You are on page 1of 10

Wangsalan

Afada Limpad Y.
Dewi Wahyuningtyas
Fany Astari
Nurin Winahyu
Radhitya Noor A.

2
10
13
17
20

Pangertosan
Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang dewe. Ukarane
ora persis nanging memper wae.

Jenise Wangsalan

Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan siji.


Tuladha: Wong kok mentil kacang, mbesengut wae.
Pentil kacang : besengut.

Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane


luwih saka siji.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata,
yen wonten lepat kawula.

Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane


sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha:

Uler kambang, yen trima alon-alonan


Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah
Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap
wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung
satitahe.

Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la


nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing maca
dianggep wis ngerti batangane.
Tuladha:
Wong kae sajatine wis krungu omonganku, nanging njangan gori.
Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg.

Wangsalan mawa paugeran tartamtu


Wangsalan mawa paugeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:

Mawa paugeran (4 wanda + 8 wanda)


Kang mawa paugeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba. Unen-unen
mung saukara kang kadadean saka rong gatra.
Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)

Mawa paugeran (4 wanda + 8 wanda )x 2 = 24 wanda


Wangsalan sing isi batangan luwih saka siji. Unen-unen rong ukara, saben
saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan isi wangsalan, ukara
kapindho isi batangane.
Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido

(Sumber : http://estetikawidodo.blogspot.com/2011/11/wangsalan.html)

Wangsalan edi-peni
Wangsalan sing mawa paugeran .

Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)

Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )

Ukara kang kapisan mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa
utawa purwakanthi lumaksita.

Tuladha: Kukus gantung, sawangane kok bingung.


Kukus gantung : sawang

Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahe wandane lan


tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku
ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru
laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu
tansah manut paugeraning tembang.
Tuladha:

Sinom
Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah
balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili,
gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak
mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap

Wangsalan kang sinawung ing tembang


Cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan.
Tuladha:
BAWA NGUSWARAGA
Sri Mahajawata katong, (1)
Andaka wulune rekta,(2)
Jroning nendra gung kaepi,
Boja reksa (3) kawi wuwus,(4)
Panggya andika kusuma,
Bale nata (5) rondon pari,(6)
Paran margane wak mami,
Kepiting kang sobeng rawa (7)
Nguswaraganta wong ayu.

Batangane cangkriman ing dhuwur :


1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.

Bathara Endra = nendra.


Sapi = kaepi.
Pangan = panggya
Ngendika = andika
Pagelaran = paran
Dami = wak mami.
Yuyu = wong ayu.

(Sumber : http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/2011/03/wangsalan-sinawung-ing-tembang.html)

MATURSUWUN !

You might also like