You are on page 1of 2

Aksårå Jåwå Prêlu Malêbu Alam Global

Carakan utawå aksårå Jåwå akèh tinêmu ånå ing Suråkartå lan Ngayogyåkartå.
Aksårå Jåwå ngrênggani jênêng bangsal ånå ing Karatón, jênêng gêdhóng, jênêng
ruwangan, jênêng pasar, jênêng dalan, têtêngêr, hastånå, gapurå, sêsanti, lan liyå-
liyané.Ånå síng disandhingi karo aksårå latín, nangíng ånå ugå síng ora
digandhèngi nganggo aksårå latín.Wujúd lan cakriké wêrnå-wêrnå yåkuwi: kandêl-
tipisé, jêjêg-dhóyóngé, gêdhé-ciliké, pêsagi-bundêré, lêmu utåwå kuruné. Malah
ånå kaligrafi aksårå Jåwå ånå ing gambar Sêmar, Tógóg, busånå bathík lan liyå-
liyané.
        
Buku-buku síng ditulís nganggo aksårå Jåwå ugå akèh tinêmu ånå ing muséúm-
muséúm, kapustakan Karatón, Kapústakan Nasional, Arsip Nasional, lan ånå ing
jagad pamulangan síng nggilut båså lan sastrå Jawa.Kajåbå såkå iku ugå tinêmu
ånå ing kapústakan Univêrsitas ing måncånagårå síng cacahé akèh bangêt. 
Kabèh mau mujúdaké ’artå kåyå’ ing babagan båså, sastrå, lan budåyå Jåwå síng
isíh ånå. 

Aksårå Jåwå dadi lambang jatidhiriné wóng Jåwå síng prêlu dipandêng, diuri-uri
lan dilêstarèkaké. Wêwatón sujarah síng ånå, aksårå Jåwå wús lumaku pirang-
pirang abad kawiwitan såkå aksårå síng digunakaké ånå ing båså Jåwå Kunå, båså
Kawi, båså Têngahan, lan Jåwå Anyar.Anané évolusi  aksårå Jåwå  kadayan såkå
sastrå síng wús kawuri, yåkuwi sastrå Hindhu. Nganti wêktu iki, ånå pérangan síng
isíh digunakaké yaiku aksårå ’múrdå’ síng mula bukané saka aksara Mahaprana 
síng pocapané nganggo abab síng mantêb.
 
Karånå iku, måntrå síng túk-é såkå agåmå Hindhu ugå ndayani aksårå Jåwå síng
digunakaké. Évolusi aksårå Jåwå ora  mandhêg nangíng têrús lumaku jumbúh karo
obahíng jaman. Ånå pêrangan síng lêstari, nangíng ugå ånå pérangan síng ngalami
owah-owahan ing babagan cakrik, ukêlan, lan céngkók síng wujudé kåyå aksårå
Jåwå wêktu iki. Manåwå dijingglêng, aksårå Jåwå duwèni pamór síng éndah lan
mrêbawani. Wêwatón buku Sêrat Sastrå Harjéndrå, aksårå Jåwå nduwèni filsafat
síng biså nuntún  marang kawiryan lan kaluhuran.         
Aksårå  Jåwå wêktu iki kênå diarani isíh lêstari nangíng akèh kawulå mudhå síng
wús nyingkúr lan nglalèkaké. 
Akèh síng pådhå ’wutå aksårå Jåwå’ amargå wêdi nyinau aksårå Jåwå síng rumit
lan angèl. Ånå pêpalang síng nggubêl  aksårå Jåwå  ånå satêngah-ing jaman síng
sangsaya maju. Karana iku banjúr ånå tékad lan rékadåyå supaya aksårå Jåwå têtêp
lêstari. Aksårå Jåwå prêlu nút ing jaman kalakóné, nút ing papan kadadéyané, lan
nút ing båwå wêdharané. 

Aksårå Jåwå prêlu malêbu alam global jumbúh karo putusan Kongrès Båså Jåwå
IV Taún 2006. Nganti wêktu iki wús ngrêmbåkå anané situs utåwå wèb site
ngênani hå nå cå rå kå. Ayahan komputêrisasi aksårå Jåwå uga diadani déníng pårå
nimpuna utåwå pakar ing babagan tèknologi infórmasi. Bêbarêngan karo
kêmajuwan jaman síng pilaré tèknologi infórmasi, aksårå Jåwå prêlu di-révitalisasi
utåwå didayakaké ånå ing bêbrayan global. Parêpatan lan sarasèhan ing babagan
iki wús diadani rambah kapíng pitu ånå ing Jåwå Têngah, DIY, Jåwå Timúr, lan
Jakarta. 

Pårå pangarsa bêbadan, paguyuban, pårå nimpunå, lan pårå pakar tèknologi 
infórmasi síng nggilút susastrå Jåwå wús gumólóng tékadé prêluné aksårå Jåwå
nduwèni character sèt ana ing mêsin komputêr.  
Ayahan stratêgis ngênani babagan iki yaiku prêluné aksårå Jåwå didaftaraké ånå
Unicode Consortium lan Unèsco. Pangajabé, supåyå aksårå Jåwå biså madêg jajar
karo aksårå-aksårå tradisi-onal donya liyané ing alam global. 

Déníng : Ki  Sutadi


Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Tênga h

You might also like