You are on page 1of 11

Tembang

Pocung
Aprillia Dwi
Hana Wida
M. Azza Ulin
Rabieta Akmalia
Yunia Eka
Z.Zayyina

(1)
Ngelmu iku
Kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur
angkara

Tegese:
Tiyang ingkang pados ngelmu
menika kedah mawi lelaku.
Kedah dipunlakokaken kanthi
sayektos saged pikantuk
kasantosan lan nyingkiraken
angkara murka.

(2)
Angkara gung
Ning angga agung gumulung
Gegolongan nira
Triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi
rubeda

Tegese:
Pola angkara murka ingkang
ageng, wonten diri ingkang saya
kathah, jumbuh kaliyan
golonganipun, jangkauanipun,
inggih alam semesta ingkang
menawi mboten dipun kekang
dados malapetaka.

(3)
Beda lamun kang wus sengsem
Reh ngasamun
Semune ngaksama
Sesamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi
martatama

Tegese:
Benten kaliyan ingkng sampun
biasa kaliyan gesang ingkang
sepi.
Saking pasuryanipun ketingal
gampil paring pangapura
dhateng ingkang gadhah
kalepatan, mboten grusa-grusu,
sabar, lan loma.

(4)
Taman limut
Durgameng tyas kang weh limput
Karem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda saardi
pengira

Tegese:
Mboten kagoda punapa kemawon
alangan wonten salebeting manah
ingkang saged njalari khilaf.
Amarga sampun nggadhahi
luhuring budi,awit saking
berkahipun Gusti, berkah ingkang
sanget angengipun.

(5)
Yeku patut tinulat tulat tinurut
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi diri
Rapal makna

Tegese :
Kados mekaten menika pantes
dipun tuladhani, ampun kados
wekdal sakmenika.
Kathah pemudha ingkang
gumede, nanging mboten paham
makna.

You might also like