You are on page 1of 7

I.

Kawangsulana pitakenan-pitakenan ing andhap menika kanthi milih huruf A, B, C, D


utawi E ingkang kaanggep becik!

1. Wacanen kanthi premati!

NGLESTAREKAKE TARI TRADHISIONAL KANGGO NYENGKUYUNG


PARIWISATA

Salah sijining titikan tumrap makhluk kang urip yaiku obah. Semono uga wong kang isih
bisa obah, senajan ora bisa dipesthekake obahe. Bab mau, asring kanggo mbedakake karo
wong mati. Mula, banjur ana lelagon “ mak jenthit lololobah, wong mati ora obah, nek obah
medeni bocah”. Babagan obahing manungsa mono, ana kang pancen disengaja kareben dadi
obah kang endah. Obahing badan kang kacipta dadi endah iku kang banjur kasebut tari utawa
beksa.
Ing babagan pariwisata, kang dadi wosing gati yaiku bab kaendahan mau, kang tundhone
mahanani pikiran lan badan kang maune krasa sebel lan sayah dadi pulih gumregah maneh
semangate (refreshing). Mula, ora mokal yen babagan tari-tarian bisa narik kawigatening
wisatawan, awit saka kaendahan obahing perangan-peranganing awak kang pancen
nengsemake. Tumrape wisatawan saka mancanegara utawa kasebut wisman, luwih
nengsemake maneh yen tari-tarian mau arupa tarian tradhisional amarga jinising tari
tradhisional padatan duwe konvensi gumathok kang pancen kudu ditindakake dening para
penari mau kanthi premati. Tumrap para wisman, obahing penari kang endah, kang ora tau
disumurupi ing negarane kono, ndadekake kesan kang jero ing pikirane.
Beksa utawa tari Jawa, asring nuwuhake rasa kesengsem tumrap wisman mau. Mula ora
sethithik wisman kang banjur padha golek kalodhangan wektu kanggo melu gladhen beksa,
ngiras pantes refreshing ngudi kasarasan lan ngudi kawruh bab beksa. Pakar kebugaran saka
Universitas Indonesia, dr. Tanya Rotikan SP. KO., mratelakake yen mbeksa mligine beksa
tradhisional iku kalebu weight bearing exercise yaiku latihan kang migunakake tumpuan
aboting awak nalika ngadeg. Latihan kang kaya mangkene, mumpangate bisa nambah
kekuwatan balung lan imbanging badan sing tundhone bisa nyegah kroposing balung utawa
osteoporosis. Mula, wisman mau banjur nggegulang lan melu gladhen beksa.
Tumrap para penari saka masyarakate dhewe, kang mbudidaya nganti bisa wegig nari
tradhisional, bab iki ateges melu nguri-uri lan nglestarekake peranganing kabudayan Jawa lan
banjur asring kadhapuk mbeksa ana ing sadhengah acara, kepara melu nyengkuyung
majuning pariwisata Indonesia, mligine ing laladan Daerah Istimewa Yogyakarta, Jawa
Tengah lan Jawa Timur.

(Kabesut saka Kalawarti Panyebar Semangat No. 44, 1 November 2008)

Tari tradhisional bisa nyengkuyung majuning pariwisata. Tembung tari ngemu teges …
A. Obahing badan kang ora nganggo paugeran tertamtu
B. Obahing badan kang dilestarekake minangka perangan kabudayan
C. Obahing awak nalika ana swara gamelan
D. Obahing badan kang kacipta dadi endah
E. Obahing awak kang dibudidaya amrih lestari

2. Ing babagan pariwisata kang dadi wosing gati ing tari yaiku …
A. Gebyaring pagelaran
B. Kaendahan
C. Akehing paraga
D. Jangkeping busana
E. Luwesing tari

3. Tumrap wisatawan mancanegara tari tradhisional luwih narik kawigaten sebab …


A. Nengsemake yen ditonton
B. Ora nate disumurupi ing negarane kono
C. Anane konvensi gumathok kang kudu ditindakake kanthi premati
D. Kanggo sarana refreshing mulihake semangat
E. Nuwuhake kesan kang jero ing pikiran

1
4. dr. Tanya Rotikan mratelakake yen beksa tradhisional kalebu weight bearing exercise kang
ngemu teges …
A. latiyan kang paedahe kanggo gawe kuwat awak
B. migunakake latiyan kanggo sarana seger awak
C. latiyan kang tundhone gawe aboting awak
D. latihan kang bisa mundhakake aboting awak
E. latiyan kang migunakake aboting awak nalika ngadeg

