You are on page 1of 5

PEPINDHAN

KELOMPOK 5 :
Afftario Fauqa (03)
Kezia Handari P(14)
Rifki Ardansyah(21)
Ulil Hikmah F. (27)
MIA 7.4

PANGERTOSAN PEPINDHAN
Pepindhan inggih punika unen-unen ingkang nyebutaken samubarang
kanthi dipindhanaken. Lumrahipun pepindhan ngengge tumbung: kaya,
pindha, lir, kadya, lan sapanunggalanipun. (sumber:
http://jv.wikipedia.org/wiki/Pepindhan)

TULADHANIPUN PEPINDHAN INGGIH PUNIKA:


Dedege ngringin sungsang

Tegesipun inggih punika: Amargi dedegipun gedhe dhuwur, ngantos disamiaken


kaliyan wit ringin ingkang gedhe dhuwur.
Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton

Tegesipun inggih punika: Amargi ireng kaliyan ireng menawi kumpul dados
setunggal punika sami kaliyan wulunipun gagak ingkang werni ireng.
Jogede mucang kanginan

Tegesipun inggih punika: Amargi joged mboten karuan ngantos disamiaken


mucang ingkan kanginan
Padhange kaya rina

Tegesipun inggih punika: Amargi padang sanget ngantos disamiaken kaliyan


rina ingkang padang

Rikate kaya angin

Tegesipun inggih punika: Amargi cepet sanget utawi rikat sanget gerakanipun,
ngantos disamiaken kaliyan angina.
Wangsulane saur manuk

Tegesipun inggih punika: Amargi mangsuli saut-sautan utawi mboten setunggalsetunggal mangsuli, ngantos disamiaken kaliyan sauripun manuk ingkang sautsautan.
(Sumber: Palupi Basa Jawi Hal. 94)

DUDUTAN
Pepindhan punika saged diagem nalika ngendikan kaliyan tiyang ingkang
sakmandapipun utawi sapadan. Pepindhan punika dipunagem kangge
bandingaken tiyang utawi barang kaliyan kewan utawi barang ing sakperginipun
manungsa ingkang sami sifat utawi kelakuanipun kados wangsulane saur
manuk. Tegesipun inggih punika, amargi mangsuli saut-sautan utawi mboten
setunggal-setunggal mangsuli, ngantos disamiaken kaliyan sauripun manuk
ingkang saut-sautan.

You might also like