyantunipun, tuhu sulistya.”

“Ah, punapa nggih, Mas?”

“Inggih, estu kok Jeng, panjenengan kados Dewi Ratih.”

“Kados pundi menawi kula mastani panjenengan Kamajaya?” kandha ngono karo nglendhot ing
pundakku, ndadekne atiku dadi poyang-payingan.

Mudhun bis dheweke takajak muben-gmubeng gelem. Bareng wis kesel dakajak neng Losmen
uga manut. Oh, bungahku ngayang batin. Lagi mau esuk tepung, aku wis ora basan binasan. Ana
ing Losmen, upama aku iki wong lanang ndhugal, kalodhangan tumindak ngawur gampang
banget. Ning aku tansah eling, apa maneh ing atiku kok njur kethukulan rasa tresna, mangka
takpancing-pancing jare dheweke ya seneng nek nduwe pasangan kaya aku.

“Pareng pa jeng yen aku dolan neng daleme?”

“0 kena, Mas, ning aja minggu-minggu iki, aku arep ndherekake ibu tilik mbakyuku neng
Jakarta. Minggu ngarep wae ya.”

“Ngendi ta, Jeng, daleme?”

“Kono Mas, perumahan cedhak bandara, mengko takcaosi alamate.”

“Olehmu arep kondur yah apa, Jeng?”

“Ya mengko Mas, jam-jam lima, wong pamitku karo ibu baliku ya sore kok.”

“Hla pamitmu mau tindak ngendi, Jeng?”

"Mas, aku mau rekaku rak arep neng Wates, neng nggone kancaku. Ning bareng tekan cedhak
kretek Kali Progo dheweke SMS nek ndherekke ibune tindak layat neng Purworejo, mula aku
trima mudhun, ganti bis bali ngetan, ya bis sing let sedhela panjenengan munggah njejeri aku
mau,”

“0... ngono ta, begjaku ya jeng bisa ketemu sliramu sing ayune kaya widadari. Nuwun sewu
Jeng, sliramu kuwi wis ana sing kagungan apa durung?”
“Ya durung ta, Mas, aku ngenteni kakung sing kaya panjenengan kok”

“Tenane, piye umpama karo aku?”

“Wah iki guyon apa tenan, Mas?”

“Tenan. Ning aku mung jaka klanthung, Jeng, pametuku cilik. Mahasiswa sing lagi wae lulus
durung duwe cekelan pakaryan sing maton.”

“Oh ora papa, Mas, sing baku Mas tresna neng aku.”

“Ya jelas ta Jeng, nek ora tresna teneh ora nanting sliramu. Mangka tepunge awake dhewe lagi
mau neng bis. Aku kayungyun karo kasulistyanmu.”

“Ning suk nek aku wis tuwa ilang ayune Iho, Mas.”

“Semono uga aku Jeng, suk nek wis tuwa ya mesthi elik kae.”

Sulistyawati banjur nggablogi aku. Tak rangkul dheweke malah banjur ngruket kenceng, sirahe
diuselake ing dhadhaku. Adhuh, aku dadi salah tingkah, atiku kuwur bingung apa sing arep tak
tindakake.

“Mas, apa njenengan ora pengin ngaras aku?”

Nalika dheweke dakndhangakake, Listyawati nyamber lambeku wani, dicecep-cecep kanthi


dremba. Bareng wis tutug genti pipiku sing dadi sasaran nganti
aku pengoh-pengoh. Oh... jebul Listyawati agresif banget, aku sing nyata-nyata isih ijo malah
kaya dene diwarahi. Gandheng anggonku rangkulan adeg-adegan wis suwe, aku njur lungguh ing
jrambah selonjor. Listyawati malah banjur turon lumah-lumah ing pangkonku. Karo ngelus
rambute dhak wanek-wanekake aku takon.

“Jeng sliramu kok wis pinter, mangka ya lagi sepisan iki aku ngadepi cah putri sing mlebu atiku,
dadi etunge aku ki isih bodho.”