5. Beksa tumrap kang mbeksa uga minangka sarana nyengkuyung majuning pariwisata. Kejaba
iku, uga kanggo …
A. Nguri-uri lan nglestarekake kabudayan Jawa
B. Nyempulurake adat minangka perangan kesenian
C. Gawe regeng pertunjukan seni tradhisional
D. Melu ngipuk-ipuk ngrembakaning kesenian
E. Sarana gawe mongkog masyarakat Jawa

6. Ing ngisor iki ora kalebu cara supaya tari tansah lestari …
A. Nggawe aturan kang isine ngejak saben wong kudu nari sabisane
B. Diwulangake ing sekolah
C. Dianakake maneka warna lomba tari
D. Melu kursus tari
E. Digawe dhokumentasi sawarnaning tari

7. Piwulang kang bisa dipethik saka wacana “Nglestarekake tari tradhisional kanggo
nyengkuyung pariwisata” yaiku…
A. Gladhen tari minangka sarana kanggo nggrengsengake budaya
B. Tari dadi sarana ngudi awak tansah sayah
C. Tari tradhisional migunakake piranti kang ndadekake tari saya adiluhung
D. Kanthi nari ateges nglestarekake budaya kang tundhone gawe majuning pariwisata
E. Tari tradhisional nyengkuyung pariwisata sebab akeh paraga kang kawentar utawa
terkenal

8. Apa gunane pecut kang tansah digegem dening pemimpin jathilan?


A. Kanggo mecut wong kang nari ing jathilan
B. Nyadharake wong kang kesurupan awit klebon roh
C. Kanggo sarana ngundang roh
D. Kanggo aba-aba tumrap penari lan niyaga
E. Gawe wedi roh kang mlebu ing ragane penari jathilan

9. Ing ngisor iki ora kalebu bukti yen penari jathilan kesurupan roh utawa ndadi …
A. Mangan kang ora lumrah kayata mangan beling, iwak pitik mentah
B. Njoged nganti ora duwe kesel
C. Manut marang apa sing dikon dening pimpinan
D. Ngombe banyu kang dicepakake ing ember
E. Anggone ngombe dikokop

10. Wacanen crita wayang “Gathutkaca” kanthi premati!

GATHUTKACA
Gathutkaca satriya ing Pringgadani, putrane Werkudara karo Dewi Arimbi. Sesebutan
Gathutkaca liyane yaiku Bambang Tetuka, Kacanegara, Senaputra, Bimasuta, Arimbatmaja,
Krincingwesi. Sedulur tunggal bapa yaiku Antareja (kangmas) lan Antasena (adhi).
Gathutkaca kondhang satriya otot kawat balung wesi, sungsum gegala, bisa mabur tanpa elar,
turu kepenak ing angkasa utawa mega. Garwane aran Dewi Pergiwa, putri Raden Harjuna.
Peputra siji aran Raden Sasikirana.
Gathutkaca satriya kang cukat trengginas, yen perang tandange kaya sikatan nyamber
walang. Tumrap para putra Pandhawa ora ana kang bisa ngungkuli cukat lan trengginase
Raden Gathutkaca. Sekti mandraguna duwe aji Narantaka paringane Resi Seta, duwe kotang
Antrakusuma, dayane bisa mabur tanpa elar, ora bakal kuwalat senajan mabur ing dhuwur
papan kang wingit, papane para resi, dewa lan liya-liyane, duwe caping Basunanda, yen
panas ora kepanasen, yen udan ora kodanan. Yen perang kondhang mothol gulune mungsuh.

2
Gathutkaca dadi jagoning dewa. Nalika lair, pusere bayi ora bisa dikethok nganggo apa
wae, ora tedhas ing gegaman. Bathara Narada tumurun ngasta senjata Kunta. Narada saguh
ngethok pusere gathutkaca, sarate Gathutkaca bakal didadekake jagoning dewa ngadhepi
Prabu Kalapracona lan patih Sekipu. Kersane Narada maringake senjata Kunta marang
Janaka, nanging kleru Suryaputra (Karna). Janaka ngrebut senjata Kunta, nanging mung
antuk warangkane. Warangka katamakake ing puser, pusere Gathutkaca pedhot, nanging
warangkane manjing ing puser. Narada getun, banjur weling supaya Gathutkaca ngati-ati yen
ngadhepi Basukarna sebab matine besuk uga karo Kunta Wijayandanu. Bayi abang kagawa
Narada, dijegurake ing kawah candradimuka yaiku papan sing kebak geni mangalad-alad,
panase ora kena kinaya ngapa, malah Gathutkaca dikrocok gegaman kadewatan, nanging ora
mati malah saya gedhe kaya digembleng. Metu saka kawah, Gathutkaca wis nganggo busana
wesi, sentosa awake otot kawat balung wesi.
Gathutkaca maju perang ngadhepi Kalapracona lan Sekipu. Saben-saben dicokot, malah
saya mundhak gedhe, saya atos awake. Tundhone, Kalapracona lan Sekipu kapothol gulune
dening Gathutkaca. Banjur dipethukake para pepundhen Pandhawa. Nalika Gathutkaca
gumuyu, jebul duwe siyung. Pancen anak raseksi yaiku Dewi Arimbi lan satriya yaiku
Werkudara, mula senajan bagus nanging duwe siyung. Siyung banjur dipapak dening Kresna,
banjur meling Gathutkaca aja gampang gumuyu, cukup mesem wae. Mula, ora duwe guyu
sebab wedi siyunge katon. Laire Gathutkaca kalebu lakon wayang sing rame. Ing diwasane,
jumeneng ratu ing Pringgadani nganggo perjuwangan sing abot, nanging panggah suwita ing
Ngamarta dadi agul-aguling Negara sing jaga wates wewengkon negara Ngamarta sebab bisa
mabur. Ing perang Bharatayuda, Gathutkaca dadi Senapati. Ora ana prajurit Kurawa kang
bisa nandhingi kridhaning Raden Gathutkaca. Akeh prajurit Kurawa tiwas, katrajang aji
Brajamusthi, aji Narantaka, kapothol gulune. Gathutkaca pinter perang ing dharatan, wasis
tanding saka angkasa.
Karna madeg Senapati. Gathutkaca eling piwelinge para pepundhen. Gathutkaca tansah
golek limpene Karna. Bubar nrajang Karna, balik ndhelik ing mega. Karna tansah
kecolongan. Suwe-suwe Karna judheg ora bisa mrawasa Gathutkaca. Nalika Gathutkaca
ndhelik ing angkasa, angin tumiyup, mega sumilak, Karna mulat sigra nglepasake Kunta
Wijayandanu. Gathutkaca prayitna mabur saya dhuwur, saengga panah ora tekan.
Kacarita, sukmane Kalabendana sing ngenteni Gathutkaca weruh panah enggal disaut,
banjur ngoyak Gathutkaca. Weruh pamane sing banget ditresnani kang nate dipateni,
Gathutkaca trenyuh enggal nubruk lan ngruket Kalabendana, ora ngerti yen Kalabendana
nggawa senjata Kunta. Kunta manjing ing warangka. Gathutkaca kumleyang saka angkasa,
kuwanda tiba ing dharatan jumeglur swarane, ngebruki kretane Karna, ajur mumur dadi
sawalang-walang, nanging Karna bisa ngoncati.

(Jatirahayu, 2000. Mutyara rinonce, Budi Pekerti Ing Pewayangan)


Gathutkaca kuwi putrane sapa?
A. Dewi Setyawati karo Prabu Salya
B. Werkudara karo Dewi Arimbi
C. Raden Harjuna lan Dewi Sembadra
D. Prabu Dhestarata lan Dewi Gendhari
E. Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi

11. Sing ora kalebu sesebutan Gathutkaca yaiku …


A. Bambang Tetuka
B. Janaka
C. Arimbatmaja
D. Kacanegara
E. Senaputra

12. Ukara ing ngisor iki nggambarake Raden Gathutkaca minangka satriya kang kondhang,
kejaba …
A. Garwane aran Dewi Puruhita
B. Otot kawat balung wesi
C. Duwe sungsum gegala
D. Bisa mabur tanpa elar
E. Turu kepenak ing angkasa utawa mega

3
13. Gathutkaca duwe maneka warna senjata kang ndadekake sekti mandraguna. Salah sijine
paringane Resi Seta yaiku …
A. Kotang antrakusuma
B. Caping basunanda
C. Kunta wijayandanu
D. Aji brajamusti
E. Aji narantaka

14. Para pepundhen Pandhawa methukake Gathutkaca. Tegese tembung pepundhen yaiku …
A. Dipasrahi
B. Kang diandel-andelake
C. Kang dikurmati
D. Kang kondhang
E. Abdi

15. Ing ngisor iki piwulang budi pekerti ing crita Gathutkaca, kejaba …
A. Yen nyilih kudu mbalekake
B. Dhemen nulung marang wong liya
C. Tumindaka sing jujur
D. Aja dumeh
E. Setya marang bangsa lan Negara