“Mas, merga aku seneng tenan bisa ketemu panjenengan, priya sing tindak tandukke alus kaya
sing tak gegandhang, mula aku njur nekad. Aku isih asli kok Mas, nek panjenengan pengin
buktekake ayo Mas, ya merga aku tresna tenan neng panjenengan buktekna nek aku pancen isih
prawan, isih suci”

“Aku percaya kok, ya merga tresnaku sing gedhe, sliramu dakeman-eman, dakjaga murih lestari
suci. Aku mantep kok bakal mengku sliramu, supaya ing mengkone dadi ibune anak-anakku.”

“Iya Mas, muga-muga wae kaleksanan.”

“Jeng iki wis meh jam lima, sliramu kondur takdherekke, golek becak apa taksi”

“Aku takbali dhewe cukup mbecak wae.”

“Tenan ya Jeng, minggu ngarep aku taksowan neng daleme, sisan kenalan karo bapak ibu. Suk
njur gantenan sliramu dakajak neng omahku, ben pirsa bapak lan simbokku.”

“Mas, ben aku mantep nek njenengan arep rawuh tenan, piye nek jam tangan panjenengan tak
gawa? Sesuk dipundhut nek karo rawuh neng nggonku.”
“Oh... iya... iya mangga, Dhik” kandaku karo nyopot jam tangan dakulungake Listyawati. Bubar
kuwi aku nggolekke becak kanggo mulih dheweke. Nalika salaman pepisahan, dhewekke ngaras
aku maneh karo nglebokake kertas ing sak klambiku.

Lungane becak daksawang nganti ilang ing datan gedhe, kesilep dening kendharaan sing tanpa
wilangan aKehe. Aku uga banjur tata-tata ninggalake losmen, mulih kanthi ati maneka warna.
Sing cetha citrane Sulistyawati tansah cumithak ing angen-angenku. Kenya ayu pilih tandhing
sing wis ngratoni atiku.

Jroning seminggu ana ngomah, rasaku suwe banget ngenteni minggu candhake. Yen bengi angel
turu, tansah kelingan wae lelakon endah sing takalami karo Listyawati. Rasa kangenku saya
mbangeti. Minggu sing dakanti-anti sida teka. Isih esuk aku wis adus, motor wis takguyang,
taklap kincling. Sirku bar jagongan mengko Listyawati arep dakajak dolan, dhompetku ya isi
lumayan merga bar njupuk honor ing majalah kang macak tulisanku. Rampung sarapan, pamit
ibu, banjur budhal. Tekan SMA Angkasa aku menggok ngidul, kayane ya kuwi perum sing
paling cedhak bandhara. Kertas alamat pawewehe Listyawati daktuduhake pawongan sing
daktemoni ing perumahan mau.

“Mas, di sini nggak ada Gang Belut. Yang ada Gang Gurami, Gang Nila, dan gang-gang yang
namanya ikan. Anak yang namanya Sulistyawati juga nggak ada.”

Atiku gela banget. Mangka sing dilebokake sak klambiku wingi ya kertas kuwi. Oh...ngapa aku
kelalen ora takon nomer hape-ne? Tekan wetan bandhara tak tlesih, nanging omah lan wanita
sing dakgoleki ora ana. Atiku semplah, judheg uga mangkel. Wusana tak putusake mulih.

Ngliwati kios sadurunge mlebu desaku aku tuku koran. Tekan ngomah mlebu kamar koran
takuncalake ndhuwur peturon, aku nggloso terus keturon. Sore tangi njur adus. Awak wis krasa
seger. Kelingan koran sing daktuku banjur takbiyaki. Gandrik, aku kaget. Ing kaca loro ana
gambare Listyawati karo bocah lanang saumuranku. Ing ngisore gambar ana tulisan: telah
tertangkap pengedar narkoba kelas kakap Mira, bersama pacarnya di bandara waktu mau
beangkat ke Jakarta. Semprul... bajigur... jebul ayumu mung neng njaba. Utegmu wis bosok.
Tujune aku isih slamet.

(Cuthel)

Panjebar Semangat,12 November 2016