16. Nalika maca geguritan kudu nggatekake wicara, wirama, wirasa lan wiraga. Tegese wirama

A. Pocapan kang cetha nalika ngucapake tembung, aksara swara lan wanda
B. Irama utawa lagu, cendhek dhuwuring swara, sora lan lirihing swara
C. Obahing awak yaiku ora kaku, luwes, ngobahake perangan awak supaya swasana bisa
kabangun
D. Ngetrepake karo isining geguritan kayata seneng, susah, nesu lan sapiturute
E. Ngobahake tangan nanging ora digawe-gawe

17. Geguritan “Hawa Sengar” anggitane …


A. Suwardi Endraswara
B. Suharjendra
C. Budi Susanto
D. Yuana Agus Dirgantara
E. Asti Pradnya Ratri

18. Undheran utawa tema geguritan “Hawa Sengar” yaiku …


A. Hawa nepsu pangreh praja
B. Politik
C. Sosial
D. Katresnan
E. Kasmaran

19. Wacanen pethikan geguritan “Hawa Sengar” ing ngisor iki!

Yen mangsane alihan, rasaku melu alihan


Panyawang, pangrungu apadene pangambu uga alihan
Sing dak rasa sepa tur sepet
Njalari sirah mumet
Sing dak sawang tulisan janji manis, kang kanyata amung lamis
………....
Nanging tibaning katetepan
Menang sabubare pilihan, akeh dumadi ontran-ontran

Tembung alihan ngemu teges …


A. Sela
B. Prekara kang becik
C. Pindhah
D. Tanpa greget

4
E. Batin kang ala

20. Dene tembung ontran-ontran tegese …


A. Kahanan kang endah
B. Geger utawa prekara kang njalari rame
C. Swasana nengsemake
D. Prekara ala
E. Katentreman

21. Intisarining geguritan “Hawa Sengar” yaiku …


A. Anane ontran-ontran sawise katetepaning para pangreh praja
B. Kasengsaraning rakyat sebab para pangreh praja ora menehi kawigaten
C. Janji-janji para pangreh praja kang nyatane amung lamis
D. Dumadining pangreh praja sing lali marang janji-janjine kang diucapake nalika njaluk
panyengkuyung karo rakyate
E. Pemilu kang dadi wahana kampanye pangreh praja marang rakyat

22. Ukara ing ngisor iki kalebu piwulang ing geguritan “Hawa Sengar” …
A. Aja seneng janji-janji sebab bisa gawe seneng ati wong liya
B. Prayogane minangka pangreh praja gelem tumindak nengenake klompoke tinimbang
rakyate
C. Ngupaya rakyat tansah nandhang sengsara karana tumindake pangreh praja
D. Dadi pemimpin kudu gemati marang kawulane
E. Rakyat kudu nyengkuyung kekarepane pangreh praja senajan ala

23. Tembang Macapat duwe pathokan tartamtu, kejaba …


A. Guru lagu
B. Guru pada
C. Dhong-dhing
D. Guru gatra
E. Guru wilangan

24. Titikane tembang Macapat salah sijine guru gatra sing tegese …
A. Cacahing gatra ing saben larik
B. Cacahing pakecapan ing saben tembang
C. Cacahing gatra ing saben tembang
D. Cacahing pocapan ing saben baris
E. Cacahing wanda ing saben pada

25. Titikan liyane yaiku guru lagu ngemu teges …


A. Tibaning swara ing ing pungkasaning pada
B. Cacahing swara ing saben baris
C. Cacahing swara ing akhir gatra
D. Tibaning swara ing pungkasaning gatra
E. Tibaning swara ing saben gatra

26. Titikane tembang Mijil …


A. 10i, 6u, 10i, 10e, 6e, 6u
B. 10e, 6o, 6i, 10i, 6i, 10u
C. 10u, 6o, 10e, 10a, 6a, 6o
D. 10a, 6e, 6u, 10i, 6u, 6e
E. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6/u

27. Wacanen pethikan tembang Mijil ing ngisor iki!

Poma kaki padha dipuneling


mring pitutur ingong
sira iku satriya arane
kudu anteng jatmika ing budi
ruruh sarta wasis
samubarangipun

5
Tembung ing ngisor iki tegese ora padha karo tembung ingong ...
A. Aku
B. Ingsun
C. Amba
D. Eyang
E. Kula

28. Tembung wasis ngemu teges ...


A. Pinter
B. Sekti
C. Bagus
D. Loma
E. Bagya

29. Intisarining tembang Mijil yaiku ...


A. Tuladha saka para satriya kang duwe bebuden luhur
B. Piweling saka kasepuhan marang para kanoman
C. Nasehat becik amrih dadi satriya kang utama
D. Tumindak kang becik supaya pinter ing kabeh prakara
E. Pandonga marang para mudha supaya anteng lan wasis

30. Budi pekerti kang kamot ing tembang Mijil yaiku ...
A. Ngudi setya marang kang patut dituladha lan disiya-siya
B. Gelem tumindak mbrastha dur angkara ing bebrayan
C. Tansah mituhu lan nindakake piwelinge wong tuwa
D. Wong enom ora kudu manut apa kang didhawuhake wong tuwa
E. Kudu eling yen satriya kuwi dadi kuwajibaning manungsa

31. N3 yaiku bab sing kudu digatekake menawa nggawe geguritan. N3 yaiku ...
A. Nonton, nulis, niteni
B. Nurun, nulis, nonton
C. Nonton, nulis, niru
D. Niteni, niru, nambahi
E. Nulis, niru, nyathet

32. Akeh maca geguritan kanthi maneka tema, nyathet lan nggatekake bab wigati lan narik
kawigaten. Andharan kuwi dadi tegesing ...
A. Niteni
B. Nirokake
C. Nambahi
D. Nulis
E. Nurun

33. Dene katrangan nirokake ngemu teges yaiku ...


A. Yuda lan ngowahi geguritan saengga tuwuh kreativitas
B. Seneng geguritan kang endah
C. Ana krenteg saka ati yen arep gawe geguritan
D. Nggatekake bab kang dadi undheran utawa tema geguritan
E. Nyoba nulis geguritan kanthi modhel kang cocok karo pribadine dhewe

34. Yen gawe geguritan bab apa kang ditindakake paling akhir?
A. Nemtokake tema
B. Nemtokake judhul
C. Maca asil geguritan
D. Nliti tulisan
E. Menehi panemu

35. Undheran geguritan kanthi judhul “Hompimpah” yaiku ...


A. Kritik sosial
B. Tumindak ala
C. Perjuwangan

6
D. Kaendahan
E. Kabudayan

36. Paribasan cegah dhahar lawan guling. Yen kasalin aksara Jawa ...

A. ?pribsnceghda/lnGuli=.
B. ?p/ribsnCeghfa/lwnGuli=.
C. ?pribsnCeghda/lwnGuli=.
D. ?prebsnceghda/lwguli=.
E. ?pribsSnCegahdarlnGuli=.

37. Urip ora mung golek seneng. Salinen nganggo aksara Jawa!

A. ?auri[paormu=[go[lksen=.
B. ?aurip[aor[go[lkSen_.
C. ?auripMu=[g[lkSen_.
D. ?auri[pHormu=[go[lkSen_.
E. ?auripK=[go[go[lkSen_.

38. Meper hawa nepsu supaya duwe kekuwatan lair batin. Yen katulis nganggo aksara Jawa ...
A. ?mepe/awnepSusupyfu[wkekuwtTnLai/btin\,
B. ?mepe/[ao[wonepSusu[po[yodu[wkekuwtTnBtin\,
C. ?[m[p/awnepSusupykuwtLai/btin\,
D. ?me[p/awnepSusu[po[yofu[wkekuwtTnLai/btin\,
E. ?mepe/[ao[wonesusupykuwtLai/btin\,

39. Manungsa kudu tansah eling lan waspada. Kepiye yen ditulis aksara Jawa?
A. ?mnuskufu[ali=lnWsPfauri[pP.
B. ?mnu=skufutnSh[ali=lnWsPf.
C. ?mnu=[sokudutnSh[ali=lnWsPf.
D. ?menu=skudutnSh[ali=lnWsPf.
E. ?mnu=[sokufuaili=lnWsPd.

40. Cara tirakat kanthi ngurangi mangan lan turu. Tulisen ukara kuwi nganggo aksara Jawa!
A. ?tttirktKnTimznLnTuru.
B. ?[co[rotirktKnQizurzimznTuru.
C. ?crqirktKnQizur=zimznLnTuru.
D. ?crtirkqKnTizur=zimznLnTuru.
E. ?crtirktKnQizur=zimznLnTuru.

II. Wangsulana kanthi becik!


1. Tulisen gancaran geguritan “Hawa sengar” nganggo basamu dhewe!
2. Tulisen gancaran tembang Mijil!

Maturnuwun

You might also like